Musiyum Kailasa Dieng
Musiyum Kailasa Dieng Banjarnegara | |
| Dikukuhaké | 28 Juli 2008[1] |
|---|---|
| Pernah | Karangsari, Dieng Kulon, Kec. Batur, Kab. Banjarnegara, Jawa Tengah 53456 |
| Jinis | Musiyum ilmu pengetahuan |
Musiyum Kailasa mapan ing wilayah Dataran Tinggi Dieng, Jawa Tengah. [2]Musiyum iki nduwèni papat bangunan utama lan nyimpen macem-macem koleksi, kaya peninggalan arkéologi, benda cagar budaya, artefak, tetuwuhan lan Sato kéwan, uga film dokumenter sing ana gandhèng cenengé karo Dieng. Sawijining koleksi penting sing bisa dideleng ana ing musiyum iki antarané yaiku sejarahé letusan Gunung Prau Tua, asal batu Andhésit kanggo mbangun candhi, sistem kapracayan masyarakat Dieng.[3][4]
Panggonan
[besut | besut sumber]Musiyum iki mapan ing kompleks Gedhung Arca sing dadi kagungane Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala Jawa Tengah. Panggonané pas ana ing sacedhake Candhi Gathotkaca, Jl. Kawah Sikidang, wilayah Dieng, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah.[3][5]
Sejarah
[besut | besut sumber]
Pangadegan Musiyum Kailasa diwiwiti ing taun 1984, kanthi jeneng awalé yaiku Gedhung Arca. Wektu semana, papan kuwi digunakaké kanggo nyimpen lan ngrawat artefak-artefak arkéologi saka situs-situs candhi Hindhu sing sumebar ing wilayah Dieng. Koleksiné kalebu arca-arca déwa déwi Hindu kayata Siwah, Ganésa, lan Durga, sing asalé saka abad kaping 8 nganti 9 Masehi, nalika Dieng dadi pusat peradaban agama Hindhu ing tanah Jawa.[6]
Sawijining pérangan saka koleksi kuwi asalé saka asil ekskavasi lan pelestarian sing ditindakake déning Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB). Akeh-é koleksi mau banjur ndadèkaké perluné sistem panyimpenan sing luwih teratur. Saka kéné, Gedhung Arca banjur dikembangaké ora mung kanggo nyimpen barang, nanging uga dadi sarana edukasi kanggo masyarakat umum.
Tanggal 28 Juli 2008, Gedhung Arca resmi diganti dadi Musiyum Kailasa lan diresmèkaké déning Menteri Kebudayaan lan Pariwisata wektu kuwi, yaiku Jero Wacik. Jeneng Kailasa dijupuk saka jeneng Gunung Kailasa, sing miturut kapracayan agama Hindu dadi papan panggonané Dewa Siwa. Jeneng iki nggambaraké nilai budaya lan spiritual saka artefak-artefak sing disimpen ing musiyum kuwi.[4]
Peresmian mau uga nandhani jembaré fungsi musiyum, sing saiki ora mung nyuguhaké artefak arkéologi, nanging uga ngandhut informasi ngenani alam lan géologi Dieng, anekaragam tetuwuhan-Sato kéwan, lan urip sosial masyarakat lokal saka jaman ke jaman.[3]

Koleksi lan Isi Pameran
[besut | besut sumber]Musiyum Kailasa kagolong nduwèni loro bangunan utama. Bangunan sing kapisan isiné koleksi arkéologi, kalebu arca-arca peninggalan agama Hindhu saka abad kaping 8 nganti 9 Masehi, kaya arca Ganésa, Siwa Mahadewa, Agastya, Shiva Trimukha lan sawetara fragmen saka bangunan candhi. Saliyane kuwi, ana uga sawetara prasasti kayata Prasasti Mangulihi sing dipameraké kanggo njerengaké gambaran sejarah wewengkon Dieng.[7]
Bangunan sing kapindho nduwèni fungsi dadi pusat informasi ngenani budaya lan alam Dieng. Ing njero bangunan iki, para pengunjung bisa nemu informasi ngenani géologi, ekosistem pegunungan, tetuwuhan-Sato kéwan khas saka kana, lan uga kehidupan sosial masyarakat, kalebu sistem pertanian, kapracayan tradisional, lan ruwatan rambut gembel sing dadi pérangan saka warisan budaya khas Dieng.[4]
Akses lan Fasilitas
[besut | besut sumber]Musiyum Kailasa mapan cedhak komplek Candh Arjuna lan gampang digayuh, apik nganggo kendaraan pribadi utawa transportasi umum. Jam bukané musiyum saben dina, wiwit jam 07.00 nganti 16.00 WIB. Kanggo nyedhiyakake kenyamanan pengunjung, musiyum iki dilengkapi fasilitas kaya ruang pameran, ruang audio visual, taman, lan panggonan istirahat. Kanggo mlebu menyang area musiyum, pengunjung diwajibaké mbayar karcis Rp5.000 saben wong.[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ https://indonesiakaya.com/pustaka-indonesia/mengenal-dieng-di-museum-kailasa/
- ↑ Nurlaili, Aulia Putri (2021-09-29). "15 Tempat Wisata di Banjarnegara Jawa Tengah, Nomor 6 Konon Bisa Bikin Awet Muda". iNews.ID (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-08.
- 1 2 3 4 diengplateau.com. "Museum Kailasa - Situs Purbakala". www.diengplateau.com. Diarsip saka sing asli ing 2011-09-07. Dibukak ing 2025-06-08.
- 1 2 3 "Mengenal Dieng di Museum Kailasa". Indonesia Kaya. Dibukak ing 2025-06-08.
- ↑ "Data Kebudayaan Kemendikdasmen". referensi.data.kemdikbud.go.id. Dibukak ing 2025-06-08.
- ↑ "Museum Kailasa" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-06-08.
- ↑ WICAKSONO, WILIBRORDUS MEGANDIKA (2024-02-18). "Dua Arca dan Satu Prasasti di Museum Kailasa Dieng Direkomendasikan Jadi Cagar Budaya". kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-08.