Modhèl basa
Modhèl basa yaiku modhèl utawa kadyan saka kaconggahan wutek manungsa ngasilaké basa alami. [1] [2] Modhèl basa ndarbé mupangat kanggo maneka bubuhan (tugas). Kayata kanggo wewanuhan wicara (speech recognition), pertalan mesin, riptayasa basa alami (natural language generation) murih bisa kasil teks sing luwih kaya manungsa, wewanuhan aksara optika (optical character recognition), optimasi rute, [3] wewanuhan hastatulis (handwriting recognition), induksi paramasastra (grammar induction), lan pangolehbalen desana (information retrieval).
Modhèl basa gedhé (large languange model, LLMs), sapréné dadi wujud sing canggih dhéwé, utamané modhèl basa sing birid transformer sing digladhi ing klumpukan data luwih gedhé (asring piguna teks sing diudhal saka internet). Modhèl basa iki ngganti modhèl sing birid jaringan talirasa bebalènan (recurrent neural network), sing uga ngganti modhèl sadurungé sing murni mung modhèl setatistik, kaya modhèl basa tembung n-gram.
- ↑ Blank, Idan A. (November 2023). "What are large language models supposed to model?". Trends in Cognitive Sciences. 27 (11): 987–989. doi:10.1016/j.tics.2023.08.006. PMID 37659920.
{{cite journal}}: Check|pmid=value (pitulung)"LLMs are supposed to model how utterances behave." - ↑ Jurafsky, Dan; Martin, James H. (2021). "N-gram Language Models". Speech and Language Processing (édhisi ka-3rd). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 22 May 2022. Dibukak ing 24 May 2022.
- ↑ Liu, Yang; Wu, Fanyou; Liu, Zhiyuan; Wang, Kai; Wang, Feiyue; Qu, Xiaobo (2023). "Can language models be used for real-world urban-delivery route optimization?". The Innovation. 4 (6). Bibcode:2023Innov...400520L. doi:10.1016/j.xinn.2023.100520. PMC 10587631. PMID 37869471.
{{cite journal}}: Check|pmc=value (pitulung); Check|pmid=value (pitulung)