Musiyum Nasiyonal Ètnologi (Jepang)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kokuritsu Minzokugaku Hakubutsukan
Barkas:National muséum of ethnology Japan.jpg
DikukuhakéNovember 1974, dibuka untuk umum: 1977
PernahJepang Suita, Prefektur Osaka, Jepang
Jinisètnologi, antropologi budaya
DhirèkturMakio Matsuzono
Situs jaringanwww.minpaku.ac.jp

Musiyum Nasional Etnologi (国立民族学博物館 Kokuritsu Minzokugaku Hakubutsukan) inggih punika salah satunggal saking institut riset antaruniversitas ugi minangka musiyum ing kutha Suita, Prefektur Osaka, Jepang. Musiyum utawi institut punika misuwur kanthi sebutan Minpaku. Wiwit wulan April 2004, Minpaku dados anggota saking Institusi Nasional Humaniora.

Fungsinipun minangka pusat panaliten sarta musiyum ing babagan ètnologi saha antropologi budaya. Papan dunungipun wonten ing Expo Memorial Park. Sapunika, wonten ing kompleks musiyum wonten Program Doktoral Humaniora dan Kajian Sosial saking The Graduate University for Advanced Studies.

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika taun 1921, nalika mahasiswa Universitas Kamaharajan Tokyo, Keizō Shibusawa gadhah hobi ngempalaken spésimèn kéwan saha perkakas saben dinten ingkang biyasa dipun-ginakaken tiyang. Barang-barang dipunkempalaken sesarengan kaliyan bekas kanca-kanca sekelasipun ing Dai-ni Kōtō Gakkō. Sedayanipun dipunsimpen ing “musiyum alit” ingkang mapan ing loteng griyanipun ing Mita, Tokyo. Ing dinten lajengpun, Shibusawa dados Mantri Keuangan dan Direktur Bank of japan. Nalika taun 1935, Shibusawa kaliyan Kurakichi Shiratori mimpin pambentukan Perkumpulan Etnologi Jepang (Nihon Minzoku Gakkai) ingkang nggagas pendirian Musiyum Nasional Etnologi. Piyambakipun ngusulaken petisi dhumateng pamaréntah, nanging boten dipunpenggalih amargi kaanan paprangan samsaya rekaos. Nalika taun 1937, Shibusawa yasa piyambak musiyum ing Hoya, Tokyo. Koleksinipun antawis 20.000 spésimèn saking "musiyum" ing loteng griyanipun, dipuntambah spésimèn perkakas padintenan. Wangunan saha koleksi dipunhibahaken dhuamteng Perkumpulan Etnologi Jepang ingkang ndadosaken minangka musiyum ètnologi saha pusat panaliten. Perkumpulan Etnologi Jepang pikantuk pepalang nalika ngemunah musiyum. Shibusawa ugi mangertosi bilih piyambakiipun boten badhé gadhah yuswa langkung dawa. Nalika taun 1962, koleksi musiyum ètnologi dipunhibahaken dhumateng Perpustakaan Kementerian Pendidikan (sapunika Institut Nasional Kesusastraan Jepang. Babagan punika pikantuk sarujuk saking pihak Shibusawa saha pamaréntah. Koleksi Shibusawa badhé dipunpasrahaken ing musiyum ètnologi nasional ingkang badhé dipunyasa ing sawijining dinten samangke.

Sabibaripun Shibusawa séda, Perkumpulan Etnologi Jepang nalika taun 1964 kalebet antawising organisasi ingkang ngajukaken petisi babagan wigatinipun musiyum panalitèn ètnologi. Nalika taun salajengipun Dewan Sains Jepang nyampekaken rekomendasi pambangunan musiyum panalitèn ètnologi nasional dhuamteng mahamantri Jepang.nalika taun 1970, Pameran donya dipunadani ing Jepang. Tarō Okamoto minangka prodhuser kepala ing gedung ingkang memameraken topeng, patung déwa, saha perkakas padintenan saking sadaya wewengkon ing donya. Okamoto kaliyan Seiichi Izumi (dhosèn Universitas Tokyo) saha Tadao Umesao (dhosèn Universitas Kyoto) sesarengan ngempalaken koleksi ètnologi kanggé Pameran Dunia.

Sabibaripun Pameran Dunia pungkas, lokasi bekas pameran miturut rencana badhé dipundadosaken taman budaya kanthi musiyum ètnologi minangka pusatipun. Nalika taun 1973, panitia persiapan dipunbentuk ing Kementerian Pendidikan kanthi Tadao Umesao minangka pangarsanipun. Nalika taun1974, Musiyum Nasional Etnologi dipundhirikaken minangka institut riset antaruniversitas kanthi Umesao minangka direktur ingkang angka pisan.

Sabibaripun gedung rampung kabangun, peresmian musiyum dipunadani ing taun 1977. Koleksi kasungsun saking barang-barang ingkang rumiyin dipunpameraken ing Pameran Dunia 1970 saha koleksi Shibusawa ingkang dipunhibahaken dhumateng Perpustakaan Kementerian Pendidikan. Pameran ingkang angka pisan kabikak nalika 17 November 1977.

Wiwit April 1989, The Graduate University for Advanced Studies mbikak Program Doktoral Jurusan Budaya Regional dan Perbandingan Budaya wonten ing kompleks musiyum.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  • Umesao, Tadao (1990). Minzokugaku to hakubutsukan ("Umesao Tadao chosakushū" 15-kan)(民族学と博物館(「梅棹忠夫著作集」15巻)). Chūōkōron.
  • Umesao, Tadao (1989). Minpaku hayawakari(民博早わかり). Heibonsha.
  • Sano, Shinichi (1996). Tabi suru kyōjin-Miyamoto Tsuneichi to Shibuzawa Keizō. Bungei Shunju.
  • Louis-Frédéric|Nussbaum, Louis-Frédéric. (2005). "Museums" in Japan Encyclopedia, pp. 671–673.

Pranala njaba[besut | besut sumber]