Pamenging gendul plastik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Pamenging gendul plastik ya iku upaya kanggo wujudaké Indonesia Bersih kang dianaké déning Kementerian Lingkungan Hidup lan Kehutanan kanggo ngetrepaké aturan nasional babagan ngolah uwuh. Upaya iki dianakaké nalika 21 Fèbruari 2019. Ancas rèngrèngan iki kanggo ngurangi uwuh plastik ing masarakat. Aturan iki diwiwiti ing sawnèh yeyasan lan kantor dhinas ing Indonésia, kaya ta kutha Banjarmasin, kutha Balikpapan, kutha Bogor, Kabupatèn Florès Wétan, Provinsi Bali, Kamentrian Lingkungan Hidup lan Kautanan, lan Kamentrian Risèt, Tèknologi, lan Pawiyatan Luhur Rèpublik Indonesia. Ing taun 2015, salah sawijining profesor saka Universitas Georgia, Dr. Jennna Jambeck, babar jurnal élmiah nyebutaké Indonésia minangka nyumbang uwuh plastik menyang segara gedhé dhéwé kaloro ing donya.[1]

Dhasar ukum[besut | besut sumber]

Kumpulan botol plastik banyu mineral. Botol plastik biyasané digawé saka PET (polyethylene terephthalate)

Dhasar ukum kanggo ngecaké kagiyatan iki nganggo Undhang-undhang nomor 18 tahun 2018, ya iku njlèntrèhaké babagan kanggo ngemunah uwuh. Ing undhang-undhang iku dijlèntrèhaké menawa kagiyatan ngemunah uwuh dumadi saka ngurangi gunggungé uwuh, nambahi labèl kanggo ngemunah uwuh, milah sampah.[2]

Bupati Florès Wétan, Nusa Tenggara Wétan ngetokaké aturan lumantar Peraturan Bupati (Perbup) No. 043/2019 kang njlèntrèhaké babagan ngurangi nggunakaké produk kang bahané plastik. Perbup iki duwéni ancas njaga lestariné fungsi lingkungan, njamin kasehatan, njamin kaslametan, njamin kauripan masarakat saka anceman pancemaran lan utawa karusakan lingkungan saka nggunakaké produk bahan plastik ing padinan. Saliyané iku, ancas saka aturan iki ya iku njamin perlindhungan hak marang lingkungan hayati kang apik lan séhat marang masarakat. [3]

Jinis gendul kang dipenging[besut | besut sumber]

Salah sawijing gendul plastik kang dipenging ya iku digawé saka PET (Polyethylene Terephthalate). Bahan iki lumrahé kanggo gawé wadhah kanggo panganan lan ombé. Arep kabèh gendul banyu mineral kagawé saka PET. Alesan gendul plastik kagawé saka PET ya iku praktis lan kejaga karesikané (higienis). Menawa gendul PET digunakaké terus-terusan nyebabaké partikel saka plastik melu kaombé lan baktèri gampang ngrembaka. Mula diprayogakaké gendul plastik dinggo namung pisan, lan diolah manèh (daur ulang). [4]

Kagiyatan[besut | besut sumber]

Dhispènser banyu kang dinggo ngombé kang kapasang ing sawijining ruwang

Kagiyatan kanggo nyengkuyung tumindaké rèngrèngan iki kaya ta:[5]

  1. Ora nganggo wadhah banyu ombé kang saka plastik lan/utawa kantong plastik namung pisan kanggoné.
  2. Saben nindakaké pasamuan, sosialisasi, gladhèn, lan kagiyatan sakpadané ing kantor ora nganggo piranti bungkus panganan/ wadhah ombé kang saka plastik.
  3. Nyediani dispènser banyu ombé lan lan gelas kanggo ngombé ing saben papan pagawéyan/ ruwang pasamuan/ ruwang wawanrembug/ aula.
  4. Saben kantin ora ngedol panganan kang bungkusé nganggo plastik, diprayogakaké nganggo bahan organik utawa gampang ngudhal ing alam.
  5. Ngurangi nganggo spanduk, backdrop, baliho, medhia pariwara liyané kang bahané saka plastik kanggo kagiyatan pasamuan, sosialisasi, gladhèn, lan kagiyatan sapadané.
  6. Pimpinan lan klompok pagawéyan nindakaké pangawasan marang papan pagawéyané dhéwé-dhéwé kanggo ngetrepaké aturan kanggo wurungaké péhak njaba nggawa gendul plastik banyu ombé namung pisan kanggoné lan/utawa kantong plastik.
  7. Pimpinan klompok pagawéyan mènèhi pamrayoga supaya ora nganggo gendul plastik banyu ombé namung pisan kanggoné lan/utawa plastik.

Tanggapan[besut | besut sumber]

Aturan iki nemoni sawenèh tanggapan. Forum Lintas Asosiasi Industri dan Penggunaan Plastik (FLAIPP) njelèntrèhaké menawa aturan iki ora nuju marang sasaran, mula nyebabaké kagangguné kerja ing indhustri, papan pagawéyan, lan asilé negara. Wakil saka Asosiasi Pengusaha Indonésia (Apindo), Rachmat Hidayat njlèntrèhaké menawa ing indhustri panganan, ombénan, farmasi, lenga, lan kimiya ora bisa dipisahké saka wadhah (kemasan). Menawa kemasan dipenging, mula nyebabaké dhistribusi prodhuk-produk iku kaganggu. Diprayogakaké menawa prodhuk-prodhuk iku luwih apik diawasi déning lembaga utawa dhinas dhéwé-dhéwé. Contoné prodhuk panganan, ombénan, lan farmasi diawasi déning BPOM (Badan Pengawas Obat dan Minuman) lan Kementrian Kesehatan. Saliyané iku, prodhuk pèstisida uga diawasi déning Kementrian Lingkungan Hidup lan Kesehatan. Diprayogakaké ngemunah sistem sampah ketimbang menging sampah plastik. Asil panalitèn saka Kementrian Lingkungan Hidup dan Kehutanan (KLHK), Institut Teknologi Bandung (ITB), lan Solid Waste Indonesia (SWI) nerangaké marang anggo-manèh (daur ulang) prodhuk plastik, Indonésia wis ngecakaké 62% anggo-manèh botol plastik, saliyané iku Amérikah Sarékat 29% lan rata-rata Éropa 48%. Menawa program pamenging iki terus ditindakaké nyebabaké mudhuné ékonomi Indonésia, amarga indhustri anggo-manèh plastik iku nyumbang arep 20% marang Prodhuk Dhomèstik Dudu Migas. Menawa indhustri iki kaganggu, nyebabaké lapangan pagawéyan dadi kaganggu. Miturut Institute for Development of Economics and Finance (Indef) dan BPS 2015, mudhuné indhustri panganan lan ombénan 1,76% nyebabaké mudhuné asil negara Rp 6,79 triliun. [6][4]

Pakar Polimer saka ITB, Dr. Ahmad Zainal Abidin ing acara wawanrembug Potensi dan Pengelolaan Sampah Plastik kang diadani déning Komunitas Plastik Untuk Kebaikan (KPUK) ing Jakarta 19 Novèmber 2019, ngomong menawa pamenging gendul plastik iku aturan kang klèru. Alesané amarga bisa ngilangaké potènsi ékonomi kang gedhé banget, matèni indhustri botol, lan ngilangaké papan pagawéyan yutanan wong. Mupangat ékonomi saka gendul PET bisa diolah manèh nganti ping 50, mula bisa ngirit bahan baku kanggo gawé gendul plastik. Gendul PET iku bisa diolah dadi 100 persèn dadi barang kang duwé aji, mula perlu ora wigati menawa anané pamenging utawa ngwatesi gendul plastik. Apa sing dijlèntrèhaké Ahmad Zainal Abidin iku disengkuyung déning Pris Poly Lengkong, Ketua Ikatan Pemulung Indonesia (IPI), ya iku ajiné sacara dodolan lan ékonomi saka gendul PET dhuwur. Akèh wong kang kabiyantu amarga ngemunah gendul plastik. Pamaréntah Indonésia nduwéni tékad kanggo ngurangi uwuh plastik menyang segara 70 persèn ing taun 2025, mula ngemunah uwuh plastik kanthi anggo manèh (daur ulang) dadi salah sawijining cara kang wigati kanggo ngurangi uwuh plastik. Salah sawijining cara sing kudu dikembangaké yaiku ngtrepaké sistem kemunah Circular Economy (ékonomi kanthi muter). Sistem kemunah iki kaya gawé siklus gunakaké plastik tanpa wusanani ing papan pangumpulan sampah, nanging bisa dibalèkké ing wujud liyané kaya ta bahan anggo manèh, listrik, bahan bakar, lan nafta. Saka acara iku diancaské supaya uwuh plastik ora mung ditumpuk dadi uwuh, nanging dadi barang kang duwé aji kang luwih.[4]

Saliyané iku, Dhirèktur Amnesty International Indonesia, Usman Hamid, ora sarujuk menawa pamenging gendul plastik digayutaké marang mlanggar hak asasi wong mayeng lan para pegawé daur ulang kanggo éntuk urip sing apaik. Nurut panemuné aturan pamenging kanggo uwuh plastik iku kuwajiban negara kanggo njamin hak lingkungan hayati supaya luwih apik lan séhat. Dhuwur orané asil korporasi iku perbawané faktor munggah mudhuné pasar, mula samubarang iku dudu pérangan saka hak asasi manungsa kang kudu dijamin negara. Nurut Ni Wayan Ani Yulinda, salah sawijining pangyasa PlasticDetox Bali lan Manajer ing Yeyasan Gelombang Udara Segar Bali.njlèntrèhaké menawa supermarket, restoran, toko cilik lan toko gedé ora nganggo wadhah krèsèk wiwit sadurungé aturan iku ditindakaké lan wiwit nyedhiani kriya lokal kaya ta kranjang, sedhotan pring, lan godhong gedhang kanggo bungkus panganan. Amarga kaya pasisir Kuta akèh uwuh-uwuh kang ora nggoné panggoné.[7]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Pelarangan Plastik Sekali Pakai di Indonesia: Bukti Nyata Implementasi". AZWI (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-03-23.
  2. "Undang-Undang Nomor 18 Tahun 2008". hukumonline.com/pusatdata (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-02-11.
  3. "Bupati Flores Timur Keluarkan Peraturan Larangan Botol Plastik Kemasan. Kenapa?". Mongabay Environmental News (ing basa Inggris). 2019-10-23. Dibukak ing 2020-03-01.
  4. a b c BeritaSatu.com. "Pakar Nilai Larangan Botol Plastik Sebagai Kebijakan Keliru". beritasatu.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-03-01.
  5. "Instruksi Menristekdikti RI tentang Larangan Penggunaan Kemasan Air Minum Berbahan Sekali Pakai dan/atau Kantong Plastik di Lingkungan Kemenristekdikti".
  6. "Pelaku Industri Tolak Larangan Penggunaan Plastik Kemasan - Katadata.co.id". katadata.co.id (ing basa Indonesia). 2019-07-10. Dibukak ing 2020-03-01.
  7. "Pelarangan Plastik Sekali Pakai di Indonesia: Bukti Nyata Implementasi". AZWI (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-03-23.