Menyang kontèn

Pakolèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ing akuntansi, pakolèh utawa pandapatan yaiku gunggungé pikantuk (penghasilan) asil adol barang lan leladi saka lumakuné usaha. [1]Pakolèh uga bisa ateges asil pangedol utawa pikantuk kasar (omzet). Sawetara parusahan nampa pakolèh saka suku bungah, royalti, lan beya-beya liyané. “Pakoleh” bisa ateges pikantuk sacara umum utawa bisa uga ateges gunggungé pikantuk ing ékan (satuan) artacihna tartamtu, nalika periode mangsa tartamtu, kaya “Taun kapungkur, parusahan X nampa pakolèh cacahé $42 yuta.” Ing lapuran bathi rugi, umumé pakolèh mapan ing urutan paling ndhuwur. Déné urutan paling ngisor mapan bathi utawa pikantuk pokok sing kaitung saka pakolèh dilong gunggungé wragad sing diwetokaké.

Ing panganggo umum, pakolèh yaiku kabehing cacah pikantuk asil adoling barang utawa leladi sing lumaku saka sawijiné usaha. Pakolèh pangedol yaiku pikantuk asil adol barang utawa leladi ing sawijiné periode mangsa. Pakolèh pajeg yaiku pikantuking pangrèh luhur (pemerintah) sing ditampa saka narapajeg (wajib pajak). Pakolèh pangumplukan dana (penggalangan dana) yaiku pikantuk sing ditampa saka darmawan (donatur) minangka pasumbang kanggo ancas sosial.

Ing panganggo luwih resmi, pakolèh yaiku rèkenan utawa pangudakara (estimasi) pikantuk adhedhasar bebakuning tata akuntansi tartamtu utawa paugeran sing kapatrap dening pangrèh luhur. Rong paricara (metode) sing paling lumrah yaiku akuntansi birid kontan (cash based accounting) lan akuntansi birid akrual ( accrual based accounting). Parusahaan sing adol saham marang bebrayan kajibah dening ukum kanggo nggawé lapuran pakolèh birid paugeran akuntansi sing disarujuk utawa miturut Bebakon Palapuran Yeyatran Nagarantara (International Financial Reporting Standards).

Sajroning tata pambukonan rangkep pindho (double-entry bookkeeping system), akun pakolèh yaiku akun-akun buku pokok (general ledger) sing kanthi makala diringkes lan diarani “pakolèh” jroning lapuran bathi rugi. Jeneng-jeneng akun pakolèh njlèntrèhaké saka ngendi pakolèh kasebut ditampa. Kaya pakolèh sewa, pakolèh suku bungah, utawa pakolèh pangedol. Jroning cecathetan jurnal utawa ing buku pokok, pakolèh cinathet minangka krédhit. Déné kontan, pakolèh deferal, lan piutang cinathet minangka debit.

  1. Wolk, Harry I.; Dodd, James L.; Rozycki, John J. (2008). Wolk, Harry I. (èd.). Accounting Theory: Conceptual Issues in a Political and Economic Environment, Volume 2. Sage library in accounting and finance (édhisi ka-7). Los Angeles: Sage. kc. 383. ISBN 9781412953450. Diarsip saka sing asli ing 10 February 2023. Dibukak ing 16 November 2020.