Musiyum Mandala Bhakti
| Musiyum Mandala Bhakti | |
Ngarepan musiyum Mandala Bhakti | |
| Jenengé sadurungé | Markas Komando Daerah Militer (Kodam) IV/Diponegoro |
|---|---|
| Dikukuhaké | 1906 |
Musiyum Mandala Bhakti (uga diaran minangka Musiyum Perjuangan Mandala Bhakti) yaiku sawijining musiyum sujarah sing dumunung ing Kutha Semarang, Provinsi Jawa Tengah. Musiyum iki mapan ing Jalan Mgr. Sugiopranoto, ing sacedhake Tugu Muda lan pas ing ngarepe gedhong Lawang Sèwu. Musiyum Mandala Bhakti nyimpen lan nampilaké manéka warni koleksi sing ana gandhèngané karo perjuangan Tentara Nasional Indonesia (TNI) lan rakyat Indonesia ing upaya ngrebut lan mbéla kamardikan.[1]
Sujarah
[besut | besut sumber]Gedhong Museum Mandala Bhakti wiwitané dibangun ing jaman Indhiya Nèderlan minangka gedhong pengadilan sing dijenengi Raad van Justitie Semarang. Rancangan gedhong iki digawé déning arsitek bangsa Walanda, I. Kuhr E saka kantor arsitek Ooiman lan Van Leeuwen, lan wiwit dipigunakaké kira-kira wiwit taun 1906 nganti taun 1930-an.[2] Ing sistem peradilan kolonial Walanda, Raad van Justitie dienggo minangka pengadilan kanggo golongan Éropa lan wong-wong sing dipadhakaké drajate, déné kanggo golongan bumiputera digunakaké pengadilan Landraad.[3]
Nalika jaman pendhudhukan Jepang, gedhong iki tau dienggo minangka markas Polisi Militer Jepang (Ken Pei Tai). Sawisé Indhonésia mardika, ing sekitar taun 1949–1950-an, gedhong iki banjur dipigunakaké minangka Markas Komando Daerah Militer (Kodam) IV/Diponegoro. Ing wulan Maret taun 1985, gedhong iki resmi dialihfungsi dadi musiyum kanthi jeneng Museum Perjuangan Mandala Bhakti Kodam IV/Diponegoro. Panyareman (peresmian) musiyum ditindakaké déning Mayor Jenderal Soegiarto tanggal 1 Maret 1985.[4]
Bangunan lan tata panggon
[besut | besut sumber]Bangunan Musiyum Mandala Bhakti isih njaga wujud arsitektur kolonial Walanda, padha karo gaya bangunan Lawang Sèwu. Bangunan iki anduweni jembar kurang luwih 6.000 mèter persegi, kanthi jembar lahan sakabèhé watara 12.000 mèter persegi.[3] Sawetara ruangan lawas, kalebu ruang sidang pengadilan, isih lestari lan dipigunakaké minangka pérangan saka paméran musiyum.
Nalika mlebu ing pekarangan musiyum, para rawuh bakal manggihi prasasti gedhé sing ngemot Sapta Marga Prajurit TNI, sing nggambaraké jiwa lan semangat perjuangan prajurit. Ing lantai loro musiyum, ana patung Panglima Besar Jenderal Sudirman minangka simbol kepemimpinan lan perjuangan TNI. Ing pérangan liya uga ana Kendi Manunggal TNI–Rakyat kanthi tanggal 5 Oktober 2003, sing maknani yèn perjuangan TNI ora bisa dipisahaké saka dhukungan rakyat.[1] Saka cendhela musiyum, para rawuh bisa nyawang kawasan saubengé Tugu Muda, kalebu Lawang Sèwu lan gedhong Pandanaran sing saiki dienggo minangka kantor Pamarentah Kutha Semarang.[5]
Koleksi
[besut | besut sumber]Musiyum Mandala Bhakti nyimpen manéka warna koleksi sujarah perjuwangan bangsa Indhonésia, utamané gegayutan karo TNI. Koleksi kasebut antarané: Senjata tradhisional lan modern, kayata tombak, keris, bambu runcing, pistol, granat, lan senjata mesin; seragam TNI saka macem-macem jaman; lukisan lan diorama sing nggambaraké pertempuran lan perjuangan TNI ; uga dokumentasi foto lan arsip tokoh-tokoh pendiri TNI sing wis ditetepaké minangka Pahlawan Nasional.[4]
Musiyum iki uga nampilaké koleksi sing nyritakaké Perang Jawa sing dipimpin déning Pangéran Diponegoro. Perang iki kacathet minangka perang paling awis ing sujarah kolonialisme Walanda, kanthi kerugian nganti kira-kira 20 yuta gulden sajrone limang taun (1825–1830). Kajaba iku, ana dokumentasi babagan lelakon-lelakon wigati, kayata Lelakon Lima Dina ing Semarang lan Obahan 30 Sèptèmber.[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 "Mengenang Perjuangan TNI di Museum Mandala Bhakti, Semarang". Indonesia Kaya. Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ "Museum Mandala Bhakti". asosiasimuseumindonesia.org. Dibukak ing 2025-12-16.
- 1 2 MariNews. "Transformasi Raad van Justitie Semarang, Menjadi Museum". Transformasi Raad van Justitie Semarang, Menjadi Museum (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-16.
- 1 2 3 "Museum Perjuangan Mandala Bhakti yang Menarik dengan Berbagai Koleksi". kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-16.
- ↑ Media, Kompas Cyber (2022-11-03). "Museum Mandala Bhakti di Semarang: Daya Tarik, Harga Tiket, dan Jam Buka Halaman all - Kompas.com". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-16.