Menyang kontèn

Musiyum Bathik Telung Nagri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Musiyum Bathik Telung Negeri
Dikukuhaké2018
PernahGang Karangturi IV No. 7, Desa Karangturi, Lasem, Kabupaten Rembang
JinisMusiyum Bathik

Musiyum Bathik Telung Nagri, yaiku salah sawijining musiyum kang ana ing Lasem, Kabupaten Rembang, Jawa Tengah. [1] Musiyum iki dadi salah sijine musiyum kang nglestantunake salah siji jinis bathik ing Indonesia kang wus misuwur wiwit abad 15 yaiku bathik telung negeri.

Musiyum iki mapan ana ing Karangturi Gang IV No 7, Lasem, Rembang. Dhisike musiyum iki minangka omah saka kulawarga Tjoa kang dadi salah sawijining kulawarga kang nggawe bathik telung negeri ing jaman dhisik.[2]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Musiyum iki nyimpen koleksi tinggalan jaman kumpeni kang isine ana koran, arsip, lan 15 sketsa bathik. Dhisike Johanna Tjoa dadi motif asli saka taun 1930. Musiyum iki dadi salah sijining musiyum kang akulturasi saka bangsa Jawa-Tionghwa-Eropah. Musiyum iki dikukuhake ing taun 2018. [3]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Media, Kompas Cyber (2018-10-08). "Museum Batik Baru di Lasem Lestarikan Batik Legendaris". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-01-13.
  2. Nastiti, Alfia Dwi (2025-07-25). "Warna-warni Arsip di Museum Batik Tiga Negeri Lasem › SALUT Kartini Rembang" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2026-01-20.
  3. Media, Kompas Cyber. "Harapan di Balik Lahirnya Museum Batik Tiga Negeri di Lasem". KOMPAS.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-01-20.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Instagram - Museum Batik Tiga Negeri Lasem