Mohenjo-daro

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Reruntuhan arkéologis Moenjodaro
Mohenjo-daro
Situs Warisan Donya UNESCO
Pernah Pakistan Edit this on Wikidata
Paugeran ii, iii[1]
Rujukan 138
Koordhinat 27°19′45″N 68°08′20″E / 27.329166666667°N 68.138888888889°E / 27.329166666667; 68.138888888889
Prasasti 1980 (Sèsi Ka-4)
Mohenjo-daro is located in Pakistan
Mohenjo-daro
Pernahé Mohenjo-daro

Mohenjo-daro (Basa Urdu: موئن جودڑو, basa Sindhi : موئن جو دڙو, Basa Hindi : मोहन जोदड़ो) iku situs sisa-sisa pamukiman paling gedhé saka kabudayan Lembah Kali Indhus, sing dumunung ing provinsi Sind, Pakistan. Dibangun watara taun 2600 SM, kutha iki arupa salah siji pamukiman kutha pisanan ing donya, bebarengan karo peradaban Mesir Kuna, Mesopotamia lan Yunani Kuna. Reruntuhan sajarah iki dilebokaké déning UNESCO dadi Situs Warisan Donya. Makna saka tembung Mohenjo-daro ya iku "Bukit wong mati". Kerep kutha tuwa iki ingaran "Metropolis Kuna ing Lembah Indhus"[2].

Panemuan manèh lan penggalian[besut | besut sumber]

Mohenjo-daro diyasa watara taun 2600 SM, nanging dikothongaké watara taun 1500 SM. Ing taun 1922, kutha ini ditemokaké manèh déning Rakhaldas Bandyopadhyay[3] saka Archaeological Survey of India. Dhèwèké digawa menyang sawijining gundhukan déning saiji biksu Buda sing percaya yèn gundhukan kasebut sawijining stupa. Ing taun 1930-an, penggalian gedhèn dianakaké ing sangisoré kapemimpinan John Marshall, K. N. Dikshit, Ernest Mackay, lan liya-liyané.[4] Montor John Marshall sing dipigunakaké déning para direktur situs isih ana ing musiyum Mohenjo-daro minangka tandha mèngeti perjuangan lan dhèdhikasi wong-wong iku marang Mohenjo-daro. Penggalian sabanjuré diayahi déning Ahmad Hasan Dani lan Mortimer Wheeler ing taun 1945.

Penggalian gedhé pungkasan ing Mohenjo-daro dipanggedhèni déning Dr. G. F. Dales ing taun 1964-65. Sawisé iku, makarya penggalian ing situ dilarang amarga karusakan sing dialami déning struktur-struktur sing rentan akibat kondhisi cuaca. Wiwit taun 1965, mung proyèk penggalian penyelamatan, pengawasan permukaan, lan konservasi sing olèh ing kono. Sanajan proyèk arkéologi gedhé dilarang, nanging ing 1980-an, tim-tim peninjau saka Jerman lan Italia sing dipanggedhèni déning Dr. Michael Jansen lan Dr. Maurizio Tosi, nggabungaké tèhnik-tèhnik kaya dokumentasi arsitèktur, tinjauan permukaan, lan penyelidikan permukaan, kanggo nemtokaké bayangan selanjutnya ngenani peradaban kuna kasebut.[4]

Lokasi[besut | besut sumber]

Mohenjo-daro dumunung ing Sindh, Pakistan ing sawijining bubungan jaman Pleistosen ing tengah-tengah dhataran banjir Kali Sindhu. Bubungan kasebut saiki wis kakubur déning banjir, nanging wigati banget ing jaman Peradaban Lembah Indhus. Bubungan kasebut andadèkaké kutha Mohenjo-daro madeg ing sadhuwuring dhataran saubengé. Situs kasebut dumunung ing tengah-tengah jurang ing antara lembah Kali Sindhu ing kulon lan Ghaggar-Hakra ing wétan. Kali Sindhu isih mili menyang wétané situs iku, nanging dhasar kali Ghaggar-Haskra saiki wis garing.[5]

Pangyasa antropogenik mataun-taun dicepetaké déning kabutuhan njembaraké panggonan. Bubungan kasebut dijembaraké liwat platform bata blethok raseksa. Pungkasané, panempatan kasebut begitu gedhé saéngga ana yasan sing nganti 12 mèter ing sadhuwuring permukaan dhataran mangsa saiki.[5]

Kapentingan[besut | besut sumber]

Ing jaman biyèn, Mohenjo-daro minangka salah siji punjer administratif Peradaban Lembah Indhus kuna.[6] Ing pucuk kejayaané, Mohenjo-daro iku kutha sing paling kabangun lan maju ing Asia Kidul, lan manawa uga ing donya. Perencanaan lan tekniké nuduhaké kapentingan kutha iki marang masarakat lembah Indhus.[7]

Peradaban Lembah Indhus (c. 3300-1700 SM, f. 2600-1900 SM) iku peradaban kali kuna sing tuwuh ing lembah kali Indhus ing India Kuna (saiki ing Pakistan lan India Lor-kulon). Peradaban iki uga kaloka minangka "Peradaban Harappa."

Kebudayaan Indhus tuwuh maabad-abad suwéné, banjur ngalami kebangkitan watara taun 3000 SM. Peradaban kasebut njangkau wewengkon sing saiki didhudhuki nagara Pakistan lan India Lor, nanging banjur ngalami kamerosotan watara taun 1900 SM. Pemukiman Peradaban Indhus kasebar nganti pasisir Laut Arab ing Gujarat ing kidul, perbatasan Iran ing kulon, kanthi kutha tapel-wates ing Bactria. Ing antara permukiman-permukiman iku, punjer kutha utama dumunung ing Harappa lan Mohenjo-daro, lan uga Lothal.

Puing-puing Mohenjo-daro minangka salah siji punjer utama sajeroning masarakat kuna iki. Sawetara arkeolog duwé panemu yèn Peradaban Indhus nggayuh gunggung limang yuta padunung ing puncaké.

Wektu iki, punjul sèwu kutha lan permukiman wis ditemokaké, mligi ing lembah Kali Sindhu ing Pakistan lan India lor-kulon.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ http://whc.unesco.org/en/list/138.
  2. ^ Mohenjo-Daro An Ancient Indus Valley Metropolis
  3. ^ Ancientindia.co.uk
  4. ^ a b "Mohenjo-Daro: An Ancient Indhus Valley Metropolis". Dijupuk 2008-05-19. 
  5. ^ a b "Mohenjo-Daro". 
  6. ^ Beck, Roger B.; Linda Black, Larry S. Krieger, Phillip C. Naylor, Dahia Ibo Shabaka, (1999). World History: Patterns of Interaction. Evanston, IL: McDougal Littell. ISBN 0-395-87274-X.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  7. ^ A H Dani (1992), Critical Assessment of Recent Evidence on Mohenjodaro, Second International Symposium on Mohenjodaro, 24–27 Fèbruari.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Mohenjo-daro.