Odyssey
Odyssey (/ˈɒdɪsi/;[1] Ancient Greek: Ὀδύσσεια, romanized: Odýsseia)[2] minangka salah satunggaling wiracarita ageng saking Sastra Yunani kina ingkang kagayutaken dhumateng Homerus. Karya punika minangka salah satunggaling karya sastra paling sepuh ingkang taksih lestari sarta tetep misuwur ing kalangipun pamirsa modhèren. Kados déné Iliad, Odyssey kaperang dados 24 buku. Wiracarita punika nyariyosaken lampahipun narendra pahlawan saking Ithaka, inggih punika Odiséus, ingkang ugi misuwur mawi asma wujud Latinipun, Ulysses, saha lampah wangsulipun sasampunipun Perang Troya ingkang kalampahan laminipun sedasa taun. Lampahipun saking Troya dumugi Ithaka mbetahaken wekdal tambahan malih sedasa taun, ing pundi ing wekdal samanten piyambakipun pinanggih kalihan kathah bebaya lan sedaya pandhèrèkipun palastra. Ing wekdal kicalanipun Odiséus ingkang dangu, piyambakipun dipunanggep sampun séda, nilaraken garwanipun Pénélopé lan putranipun Télémakhos ingkang kedah ngadhepi sapanunggalan palakrama ingkang murang tata kanggé ngrebutaken Pénélopé ing palakrama.
Odyssey sepisanan dipunanggit ing Basa Yunani Homerus udakara abad kaping 8 utawi kaping 7 SM; lan dumugi pertengahan abad kaping 6 SM, karya punika sampun dados perangan saking kanon sastra Yunani. Ing jaman kina, asmanipun Homerus minangka panggurit dipunanggep leres kasunyatanipun, nanging para sarjana modhèren limrahipun mastani bilih Iliad lan Odyssey dipunanggit kanthi piyambak-piyambak, minangka perangan saking tradhisi lésan ingkang dangu. Ngèngeti kathahing tiyang ingkang buta aksara, geguritan punika dipungelaraken ing sangajengipun pamirsa déning satunggaling Cithakan:Translit utawi panggurit keliling.
Tema-tema baku ing salebeting wiracarita kalebet gagasan babagan Cithakan:Translit (νόστος; 'wangsul', kondur ing marcapada), lelana, Cithakan:Translit (ξενία; 'pasedhèrèkan tamu'), pacobèn, lan sasmita. Para sarjana mirembag kaluwihan narasi saking klompok tartamtu ing salebeting geguritan, kados ta para wanita lan abdi, ingkang nggadhahi jejibahan langkung ageng tinimbang ing karya-karya sastra kina sanèsipun. Panggatosan punika mliginipun sanget gumunaken menawi dipuntandhingaken kalihan Iliad, ingkang munjeraken lampahing para prajurit lan narendra salebeting Perang Troya.
Odyssey dipunanggep minangka salah satunggaling karya ingkang mumpuni piyambak ing Kanon Kilèn. Tarjamahan basa Inggris kapisan saking Odyssey kalampahan ing abad kaping 16. Adhaptasi lan panggambaran ulang taksih terus dipunasilaken ing manéka warna médhiya kang wiyar. Ing taun 2018, nalika BBC Culture ngawontenaken jajak panemu saking para winasis ing saindenging donya kanggé madosi narasi sastra ingkang paling lestari, Odyssey manggèni urutan kapisan.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Cambridge Dictionary 2025.
- ↑ Cithakan:LSJ.Harper, Douglas. "odyssey". Online Etymology Dictionary.
- Harv and Sfn no-target errors
- Articles containing Ancient Greek (to 1453)-language text
- Odyssey
- Buku abad kaping 8 SM
- Geguritan abad kaping 8 SM
- Agami Yunani kina
- Siklus Wiracarita
- Geguritan ingkang dipunadhaptasi dados filem
- Buku dhomain umum
- Babi ing sastra
- Buku sambungan
- Sastra Perang Troya
- Athéna
- Geguritan epik
- Artikel ingkang ngandhut klip vidhéo