Musiyum Ranggawarsita

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gambar para mahasiswa UNNES lagi ngayahi tugas sosial ing Museum Jawa Tengah Ranggawarsita
Pawon tradhisonal Jawa kolèksi Museum Ranggawarsita
Wayang Golèk Purwa kolèksi Museum Ranggawarsita

Musiyum Jawa Tengah Ranggawarsita ya iku musiyum kang ana ing tlatah Semarang.[1] Musiyum iki dumunung ing kalurahan Manyaran, kecamatan Semarang Kulon persis ana ing pojok bunderan Kalibantheng, ora adoh saka Papan Anggegana Internasional Ahmad Yani Semarang. Saiki Musiyum Jawa Tengah Ranggawarsita duwé koleksi kang cacahé 59.784.[2]

Kepala musiyum taun iki ya iku Puji Joharnoto.[3] Kepala Sub Bag Tata Usahane ya iku Bambang Sugiarto.[4] Kepala Seksi Pengkajian dan Pelestarian Musiyum Ranggawarsita ya iku Kussunartini.[5] Puji Suci Indah ya iku Kepala Seksi Pelayanan dan Tata Pameran ing Musiyum Ranggawarsita/[6]

Koleksi Museum[besut | besut sumber]

Musiyum Ranggawarsita duwèni koleksi kang didisplay ing gedung pameran, ya iku[7]:

  • Gedhung A1 (lante ngisor): Ruang Sajarah Alam

Ruang sajarah alam nampilake lukisan sajarah dumadinè cagar alam isiné ya iku koleksi watu-watu meteorit, grahana, gunung, watu-watu lan kéwan-kéwan kang diawetake

  • Gedhung A2 (lante dhuwur): Ruang Paleontologi

Nampilake fosil-fosil kéwan, wit-witan, lan manungsa kang akèhé tinemu ing laladan Sangiran, Sragen[7].

  • Gedhung B2 (lante dhuwur): mangsa tilas Islam lan mangsa peradaban Hindhu Buda

Koleksi kang dipamerake wujud situs-situs pamujan kaya ta menhir, dolmen, punden berundak,reca minangka pawujudane nenek moyang, nekara lan piranti upacara Reca-reca Hindhu asalé saka komplek Candhi Ngempar, kec. Pringapos, kab. Semarang Reca iku tinemu kanthi awujud wutuh dislametake ana ing Musiyum Ranggawarsita. Kayata reca Siwa, reca durga, reca Agastya, reca Ganesha lan prasasti

  • Gedhung B1 (lante ngisor): mangsa tilas Islam lan Mangsa Kolonial

Nampilake rerenggan terakota, ornamen Mantingan kang unik kanthi sulur-suluran wujud kembang, maket Masjid Demak lan Kudus Kaligrafi Ing gedung B1 uga ana poto kutha tuwané Semarang Semarang old cities, gedhong-gedhong tuwa tinggalane bangsa kolonialisme Walanda. Komplek kutha tuwa semarang kang kanthi seprene isih dilestarikake kaya ta Gréja Blendhuk, Stasiun Semarang Tawang, Kantor Pos Johar, Pasar Johar lan kabèh mau kang gawé semarang diarani Vanesia Van Java

  • Gedhung C1 (lante ngisor): mangsa perjuangan Bangsa

Koleksi kang paling narik kawigaten ya iku ruwang diorama. Ruang iku nampilake 8 prastawa sajarah kang ana gegayutane karo sajarah perjuangan bangsa kanthi wujud bonékah cilik. Ing ruangan iki, pengunjung uga bisa ngrungokake narasi saka saben prastawa ya iku kanthi migunakaké earphone kang ana ing saben diaroma mau.

  • Gedung C2 (lante dhuwur): ruwang étnografi

Nggambarake panguripan masarakat Jawa Tengah saben dinanè. Ing babagan tèknologi penggawéan, tèknologi indhustri, tèknologi kerajinan, tèknologi papan panggonan, lan liya-liyané. Evokatif tèknologi indhustri Besalen (pandhe wesi) minangka parasi kanggo nggawé piranti tani lan tukang sarta piranti omahan, nggegawé pusaka-pusaka kaya ta keris, tombak, lan pedhang kang digawé déning empu

  • Gedhung D2 (lante dhuwur): ruwang kesenian

Nampilake kesenian laladan kang ngrembaka ing Jawa Tengah, kaya ta awujud bandha, piranti, jinising kesenian tembang, pagelaran sarta pertunjukan. Salah sawijining ya iku barongan lan Jaran képang (Kuda Lumping), kang minangka seni pertunjukan sing duwé rasa mistis mila mbutuhake wong kang bisa netralake para juru main kang ngalami kesurupan<. Barongan ngrembaka sadurungé agama Islam mlebu

  • Gedhung D1 (lante ngisor)

Ing gedhong iki ana pirang-pirang ruangan ya iku ruwang pembangunan, ruwang numismatika/ heraldika, ruwang tradisi nusantara, ruwang intisari, lan dipungkasi ruwang hibah Ruang hibah minangka ruwang kusus kang nyimpen manéka koleksi sing olèh saka hibah langsung masyrakat. Benda-benda kang dihibahake saka wong siji utawa instansi. Kayata manéka Tosan Aji, ya iku wujudaning keris, tombak lan liya-liyané ya iku pit kang biyèn dianggap lan liya-liyané ya iku pit kang biyèn di anggokanggo ngeterake layang lan paket saka PT Pos Indonésia

  • Ruang Koleksi Emas

Ning kéné dipamèraké manéka warna koleksi kang digawé saka emas ning jaman biyèn kaya ta gelang, kalung kang rupané kaya jambu ménté, kelat bahu, binggel, ali-ali, stempel, keris, lan manéka piranti utawa wadhah. Maneka koleksi emas iki ana kang tinemu karo Witolakon ning Wonoboyo, Kabupatèn Klathèn. Temunan manéka rupa bandha kang abot sakabehane ana 25 kilogram.

cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. antarjateng.com (diakses tanggal 22 Pebruari 2011)
  2. arsipberita.com (diakses tanggal 22 Pebruari 2011)
  3. duniajalanjalan.com (diakses tanggal 22 Pebruari 2011)
  4. griyawisata.com (diakses tanggal 22 Pebruari 2011)
  5. antarnews.com (diakses tanggal 22 Pebruari 2011)
  6. tanggal 22 Pebruari 2011)
  7. a b Museum Indonésia (diakses tanggal 22 Pebruari 2011)