Mula bukaning ruwatan lan sukerta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Mula Bukaning Ruwatan lan Sukerta[besut | besut sumber]

Miturut wong Jåwå ruwatan kuwi wis dadi tradhisi kang agung. Tegȇsé, ruwatan dadi budåyå ing kalanganing tiyang jåwå ing ngȇndi wae. Anamung, wong jåwå isih kurang anggoné mangȇrtèni pentingé ruwatan, amargå isih ånå masarakat kang pro-kontra bab ruwatan. Kanggo saperangan uwong Jåwå, ruwatan didȇlȇng ngambur-amburké dhuit, ananging ing saperanganing uwong ruwatan malah dadi hal ingkang pȇnting.

Pro-kontra bab ruwatan Jåwå kuwi diolèhkȇ, kanggo aspèk budåyå tradhisi, ruwatan pancèn akèh nyuguhaké hal ingkang kontroversial. Anamung  kang prȇlu digatèkaké yaiku ruwatan wis nggȇtih ing panggalihé wong Jåwå. Wis suwé wong Jåwå nglakoni ritual ruwatan iki. Wiwité nalikå caritå Hariwangsa, Sumanasantaka, Korawasrama, Calwanarang, Nawaruci lan Sudamala ing jaman krajaan kuna, ruwatan jåwå wis anggema.

Istilah Ruwatan lan Sukerta[besut | besut sumber]

Istilah ruwatan såkå tembung ‘ruwat’, ditȇgȇsi tembung ruwat kuwi cedhak karo tembung ‘lukat’, tȇgȇsé (ngilangaké, ngrȇsiki). Misalé ing ukårå ‘kunang iki papa ni nghulun agong ring apan lukata’. tȇgȇsé “Wondéné kasangsårån kawulå menikå agȇng, kados pundi caranipun ngilangaken?” Kutipan menikå ménéhi tȇgȇs bilih tȇgȇsing ruwatan ing jaman biyèn nganti saiki isih pådhå. Ing båså jåwå kunå ånå tȇmbung sukȇrta kang ånå gayutè karo ruwatan. Ing adat Jåwå ugå ånå tembung bocah sukertå, sokreta utåwå sukreta ing kakawin Gatotkacarya, luwih nggatèkaké bilih sukertå dadi sumber uriping wong akèh, kapribadén apik utåwå èlèk, nyababaké wong dadi èlèk åpå apik, sȇnȇng lan sedhih.

Manekå wårnå tȇgȇsing sukrȇtå kuwi ngrȇmbaka, banjur pungkasaning wujud istilah kuwi dadi ‘bocah sukertå lan wong sukertå’. Anak utåwå wong sukretå dadi catu kang pinilih dening Batårå Guru kanggo Batårå Kålå lan Dewi Durgå. Ing båså jåwå baru tembung kretå utåwå kertå duwé tȇgȇs “wis kagawé, wes digawé” ugå ånå tembung sinukertå duwé tȇgȇs “wis disubyå-subyå” pramilå bocah sukretå nalikå disunat/khitan utåwå wis dinikahaké dirayakaké kanthi mobyor-mobyor. Kanthi nanggap wayang lan nggåwå caritå bab murwåkålå.

Ing kelompoking masarakat Jåwå, ngirå tembung sukertå luwih ing unsur tembung sukȇr utåwå rȇgȇd. Bocah sukertå asring sinebut bocahsuker/ bocah rȇgȇd, pramilå kudu diresikaké, supåyå resik kanthi upacårå ruwatan. Bocah sukertå asring disebut bocah pangayam-ayaming Batårå Kålå, duwéni tȇgȇs “anak kang dadi ancaman Batårå Kålå” bocah sukertå kuwi dadi bahan sik dipangan Batårå Kålå. Pramilå kudu dirȇsikaké kanthi dalan upåcårå ruwatan.

Rujukan[besut | besut sumber]

Endaswara,suwardi.2005.Buku Pinter Budaya Jawa.Yogyakarta:Gelombang Pasang.