Nglajo



Nglajo yaiku lelungan bola-bali saka omah menyang papan nyambut gawé utawa papan wiyata ing ngendi wong sing nglakoni tumindak iki karan panglajo utawa komuter. [1] Kanthi teges luwih wiyar, kadhangkala tembung iki bisa uga kanggo tumindak lunga bola-bali menyang papan jujugan sing padha nanging ora gegayutan karo nyambut gawé. Cara lelunga, wektu sing diperlokaké, uga let lumaku menyang antar papan bisa séjé ing saben nagara. Lumrahé wong ing nagara-nagara kurang mapan isih mlaku kanggo njujug papan nyambut gawé. Cara lelunga murah dhéwé saliyané mlaku yaiku numpak sepédha. Mulané akeh wong ing nagara-nagara sing pangasilané sithik sepédhahan menyang jujugané. Nanging tumindak iki uga wiwit linakon ing nagara-nagara luwih mapan kanthi jalaran kasarasan awak, ngreksa kupengan urip, uga amarga wektu. Déné ing nagara-nagara sing pangasilané madya, nglajo nganggo sepédha montor luwih umum.
Tèknologi tetumpakan lajon sing digunakaké dening sawijiné nagara gumantung saka kahanan papané. Ing kutha sing ramé lan luwih lawas mliginé ing Eurasia, tetumpakan umum (kaya sepur, bis, lan liya-liyané) akèh dipiguna. Nalika ing kutha-kutha cilik, luwih enom, lan mliginé ing Amerika Lor lan Australasia, lelunga nganggo montor pribadhi luwih akèh ditepungi. Wong-wong sing sugih banget, lan wong-wong sing papan nyambut gawéné adoh-adoh ing donya, uga nglajo kanthi numpak montor mabur. Wong-wong iki asringé lunga kanthi suwé seminggu utawa luwih. Dudu lunga saben dina kaya nglajoné wong-wong biasa. Tata sambungé wahana-wahana tetumpakan kanggo nglajo mrabawa tata letak kutha uga laladan kiwa tengené. Bab iki sing marai wujud prabédan antarané pinggiran kutha sing umume omah-omah, lan pusat kutha sing luwih fokus ing ékonomi (prastawa iki asring karan urban spawrl utawa sumebaran kutha). Nanging tetembungan iki uga ndarbè teges séjé ing saben nagara. Ing Èurasia apa sing diarani "pinggiran kutha" umumé isih luwih ramé lan luwih padhet tinimbang "pusat kutha" ing Amerika Lor.
- ↑ "the definition of commuter". Dictionary.com. Dibukak ing 2018-02-04.