Muséum National d'Histoire Naturelle

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Musiyum national d'histoire naturelle
Grande Galerie de l'evolution.jpg
Muséum National d'Histoire Naturelle is located in Paris
Muséum National d'Histoire Naturelle
Location within Paris
Dikukuhaké 10 Juni 1793
Pernah Herbier National de Paris, Département de Systématique et Evolution, Phanérogamie, Musiyum National d'Histoire Naturelle, 16 rue Buffon, F-75005 Paris, Prancis[1]
Situs jaringan

http://www.mnhn.fr/le-muséum/

http://colhelper.mnhn.fr/

Musiyum National d'Histoire Naturelle inggih punika Musiyum Nasional Prancis ingkang ngelestantunaken babagan sajarah alam, musiyum punika dipunyasa wonten ing tlatah Paris, dipunyengkuyung Departemen Pendhidhikan Nasional, Riset sarta Lingkungan.[2]

Gladri Ageng Evolusi wonten ing Museum Nasional Sajarah Alam, Paris, Prancis. Panorama ruwang tengah
Gladri Ageng Evolusi - Kamar spésies ingkang badhé cures utawi malah sapunika sampun cures
cumplung saking Arsinoitherium zitteli, saged dipunpirsani wonten ing Gladri Paleontologi sarta Anatomi Komparatif

Sajarah[besut | besut sumber]

Museum punika resmi dipunyasa nalika surya kaping 10 Juni 1793, salaminipun Revolusi Prancis.[3] Ananging asal-usulipun musiyum punika dipunyasa inggih punika nalika Jardin des Plantes médicinales royal (taman kraton ingkang lèbètipun wonten waneka werni tetanduran obat), salah satunggaling lembaga èlmiyah paling tuwa ing Prancis, ingkang dipunyasa amargi royal dekrit taun 1635 nalika masa pamaréntahan Louis XIII saking Prancis.[3] Amargi dipunyasa kagem lembaga, mila ingkang jaga Musiyum National d'Histoire Naturelle sarta ingkang nyèpeng cathetan wigati punika para dhokter.[3]

Nalika surya kaping 31 Maret 1718, Proklamasi kraton anak-raja Louis XV ngawontenaken kabijaksanan énggal inggih punika gunanipun musiyum babagan medis dipun-gantos, namanipun taman ingkang sampun kawentar punika gantos dados Jardin du Roi (King Garden) musiyum punika ugi dipunalih ginanipun, dados musiyum ingkang fokus kaliyan sujarah alam.[2]

Nalika abad kaping-18 (1739-1788), hak kanggé njagi taman punika langkung asring dicèpèng dhumateng Georges-Louis Leclerc, Comte de Buffon. Leclerc kaliyan Comte de Buffon punika salah satunggalipun naturalis ingkang kawentar, mila saged damel taman punika kawentar sarta saged prestise kaliyan musium punika anggènipun dipunsaekaken malih.[2] Nalika Revolusi Prancis, Lembaga kraton ugi remen sanget nalika wonten rencana dipunreorganisasikaken musiyum nasional d'Histoire naturelle, 1793.[2] Musiyum punika dados lembaga ingkang dipunyengkuyungi kaliyan profesor ingkang gunggungipun kalih welas.[2] Saderengipun, wonten profesor-profesor ingkang kagolong unggulan komparatif anatomi inggih punika Georges Cuvier sarta profesor perintis evolusi Jean-Baptiste de Lamarck sarta Étienne Geoffroy Saint-Hilaire.[2]

12 Dhésèmber 1891 medal dekrit ingkang ngutusaken supados musiyum dipun-ginakaken kagem nyinaoni babagan èlmu sujarah alam.[4] Sasampinipun angsal otonomi keuangan nalika taun 1907, musiyum punika miwiti fase énggal, mbikak fasilitas wonten ing Prancis, musiyum punika sampun ngarahaken panelitian sarta sampun dados bagiyan ing dunya pandhidhikan kados ta efek eksploitasi manungsa dhumateng alam.[4] Wonten ing administrasi publik Perancis, Museum punika kagolong établissement ingkang ageng kanggé dunya pandhidhikan.[5]

Misi sarta organisasi[besut | besut sumber]

Tujuwan dipunbangunipun musiyum nasional inggih punika supados masarakat saged ngempalaken barang-barang utawi piranti purba, piranti punika bakal dados koleksi sarta bakal dipunteliti kanthi èlmiyah.[6][7] Panelitian babagan barang purba punika dipunlaksanakaken ngantos abad kaping-19, dipunsutradarani kimiawan Michel Eugène Chevreul, panelitian élmiyah ingkang dipunwontenaken kaliyan musiyum punika dados sainganipun Universitas Paris.[7] Tuladhanipun nalika periode Henri Becquerel nyèpèng kakuwasaan kanggé èlmu Fisika (Fisika Terapan) wonten ing musiyum (1892-1908) piyambakipun saged njlentrehaken babagan sipat radiasi uranium ( Sekawan génerasi becquerels naté nyepeng kapemimpinan punika, 1838-1948 [8]) Musiyum punika gadhah misi, inggih punika panelitian dhasar sarta panelitian terapan, ugi misi dados difusi kawruh publik.[5] Sampun dipunatur wonten ing departemen difusi, sapunika wonten pitu departemen panelitian.[9]

Departemen Panelitian[besut | besut sumber]

Departemen panelitiyan wonten ing Musiyum punika nyepeng kawajiban babagan:

Departemen Difusi[besut | besut sumber]

Departemen Difusi punika nyepeng kawajiban babagan[1]:

  • Gladri wonten ing Jardin des Plantes[3]
  • Taman Botani sarta Kebun Kéwan[2], kaliyan
  • Musiyum manungsa, Musée de l'Homme[4]

Musiyum punika ugi sampun dipunkembangaken ing babagan pandhidhikan universitas, sapunika sampun saged maringi gelar master dhumateng para mahasiswanipun.[11]

Koleksi Èlmiyah[besut | besut sumber]

Wonten ing pratélan ngandhap, kajaba saking spésies ingkang taksih urip, sadaya koleksi Museum, dipuntahan. Sedaya situs ingkang wonten ing Paris inggih punika langkung saking 62 yuta spésimèn[12], paling kathah ing dunya kaliyan tiyang-tiyang ingkang mumpuni saking National Museum of Natural History of Washington sarta Natural History Museum London[12] :

Jinising Koleksi Kuantitas
Mineral 250000 spésimèn[13].
Rocks tuladhanipun wonten 600000  (namung kira-kira, amargi situs punika taksih dipunlajengaken).
Meteorit tuladhanipun wonten 3050, 3 e adhedhasar gunggungipun meteorit ingkang dhawah maring dunya (déning Musiyum Sajarah Alam ing London sarta Smithsonian Institution saking Washington, D.C.)[14].
Fosil 2700000 spésimèn[15].
Jamur 500000 sppesimen (herbarium) [16].
Alga (ganggang) sarta mikroalga 570000 spésimèn (herbarium) [17].
Bryophyta (Lumut Godhong) sarta lumut 500000 ngantos 900000 spésimen[18].
Plantae sarta pakis 8000000 spésimen, 320000 punika ilustrasi saking spésies vasculaires[19].
Ubur-ubur, watu karang, anemone 2000 - 35000, 2000 spécimens nggal jinis[20].
Moluska 5000000 spésimen[21].
Insect/serangga 40000000 spésimen[22].
Iwak 400000 spésimen[23].
Reptil 130000 spésimen[24].
Amfibi 170000 spésimen[25].
Manuk (Unggas) 130000 spésimen[26] mis en peau.
Mamalia 130000 spésimen[27].
Crânes humains 35000 spécimens.
Tengkorak Manungsa 2000000 [28].
Piranti ethnografis 300000 spésimen. refrensi taun 2008
Tetandhuran Urip 25000 spésimen. refrensi taun 2008
Kéwan Urip 5000 spésimen. refrensi taun 2008

Koleksi utawi barang simpenan kalawau kaya ta ganggang[17] punika 570000 spésimen herbarium, watara 1000 souches punika algothèque kaserat wonten ing pratélan alga banyu tawar ingkang taksih urip.

Wonten ugi koleksi jamur[16] herbarium punika wonten 500000 spésimen, wonten 4000 strain tuladhanipun ingkang taksih urip sarta 420 modhèl lilin ingkang madani jamur, dipun-ginakaken dados tuladhanipun jamur-jamur wonten ing Paris, lilin punika dipundamel déning André-Pierre Pinson, dipunutus Louis XVI saking Prancis.

Koleksi fosil[15] inggih punika langkung saking 2,7 yuta spésimen, kados ta:

  • Koleksi vertebrata, 300000 spésimen mamalia, reptil, manuk sarta iwak ;
  • Koleksi invetebrata, kirang langkung wonten 2.5 yuta spésimen, tuladhanipun moluska tersier Prancis sarta Éropah ;
  • Koleksi paléobotani inggih punika 200000 eksmplar fosil tanduran ;
  • Koleksi micropaléontologie wonten 30000 lames foraminifera ingkang kadaftar.

Lokasi sarta Cabang[besut | besut sumber]

Museum punika gadhah 14[29] situs, kasebar wonten ing Perancis inggih punika 4 wonten ing Paris, lokasi asli saking Jardin des Plantes wonten ing arondisemen, kaping 5 wonten ing métro Place Monge, Paris.[3] Gladri ingkang dipunbikak kagem umum inggih punika Kabinet d'Histoire du Jardin des Plantes wonten ing Hôtel de Magny, Gladri Mineralogi[3][30] sarta Géologi, Gladri Paleontologi sarta Anatomi Perbandingan, kaliyan Grand Gallery ingkang kawentar babagan Evolusi ( Grande Galerie de l ' évolution ), musiyum Ménagerie du Jardin des Plantes ugi wonten ing mriku.[3]

Façade, Gladri utami Paleontologi sarta Anatomi Komparatif.

Herbarium wonten ing musiyum dipunparingi kodhe P, dipunparingi kodhe amargi kagolong koleksi ingkang ageng sarta wigati, wataranipun wonten 8 000 000 spésimèn tetanduran.[1] Koleksi herbarium ingkang gadhah sajarah wigati dipunparingi wiwitan P, tuladhanipun kados ta Lamarck (P-LA) Desfontaines (P-Desf.) sarta Tournefort kaliyan Plumier (P-TRF).[1] Nama CITES punika kados FR 75A.[1] Nate mlebet wonten ing layang kabar Adansonia, layang kabar babagan botani, sarta jurnal tanduran saking New Caledonia, Madagaskar sarta Comores, Kamboja, Laos kaliyan Vietnam, Kamerun, sarta Gabon.[1] [31]

Musée de l'Homme] ugi wonten ing Paris, wonten ing XVIe arrondissement (Paris Trocadéro).[32] Musiyum punika sajatosipun griya ingkang mameraken étnografi sarta antropologi[4], tuladhanipun kados ta artefak, fosil, sarta sanèsipun.[32]

Bagiyanipun Musiyum inggih punika[29][33]:

  • Kebon kéwan wonten tiga, Parc zoologique de Paris (kawentar ugi kanthi nama Zoo de Vincennes ) kebon Kéwan punika wonten ing Bois de Vincennes sarta ing arondisemen XIIe, Parc zoologique de Cleres, Mediæval manor ing Cleres ( Seine-Maritime ) sarta Réserve de la Haute Touche ing Obterre ( Indre ), ingkang paling ageng ing Prancis,[2]
  • Wonten tiga taman botani, inggih punika Arboretum de Chèvreloup wonten ing Rocquencourt sebelahipun Château de Versailles, lajeng Jardin Botanique exotique de Menton sarta Jardin de La alpin Jaÿsinia wonten ing Samoëns,[1]
  • Kalih Musiyum inggih punika, Musée de l'abri Pataud ingkang wonten ing Les Eyzies-de-Tayac[34] sarta musiyum Harmas de Fabre ingkang wonten ing Sérignan-du-Comtat,
  • Sarta wonten sekawan situs èlmiyah inggih punika, Institut de Paléontologie humaine wonten ing Paris, Centre d'Ecologie générale de Brunoy, Station de Biologie marine et de Marinarium Concarneau sarta CRESCO (Centre de Recherche et d'Enseignement sur les Systèmes Côtiers) wonten ing Dinard.

Dhapuk Kakuasaan[besut | besut sumber]

Dhapuk kakuasaan ingkang paling ageng wonten ing musiyum punika asring dipun-gantos, dhapuk kuwasa punika dipunparingaken dhumateng para ahli ingkang limpad dhumateng cabang èlmiyah.[5] Kebon obat Raja ingkang dados musiyum publik (kebon ingkang ngandhut sujarah alam) punika mbetahaken kalih welas babagan ingkang kedah dipunpimpin déning para ahli.[5] Gunggungipun kursi (dhapuk kuwasa) ingkang dipunwontenaken kagem babagan-babagan èlmiyah punika dipun-gantos, amarga wonten evolusi. Saking kalih welas kursi punika, wonten kursi ingkang kedah dipuncepeng déning tiyang kalih.[5] Pratélan Kursi saking Musiyum Nasional d'histoire naturelle punika para tokoh ingkang ngadhahi peran ageng wonten ing sujarah ngèlmu alam. Dipunmangertosi, manawi wonten ing wiwitan dhapuk kakuwasaan dipuncepeng déning Jean-Baptiste de Lamarck, René Desfontaines sarta Georges Cuvier, salajengipun dipunasta déning Paul Rivet, Léon Vaillant sarta sanèsipun.[5]

Kabudayan Populer[besut | besut sumber]

Bagiyan saka Jardin des Plantes kaya ta gladri Paleontologi sarta Anatomi Perbandingan punika dados sumber inspirasi kanggé para novelis grafis Prancis, Jacques Tardi.[35] Jlentrehan babagan gladri medal wonten ing kaca pisanan sarta wonten malih ing perangan kaca sasampunipun, salajengipun njlentrehaken babagan Adèle et la bete ( Adèle and the Beast, 1976), album kaping pisanan wonten ing seri Les Aventures extraordinaires d'Adèle Blanc-Sec.[36] Carita punika dipunbikak babagan jaman 136 juta taun mbiyèn nalika tigannipun pterodactyl netés, pterodactyl punika urip lajeng medal liwat jendela kaca gladri, nyebabaken cilaka masarakat Paris.[36]

Direksi Musiyum National d'Histoire Naturelle[besut | besut sumber]

Direksi 1793-1800[besut | besut sumber]

Direktur ingkang naté nyepeng musiyum saking taun 1793 ngantos taun 1800:

Direksi 1800-1863[besut | besut sumber]

Direktur ingkang naté nyepeng musiyum saking taun 1800 ngantos taun 1863 (kalih taun):

Direksi 1863-1999[besut | besut sumber]

Direksi ingkang naté nyepeng musiyum gangsal taun::

Présidhèn Musiyum National d'Histoire Naturelle[besut | besut sumber]

Présidhèn ingkang kapilih, nyepeng kalungguhan ngantos gangsal taun:

Gladri Gambar[besut | besut sumber]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g [1] dipununduh 7 April 2013, 18.58 WIB
  2. ^ a b c d e f g h i j [2] dipununduh 7 April 2013, 19.15 WIB
  3. ^ a b c d e f g [3] dipununduh 7 April 2013, 19.41 WIB Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "jardin_des_plantes" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  4. ^ a b c d e f Muséum National d'Histoire Naturelle dipununduh 7 April 2013, 19.38 WIB
  5. ^ a b c d e f [4] dipununduh 7 April 2013, 20.00 WIB
  6. ^ [5] dipununduh 7 April 2013, 19.33 WIB]]
  7. ^ a b c [6] dipununduh 7 April 2013, 19.10 WIB
  8. ^ A. Allisy (November 1, 1996). "Henri Becquerel: The Discovery of Radioactivity". Radiation Protection Dosimetry 68 (1): 3–10. 
  9. ^ Muséum national d'histoire naturelle; official website
  10. ^ [7] dipununduh 7 April 2013, 20.03 WIB
  11. ^ Official website
  12. ^ a b Jinis Koleksi sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  13. ^ Chiffre du MNHN
  14. ^ Quelles collections ? Les météorites sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  15. ^ a b Quelles collections ? Les fossiles sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  16. ^ a b Quelles collections ? Champignons sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  17. ^ a b Quelles collections ? Algues sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  18. ^ Quelles collections ? Mousses et lichens sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  19. ^ Quelles collections ? Plantes à fleurs et fougères sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  20. ^ Quelles collections ? Méduses, coraux, anémones sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  21. ^ Quelles collections ? Les mollusques sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  22. ^ Quelles collections ? Les insectes sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  23. ^ Quelles collections ? Les poissons sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  24. ^ Quelles collections ? Les reptiles sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  25. ^ Quelles collections ? Les amphibiens sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  26. ^ Quelles collections ? Les oiseaux sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  27. ^ Quelles collections ? Les mammifères sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  28. ^ Quelles collections ? Pièces préhistoriques sur http://www.mnhn.fr. Consulté le 1
  29. ^ a b [8] dipununduh 7 April 2013, 19.28 WIB
  30. ^ [9] dipununduh 7 April 2013, 19.29 WIB
  31. ^ Holmgren, P. K.; N. H. Holmgren. (1998 [updated: December 2008]). "Musiyum National d'Histoire Naturelle". Index Herbariorum. The New York Botanical Garden. Dijupuk 2009-03-10.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  32. ^ a b [10] dipununduh 7 April 2013, 19.22 WIB
  33. ^ [11] dipununduh 7 April 2013, 19.56 WIB
  34. ^ [12] dipununduh 7 April 2013, 19.26 WIB
  35. ^ [13] dipununduh 7 April 2013, 20.28 WIB
  36. ^ a b [14] dipununduh 7 April 2013, 20.32 WIB
  37. ^ |Jardin des Plantes et Museum national d'Histoire naturelle

Pranala njawi[besut | besut sumber]