Padmasoesastra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Ki Padmasoesastra iku pujangga, nimpuna ing basa lan budaya Jawa, saha juru warta, kang karan salah siji wong wigati ing sastra Jawa.

Biografi[besut | besut sumber]

Padmasoesastra lair ing Kampung Sratèn, Surakarta, Jum'at Pon tanggal 21 Mulud taun Alip 1771 (21 April 1843)[1]. Asma wiyosané iku Suwardi. Bapaké asma Ngabèhi Bangsajuda. Saka urutan leluhure, Ki Padmasusatra kalebu turune Panembahan Senapati, yaiku Panembahan Senapati puputra Nyai Tumenggung Mayang, terus Kyai Tumenggung Wiraguna, Kyai Onggayuda, Kenthol Bangsatruna; Kyai Bangsayuda panglawe dhusun Ngaran, Kyai Ngabèi Bangsayuda, lajeng Ngabèi Sindupradja panèwu gedhong kiwa, Ngabèi Kartadirana, salin nama Ngabèi Bangsajuda inggih punika ingkang nurunaken Ki Padmasusastra.[2]

Kawit cilik Suwardi wis kacetha minangka anak kang lantip, mula kawit yuswa 9 taun dadi bocah magang ing Kasunanan Surakarta, kang uga minangka papan pakaryané bapaké. Nalika umuré 6 taun Padmasoesastra wis pinter nulis lan maca Jawa lan Latin kaya déné wong diwasa. Nalika umuré 18 panjenengané didadèkaké mantri sadana[3].

Padmasoesastra didhaupaké karo Nyai Boging lan patutan lanang loro, Radèn Tumenggung Mangoendipoera lan R. Ng. Djajakartika. Sanajan nalika iku wayuh lumrah ing Jawa, Suwardi malah nulak krama manèh.

Sawisé didadèkaké mantri sadana kariré tansaya mundhak nganti didadèkaké panewu jaksa sepuh kanthi sesebutan Mas Ngabèhi Kartipradata. Mangkonoa, nalika umur 42[2] panjenengané dilèrènaké saka punggawa kraton amarga kasangkut ing kasus utang-piutang karo rèntenir Cina. Sawisé kadadéan iku Padmasoesastra wis ora ana gegayutané manèh karo kraton lan nganggep dhiri minangka wong mardika. Buku-buku tulisane sawise lereh saka abdi dalem iki ditulis katrangan "dening Ki Padmasusastra, Wong mardika kang amarsudi kasusastran Jawa Ing Surakarta".

Ing taun 1883 panjenengané ditari Van der Pant dadi carik ing Gymnasium Koning Willem III ing Jakarta lan panjenengané nrima. Ing taun 1890-1891 panjenengané tindak menyang Walanda diundang déning De Nooy, banjur kondur ing Surakarta nanging banjur tindak manèh menyang Betawi. Ing taun 1899 nalika Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV yasa Radya Pustaka Padmasusastra kaangkat dadi abdi dalem maneh pangkat mantri kanthi sesebutan Ngabei Wirapustaka. Ing taun 1920 diundhakaké dadi panemu garap ing Kantor Pamor Praja lan diwènèhi sesebutan Ngabei Prajapustaka. Patang taun banjur panjenengané pensiun.

Padmasoesastra séda ing Sênèn Wage tanggal 17 Rêjêb taun Be 1856 utawa tanggal 1 Pèbruari 1926 yuswa 85 taun jawa.[2] Sadurung séda panjenengané nyuwun disarékaké ana ing jejeré bojoné ing pasaréan Kebonlayu.

Karya[besut | besut sumber]

Nalika nyambut gawé bareng Van der Pant, Padmasoesastra ngowahi lan ndandani karya gancaran Bok Randha Gunawacana karyané Surjawidjaja lan maringi sesirah anyar Serat Durcara Arja kang kababar ing taun 1886. Ing nagara Walanda panjenengané nulis Serat Urapsari kang ngemu tuladha wawan guneman, guneman padinan, dalah katerangan babagan unggah-ungguh basa Jawa, uga ngroncé pratélan tetembungan basa Jawa.

Nalika ing Radya Pustaka panjenengané mbesut ariwarta Sasadara lan Candrakanta lan mbabar Waradarma.

Padmasoesastra tau nyerat akèh karya sastra kang isiné manéka werna. Contoné Sejarah Surakarta tuwin Ngayogyakarta (1909), Nitik Keraton Surakarta (1912), dongèng Serat Kancil tanpa Sekar (1909), roman Serat Rangsang Tuhan (1912, 1922, 1960, lan 1985), roman Serat Prabangkara (1912), lan roman Serat Kandha Bumi (1924).

Saliyané sastra akèh uga karyané bab kawruh basa. Contoné Serat Tatacara (1907, 1911, 1980, 1983) lan Serat Hariwarta (1916). Ana uga karyané mawa irah-irahan bab subasita lan unggah-ungguh: Serat Piwulang Becik (1911), Serat Subasita (1914), Serat Madu Wasita (1918), lan Serat Erang-Erang (1922).

Padmasoesastra uga ngumpulaké lan mababar karyané juru nulis liya, kaya ta Baletri (1900) lan Burat Wangi (1907).

Akèh karyané Padmasoesastra kang dadi jujugan manéka juru nulis ing tembé lan akèh muridé kang dadi nimpuna ing sastra saha juru nulis. Contoné R.P. Partahardja, Wignjahardja, Martadarsana, lan Jie Siang Ling.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. IMAM SUPARDI. "Ki Padmasusastra, Supardi, 1961". 
  2. a b c Java Instituut. "Pusaka Jawi". 
  3. Widati, Sri (2015). Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta. ISBN 9789791852357.