Menyang kontèn

Omah Tègel LZ

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pabrik Tegel LZ
Dikukuhaké1903
PernahUntung Suropati No.84, Mahbong, Karangturi, Kec. Lasem, Kabupaten Rembang, Jawa Tengah

Omah Tègel LZ utawa Tegelfabriek 'Lasem' Lie Thiam Kwie yaiku salah sawijining pabrik tegel kang kondhang ing tlatah Lasem. LZ kuwi minangka singkatan saka Leipzig utawa merek cithakan kang dianggo nyithak tegel ana ing pabrik kuwi kang digawe saka Leipzig, Jerman. [1] Papan panggonan pabrik tegel iki mapan ing omah Lie Thiam Kwie kang duweni omah modhel Indisch-Empire. Omah tegel LZ mapan ana ing dalan Untung Suropati No.84, Mahbong, Karangturi, Kec. Lasem, Kabupaten Rembang, Jawa Tengah. [1]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Omah tegel dhisike minangka pabrik gendhèng ing kutha Lasem. Dagangane ndhisik kasebar ing Rembang, Juwana, Pathi, Blora, Surabaya, Semarang, Kudus, lan kutha-kutha liyane. [2] Pabrik gendhèng iku duweni mesin press hidrolik kang diimpor langsung saka Leipzig, Jerman. Amarga mesin kuwi banjur dadi jeneng merek pabrik Lie Thiam Kwie dadi pabrik tegel LZ (Leipzig). [2]

Pranala jaba

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Karya Sastra Kasih Tak Sampai Berlatar Pabrik Tegel di Tepian Jalan Raya Pos - Semua Halaman - National Geographic". nationalgeographic.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  2. 1 2 "HOME". Rumah Tegel (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-01-20.