Musiyum R.A. Kartini (Rembang)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Musiyum R.A. Kartini inggih menika mapan ing Lingkungan Rumah Dinas Bupati Rembang. Musiyum R.A. Kartini dumunung ing Jl. Gatot Subroto No.8, Kabupatèn Rembang, Propinsi Jawa Tengah. Musiyum R.A. Kartini ing jaman semana minangka papan panggènan asli R.A. Kartini lan garwané Djojo Adiningrat.[1] Musiyum iki diadegaké 21 April taun 1967 atas prakarsa Bupati Rembang Adnan Widodo.[2][3] Sadurungé museum iki diarani Musiyum Kamar Pengabdian R.A. Kartini sing pungkasané diowahi dadi Museum R.A Kartini ing taun 2011.

Musiyum iki diadegaké kanggo mengeti jasa tokoh emansipasi wanita, yaiku Raden Ayu Kartini. Nalika wiwitan dibangun, musiyum iki ambane mung seukurane kamar turu R.A. Kartini. Nanging, ing taun 2011 Kamentrian Kebudayaan lan Pariwisata RI maringi revitalisasi sing pungkasane digunakake kanggo ngembangake musiyum kasebut. Sapunika dibangung, Musiyum R.A. Kartini Rembang dados amba, wiyaripun bangunan ya iku 3.732,4 m2 lan wiyaripun tanah 19.306 m2.

Musiyum R.A. Kartini gadhah koleksi dokumentasi lan visualisasi obyek ingkang dipunginakaken Kartini wonten ing padintenan. Ana 11 kamar sing nampilake kenangan R.A. Kartini.

Kaya dene pajangan ing ruang utama sing isine riwayat keluarga Kartini, uga ana papan kanggo nyimpen jamu lan kothak layang. Kajaba iku, ing kamar liyane ana meja rias Kartini, kothak bayi. Ing ruang liyani ana méja kursi tamu kang isih asli gawéan saka kayu jati kanthi ukiran kas motif Jawa kuna, piranti kanggo mbatik kayata canting gadhah R.A. Kartini, Lukisan R.A. Kartini nalika krama kaliyan Bupati Rembang: Radèn Mas Adipati Djoyodiningrat, Foto tuladha seratan ing basa Walanda kang ditujokaké marang kancané ing Holland, lan peninggalan liyane.[4] Visualisasi menika saged nggambaraken semangat juangipun Kartini anggenipun nyuaraaken emansipasi wanita ing jaman rumiyin.

Gedhong Musiyum R.A. Kartini disawang nduweni arsitektur khas Jawa, nanging sejatine ana unsur kolonial sing nempel ing bangunan kasebut. Kaya ing bagian kolom, gedhong iku nggambaraken arsitektur gaya Eropa sing digawe saka campuran pasir lan kapur. Gunggunge ana 20 pilar penyangga kang wernane putih polos, 4 pilar utama wujude saka kayu jati lan 10 pilar liyane kang wernane putih gedhe kanthi tekstur bergerigi.[5]

Musiyum R.A. Kartini buka saben dina, senin-jumat buka saka jam 08.00-15.00 WIB, sabtu lan minggu buka saka jam 09.00-15.00 WIB. Sarana sing ana ing Musiyum R.A. Kartini ya iku, kamar mandhi, taman, ruang informasi lan karcis, ruang pameran, pendopo, lan ruang audiovisual.[3] Wisatawan sing arep mlebu Musiyum R.A. Kartini mung kudu bayar tiket musiyum Rp.2.000.[5]

Wisatawan sing arep menyang Musiyum R.A. Kartini bisa nggunakake layanan transportasi umum kayata bis, ojek lokal utawa ojek online. Lokasi musiyum iki uga sampun kasedhiya ing Google Maps.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. www.anneahira.com:Museum Kartini - Tak Hanya Untuk Mengenang Kartini[pranala mati permanèn] (diaksès tanggal 7 Sèptèmber 2012)
  2. "Museum RA. Kartini Rembang - Sistem Registrasi Nasional Museum". Sistem Registrasi Nasional Museum Kemdikbud (ing basa Inggris). Dibukak ing 2023-10-12.[pranala mati permanèn]
  3. a b "Museum R.A. Kartini Rembang – Kamar Pengabadian R.A. Kartini" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-10-12.
  4. www.visitjawatengah.com:Museum Perjuangan Wanita Indonesia Rembang : Peninggalan RA Kartini[pranala mati permanèn] (diaksès tanggal 7 Sèptèmber 2012)
  5. a b "Rumah R.A Kartini, Menilik Keseharian Empunya Habis Gelap Terbitlah Terang". suara.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-12.

Pranala jaba[besut | besut sumber]