Pagunungan Ural

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pagunungan Ural, kerep mau kalih Ural utawa (Pagunungan Riphean) ing basa Greco-Roman, iku barisan rante pagunungan ingkang njalar wonten pérangan lor lan kidul nglewati pérangan kulon Ruslan. Pagunungan Ural iku salah sijiné saka barisan pagunungan kangg tuwa dhéwé lan isih katahan. Kabentuk ing akir saka periode Carboniferous, nalika sewijininh bawana kang wonten ing Siberia tabrakan karo bawana super kang duwé lemah gedhé dhéwé nalika iku: kombinasi saka Laurasia (Éropa lan Amérika Lor) karo Gondwana. Éropa lan Siberia tetep ana nempel bareng nalika iku. Yekaterinburg miturut ora langsung iku kutha krajan saka pagunungan Ural (ngakui dhéwé), lan sanajan Ural iku jeneng géografis, iku boten jeneng administratif.

Géografi[besut | besut sumber]

Ahli géografi sampun mbagi Ural dadi lima pérangan: Kidul, Tengah, Lor, Subartik, lan Ural Artik. Pagunungan ural dhawane 2500 km saka Kazakh nganti bates lor Kazakhstan ning pasisir samudera Artik. Pulo Novaya Zemlya mbentuk sambungan anyar saka rante pagunungan mau. Miturut géografis, barisan iki tanda wates lor antara Asia lan Éropa ing bawana Eurasia. Pagunungan Ural duwé puncak paling dhuwur Gunung Narodnaya (Poznurr, 1895 m).

Asil Bumi[besut | besut sumber]

Erosi marake akèhé kekayaan barang tambang lan mineral ning pagunungan iku, kalebu watu mulia kaya topaz lan beryl. Pagunungan Ural duwé akèh kandhutan emas lan platinum.

Alas[besut | besut sumber]

Alas Komi sing durung kajamah wonten ing pérangan lor pagunungan mau lan dadi péranganing World Heritage Site utawa Warisan Donya.