Naraguna:Rochani
Praèn
Marsudi Kawruh Basa
Sastrå adi, kinaryå bukaning kawruh
Wruh gunå ing båså, paråmåsastrå winardi
Kapisan kawruh basa ingkang utama
Kapindhoné , yèku kawruh titi tembung aksårå lan swårå, tetembungan kang tinulis kawi jarwå båså Jåwå bausastrå
kaping telu kawruh ukårå satuhu pandhapuk ukårå låmbå camboran pinilih Kaping catur ingaran wruh titisastrå
Sastrå tulis datan jangkep yèn tå lamun kawruh ing wacånå, minångkå jangkeping ngèlmi Unggah-ungguh båså traping subåsitå
Panjangkepé kawruh båså wernå telu Kasusastran Jawi, sengkalan lan tembang gendhing Rinumpåkå jroning båså padhalangan
Ngudhal ukårå piwulang adiluhung Jatidhiri bångså, tumraping wong tanah Jawi Kawruh baku ånå ing paråmåsastrå