Pakistan International Airlines Corporation
| Pakistan International Airlines پاکستان انٹرنیشنل ایئر لائنز | |||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| |||||||
| Didegaké | 1946 (sebagai Orient Airways) | ||||||
| Hub | Papan Anggegana Internasional Jinnah
(Karachi) | ||||||
| Hub sekunder | (Lahore) (Islamabad) | ||||||
| Kutha fokus | |||||||
| Program frequent flyer | PIA Awards Plus+ | ||||||
| Anak perusahaan |
| ||||||
| Ukuran armada | 40 | ||||||
| Kutha tujuan | 60 incl.cargo | ||||||
| Perusahaan induk | Pamaréntah Pakistan (Kamentrian Pertahanan Pakistan) | ||||||
| Slogan perusahaan | "Great People to Fly With"
"Come Fly With Us" | ||||||
| Kantor pusat | [[Papan Anggegana Internasional | ||||||
| Wong wigati | |||||||
| Situs web | www.piac.com.pk | ||||||
Pakistan International Airlines Corporation (Basa Urdu: پاکستان بین الاقوامی ایئر لائنز), langkung misuwur kanthi cekakan PIA, inggih punika maskapé pamiberan nasional Pakistan.[2] Papan Anggegana ingkang utami inggih punika Papan Anggegana Internasional Jinnah ing Karachi, Papan Anggegana Internasional Allama Iqbal ing Lahoré, lan Papan Anggegana Internasional Islamabad ing Islamabad /Rawalpindi.[2] PIA kalebet maskapé bintang tiga (kanthi kinerja ingkang saé) déning Skytrax, satunggalipun organisasi resmi ingkang neliti lan mbiji kualitas maskapé lan papan anggegana.[3]

Pakistan International Airlines sampun wonten wiwit Pakistan déréng dados nagari.[4] Ing taun 1946, Muhammad Ali Jinnah gadhah pamanggih bab awratipun gadhah jaringan maskapé penerbangan ing usaha damel madheging nagari.[4] Panjenenganipun lajeng nyuwun pambiyantunipun Mirza Ahmad Ispahani, tiyang industrialis ingkang sampun pengalaman.[4]
Nalika tanggal 23 Oktober 1946, Orient Airways dipundamel kanthi punjeripun ing Kalkuta.[4] Maskapé punika miwiti layanan miber ing wulan Juni 1947 kanthi rute Sittwe lan Rangon, kanthi montor miber Douglas DC-3.[4] Kalih wulan salajengipun, nagari Pakistan jumeneng, lan punjeripun dipun-gantos saking Kalkuta dipun-gantos dados ing Karachi.[4] Nalika 11 Maret 1955, Orient Airways ndhérék nggabung kaliyan paskapai pamiberan ingkang sampun dipunrencanakaken déning pamaréntah lan salajengipun dados Pakistan International Airlines Corporation.[4]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ "Annual Report 2006 (Part-I)" (PDF). Pakistan International Airlines. 2007-04-03. Dibukak ing 2007-08-14.
- 1 2 Contact Us dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ↑ The World's official 3-Star Airlines™ – SKYTRAX dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 About PIA – History dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |