Menyang kontèn

Nacho Monréal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nacho Monréal
Monréal pemain klub Arsenal ing taun 2015
Katrangan priangga
Jeneng dawa Ignacio Monréal Eraso
Tanggal lair 26 Fèbruari 1986 (umur 40)
Papan lair Pamplona, Spanyol
Dhuwur 1.79 m (5 ft 10 in)[1]
Posisi main Bék
Katerangan klub
Tim saiki
Arsenal
Angka 18
Karir nom
Pamplona
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
2005–2006 Osasuna B 36 (3)
2006–2011 Osasuna 127 (3)
2011–2013 Málaga 45 (1)
2013– Arsenal 153 (3)
Karir tim nasional
2004–2005 Spanyol U19 4 (0)
2007–2009 Spanyol U21 9 (0)
2009– Spanyol 21 (1)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22:19, 22 December 2017 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 9 October 2017

Ignacio "Nacho" Monréal Eraso (pangucap cara Spanyol: [iɣˈnaθjo ˈnatʃo monreˈal eˈɾaso]; lair 26 Fèbruari 1986) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Spanyol ingkang main minangka bèg tengah ing Liga Primér Inggris klub Arsenal lan Tim Nasional Bal-balan Spanyol.[2]

Monréal punika salah satunggaling juru main dhidhikan Akadhemi CA Osasuna. Piyambakipun kalebet juru main ingkang gadhah tugas dados bèg tengah lan bèg kering.[3] Piyambakipun dados juru main andalan tim junior Ossasuna, amargi tugasipun ingkang mirunggan mandhegaken serangan mengsah lan saged maringaken umpan ingkang akurat kanggé peluang nyithak gol.[3] Ing mangsa 2005/2006, Nacho dipunpromosikaken saking tim junior dhateng tim utami Ossasuna B.[3] Ing tim punika Nacho ugi dados juru main ingkang penting.[3] Kacathet Nacho main ngantos ping 36 lan nyithak 3 gol kanggé Ossasuna B ing mangsa 2005/2006.[3] Kanthi grafik permainan ingkang minggah, pihak Ossasuna pungkasanipun mutusaken kanggé ndhaftaraken Nacho mlebet ing skuad inti Ossasuna kanggé mangsa kompetisi 2006/2007.[3] Nacho nindakaken pertandhingan dhebut ing Ossasuna nalika mengsah Valencia ing Mestalla ing La Liga.[3]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Player Profile: Nacho Monreal (dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)
  2. Nacho Monreal (dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)
  3. 1 2 3 4 5 6 7 Nacho Monreal Archived 2024-11-27 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)