Menyang kontèn

Monumèn Geneng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Monumèn Geneng (carakan: ꦩꦺꦴꦤꦸꦩꦺꦤ꧀ꦒꦼꦤꦼꦁ​) kalebu salah sawijining monumèn perjuangan kang ana ing dhusun Sentul, Geneng, Sidoagung, Godhéan, Sléman. Monumèn kasebut dadi seksi kadadeyan peperangan pasukan gerilya nglawan prajurit Walanda ing tanggal 6 Mei 1949 kang dipimpin déning Bapak Kaptèn Widodo (Jono). [1]Kedadéyan kasebut njalari akèh para pahlawan lan masarakat biyasa dadi korban tatu abot lan mati ana ing peperangan kasebut.

Sejarah

[besut | besut sumber]
Monumen Geneng Godean

Para prajurit Walanda nyerang dhusun Sentul nganggo mortir, peneré ana ing sisih kulon kantor Kecamatan Mlati (arane saiki). Monumèn Geneng bentuké tugu kang dipérang dadi telung bagiyan. Sisih bagiyan tengah nggambaraké kahanan nalika perang nglawan Walanda lan bagiyan sisih kiwa karo tengen isine tulisan geguritan kang ngandharaké babagan perjuwangan nalika perang lan kanggo mèngeti kawanènan para pahlawan kang berjuwang ana ing papan peperangan nganti toh nyawa.

Para prajurit Walanda nyerang dhusun Sentul nganggo mortir, peneré ana ing sisih kulon kantor Kecamatan Mlati. Nalika iku, dina Jumat Legi, kebeneran  pasar Godhéan lagi pasaran lan kahanané ramé banget. Anané serangan mortir kasebut njalari akèh korbang sing mati lan ngalami tatu. Bab kang njalari Godhéan diserang déning Walanda nganggo mortir yaiku amarga ana pasukan gerilya kang markase ana ing dhusun-dhusun sachedhaké pasar Godhéan IV lan dhusun Senuko. [2]

Nalika wayah esuk, Walanda nyerang nganggo mortir banjur nekani pasar Godhéan saperlu niliki dan nyisir kasil serangané. Para pasukan TNI RI lan rakyat (Kompi Kesatuan 151) banjur nyegah para prajurit Walanda ing dhusun Senuko lan Sentul Geneng, saengga njalari dumadine peperangan kang sengit. Para prajurit lan warga kang gugur ana ing peperangan kasebut yaiku:

1.     Ahmad Zaini saka TNI AD

2.     Sukirdjo pendhudhuk sipil

3.     Jae Sumantoro saka TNI AU

4.     Sukirdjan pendhudhuk sipil

5.     Amir Patinama saka Brimob

6.     Goploh saka Laskar Rakyat

Ana ing dhusun Godhéan IV, omah-omah kang dinggo pawon umum kanggo masak bareng yaiku:

1.     Omahe Bapak Karyotomo (almarhum) ing Godean IV, Sidoagung, Godean.

2.    Omahe bapak Joyo Sudarmo  ing Jetis, Sidoagung, Godean. [3]

Ilange Tapak Sejarah

[besut | besut sumber]

Monumèn perjuwangan Geneng kang nduwèni tapak sejarah utawa cerita sejarah kang misuwur saiki wus rata, sirna tanpa pratandha amarga dibongkar lan diratakake déning penerus kang nduwèni pekarangan tanpa anané rembugan kang apik karo liyan. Perkara iki njalari ilang utawa tumpesé salah sawaijiné pratandha penting perjuwangan kang ana ing dhaérah Godhéan. Senajan monumèn kang nyata wus ora ana, cerita perjuwangan para pahlawan ing Godhéan tetep diéling-éling ana ing sajeroning ati masarakat sacedhakke Godhéan kang tetep paring pakurmatan dening para pahlawan kang dadi korban. Masarakat mangerti yèn nglawan Walanda iku ora gampang. Iku kabèh kudu nganggo rencana kang bener saéngga saiki isa mardika. Kabeh kang dikorbanké para pahlawan kayata keringet, getih, ngasi nyawa ora bakal dilalèkake dening masarakat ngasi selawasé.

Monumèn Geneng dudu mung tugu biyasa, tapi uga dadi pratandha kewanènané rakyat Godhéan nglawan para Walanda. Senajan saiki mung kari pangémutan, kewanénan perjuwangan tetep ana selawasé. Saliyané dadi pratandha pekurmatan, monumèn iku uga dadi pepènget yèn Godhéan pernah dadi papan panggonan kumpule Gerilya kang penting. Para gerilya ana ing dusun Sentul Geneng, Godhéan IV, lan Senuko kang dadi sasaran dhisik dhéwé para prajurit Walnda ing jaman semana.


Nanging, saiki wis kasep. Monumèn perjuwangan sing sejatine kudu dadi pratandha kanggo mèngeti perjuwangan para pahlawan Gerilya nalika nglawan Walanda wis muspra. Ilange menomèn utawa tugu iki dadi perkara kang digelani dening pemerintah lan akeh uwong, amarga pratandha tapak sejarah kang wis kedadeyan wis ora isa disawang nganggo mata nanging mung isa diéling-éling ana pikiran lan ati. [4]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. disparsleman (2017-04-22). "Monumen Geneng - Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman". Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2024-08-09. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. disparsleman (2017-04-22). "Monumen Geneng - Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman". Dinas Pariwisata Kabupaten Sleman (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2024-08-09. Dibukak ing 2025-06-09.
  3. DINAS PARIWISATA, Pemerintah Kabupaten Sleman (2017-04-22). "Monume`n Geneng". Monumen Geneng. Diarsip saka sing asli ing 2024-08-09. Dibukak ing 2025-05-27.
  4. "Monumen Geneng: Jejak Pertempuran Melawan Belanda di Godean - yogya.info" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2024-09-12. Dibukak ing 2025-06-10.