Menyang kontèn

Naraguna:Ony3345

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lucas Ony

[besut | besut sumber]

Panjenenganipun punika satunggaling pamirsa budaya ingkang gadhah rasa prihatin ingkang jero dhumateng pelestarian lan pangembangan budaya lokal Kota Surakarta. Panjenenganipun ugi minangka tiyang ingkang remen sejarah, aktif ngarsipaken maneka warna kedadosan saha tradhisi lampahing jaman ing Kota Surakarta. Salajengipun, Ony makarya wonten ing babagan fotografi lan produksi musik minangka praktisi ingkang nyumbangaken kréasi seni visual saha audio, kalebet hak cipta ingkang ngemot hak moral, hak ekonomi, saha hak proteksi.

Ony punika salah satunggaling pangadeg Komunitas Reka Ulang Surakarta, inggih punika komunitas kanthi wangun open peer-based community ingkang fokus dhumateng pangembangan lan panyebaran isi Creative Commons wonten Wikipedia ingkang magepokan kaliyan ekonomi kreatif Kota Surakarta kanthi sesambetan dhumateng kegiyatan reka ulang. Lajeng lumantar komunitas tebuka punika, piyambakipun nyumbangaken dhumateng upaya sesarengan kanggé nglestantunaken sumber daya pendhidhikan lan budaya ingkang saged dipunakses kanthi bebas saha tebuka déning masyarakat ageng.