Olga Syahputra
| Olga Syahputra | |
|---|---|
| Lair | Yoga Syahputra 8 Fèbruari 1983 Jakarta, Indonesia |
| Pati | 27 Maret 2015 (umur 32) Singapura |
| Bangsa | Indonesia |
| Jeneng liya | Olga Syahputra |
| Pakaryan | ArtisPresenterPelawak |
| Taun aktif | 1998 - 2015 |
| Pasangan | Billy Syahputra (adik) |
| Wong tuwa | Nur Rahman (ayah) Nurshida (ibu) |
Yoga Syahputra utawa kang dikenal kanthi jeneng Olga Syahputra (lair ing Jakarta, 8 Fèbruari 1983 – pati ing Singapura, 27 Maret 2015 ing umur 32 taun) ya iku salah sijiné aktor, pelawak, lan presenter kang asalé saka Indonesia.[1] Olga Syahputra kerep main peran dadi waria. Nanging Olga Syahputra ora gelem yèn dhèwèké diarani nduwéni kelainan seks.[1]
Karir
[besut | besut sumber]Olga Syahputra iku anak pambarep saka pitu sadulur.[2] Dhèwèké keturunan Padang-Jawa. Olga Syahputra anak saka pasangan Nur Rachman lan Nurhida.[2] Olga Syahputra nduwéni kasenengan njaluk tandhatangan lan foto bareng karo idholané. Saya suwé Olga Syahputra ditawani main ing filem Lenong Bocah.[2] Sadurungé main ing Lenong Bocah, Olga Syahputra kudu gladhen dhisik ingSanggar Ananda.[2] Amarga ora nduwé dhuwit, Olga banjur adol kulkas supaya bisa mbayar kursus ing Sanggar Ananda.[2] Kanca raketé Olga Syahputra kang jenengé Bertrand Antolin banjur rumangsa mesaké lan nukokaké kulkas anyar kanggo Olga Syahputra.[2]
Nalika isih aktif gladhen ing Sanggar Ananda, Olga Syahputra uga kerep mèlu syuting sanajan mung dadi peran pembantu. Olga Syahputra uga tau dadi asisten penyanyi kang jenengé Rita Sugiarto.[3] Sawisé Olga Syahputra main ing sinétron Kawin Gantung lan Si Yoyo, Olga Syahputra dadi presenter Ngidam ing SCTV. Olga Syahputra dadi presenter karo Jeremy Thomas.[3] Olga uga bisa nglawak ing acara komedi Jangan Cium Gue lan Extravanganza ABG.[3] Nalika nggabung karo Extravanganza ABG ing taun 2005, jeneng Olga Syahputra wiwit dikenal.[3] Jenéng Olga Syahputra banjur misuwur nalika lumebu taun 2007.[3] Nalika iku Olga Syahputra nggabung karo Indra Bekti lan Indy Barends ing acara Ceriwis kang disiyaraké ing Trans TV.[3]
Bebungah
[besut | besut sumber]| Tahun | Penghargaan | Kategori | Hasil |
|---|---|---|---|
| 2009 | Panasonic Awards 2009 | Presenter Musik Variety Show Terfavorit | Menang |
| Pelawak Terfavorit | Menang | ||
| Indonésia Kids Choice Awards 2009 | Pembawa Acara Favorit | Menang | |
| 2010 | Panasonic Gobel Awards 2010 | Presenter Musik Variety Show Terfavorit | Menang |
| Pelawak Terfavorit | Menang | ||
| Presenter Talk Show Terfavorit | Nominasi | ||
| Indonésia Kids Choice Awards 2010 | Pembawa Acara Favorit | Nominasi | |
| 2011 | Panasonic Gobel Awards 2011 | Presenter Musik Variety Show Terfavorit | Menang |
| Indonésia Kids Choice Awards 2011 | Pembawa Acara Favorit | Menang | |
| Komedian Favorit | Nominasi | ||
| 2012 | Panasonic Gobel Awards 2012 | Presenter Talent Show Terfavorit | Menang |
| Indonésia Kids Choice Awards 2012 | Komedian Favorit | Nominasi | |
| 2013 | Panasonic Gobel Awards 2013 | Pelawak Terfavorit | Menang |
| Indonésia Kids Choice Awards 2013 | Komedian Favorit | Nominasi | |
| 2014 | Panasonic Gobel Awards 2014 | Pelawak Terfavorit | Nominasi |
| Presenter Program Hiburan Terfavorit | Nominasi | ||
| YKS Romantic Award 2014 | Artis Tergubrak | Menang | |
| Artis Terbuai | Menang | ||
| Global Seru Awards 2014 | Komedian Paling Seru | Nominasi | |
| Indonésia Kids Choice Awards 2014 | Komedian Favorit | Nominasi |
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b Olga Syahputra Disangka Bencong Beneran sctv.co.id Archived 2008-05-30 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f Profil di Krosceknews.com(dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f Olga Syahputra, Modal Sok Akrab(dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |