Moch Nursyahid Purnomo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Moch Nursyahid Purnomo, ya iku salah sijiné penganggit sastra jawa ing jaman kamardikan, kang asalé saka Jawa Wétan.[1] Dhèwèké lair ana ing Daramukti, Tuban, Jawa Wétan, tanggal 18 Maret 1949. Umuré padha karo Sukarman Sastrodiwiryo kang asalé saka Purwodadi, Grobogan, Arswendo Atmowiloto saka Surakarta, Poer Adhie Prawoto saka Cepu, Blora lan liya-liyané. Sakwisé tamat SD, dhèwèké banjur ninggalaké kutha kelairané lan ngudi kawruh ana ing kutha Sala. Ing kutha Sala, wus bola-bali pindhah omah. Sepisan ana ing dalan Tagoré 24A, Sala. Sakwisé nikah, dhèwèké menyang Sondokan, Sala. Banjur tuku omah ana ing dalan Mawar II/007, Perumnas Palur, Surakarta. Ana ing anggitané, dhèwèké asring nggunakaké jeneng peparab kayata, Tatik Handini, Atièk Prabahening, lan Wrehatnala. Miturut cariyos, jeneng-jeneng kuwi yaiku jeneng wong wadon kang wus tau ditresnani déning Moch Nursyahid Purnomo.

Kulawarga[besut | besut sumber]

Moch Nursyahid Purnomo lair saka kulawarga kang biasa lan temen anggoné ngibadah (Islam). Wong tuané yaiku Mochamad Soekri kang pagawéyané tetanèn lan wiraswasta, déné ibuné Mazizah. Dhèwèké uga duwé tunggal cacahé pitu. Bebarengan karo tunggalé kang cacah pitu iku, dhèwèké nglakoni apa kang ana ing syariat agama kanthi temen. Senajan wong tuané urip ana ing désa lan sarwa pas-pasan, nanging dhèwèké lan tunggal-tunggale duwéni pikiran kang maju. Bab kasebut, dibuktékaké déning wong tuané, kanthi upaya nyekolahaké kabèh anak-anakè kanthi ancas supaya padha bisa mangertèni ngrembakané jaman. Upaya kasebut uga mbuktèkaké menawa kulawarga Soekri nganggep, pendhidhikan iku bab kang wigati.  

Wiyata[besut | besut sumber]

Moch Nursyahid Purnomo, kaping pisan sekolah ana ing SD Kalangan I, Pajangan, Daramukti, Tuban, Jawa Wétan, lulus taun 1962. Banjur dhèwèké pindhah saka Tuban lan nerusaké sekolah ing Sala, yaiku SMP IX Surakarta, lulus taun 1965. Rampung SMP, banjur sekolah ana ing SMA V  Surakarta. Sakwisé rampung sekolah, dhèwèké nerusaké ana ing Pendhidhikan Guru Sekolah Lanjutan Pertama (PGSLP) II Surakarta, Jurusan Basa Indhonésia, lulus taun 1969. Wiwit taun 1972, Moch Nursyahid Purnomo ditampa kerja ana ing ASKI (saiki STSI) bagian administrasi (nganti saiki). Dhèwèké uga tau kuliah ana ing Institut Jurnalistik Pusat ing Surakarta, nanging ora nganti rampung.

Kiprah[besut | besut sumber]

Wiwit SMP Moch Nursyahid Purnomo wis duwé kasenengan maca buku-buku sastra, yaiku crikak lan novél. Ananging, kaprigelané saweg katon nalika dhèwèké sekolah SMA. Perkara iki dibuktèkaké déning Nursyahid kanthi karyan kang irah-irahané “Kenya Saka Gunung Arjuna” (wacan panglipur wuyung) kang kababar bebarengan karo penganggit liya kayata Any Asmara, Widi Widayat, Harjana H.P., Sutarno, Sudharmo K.D., Esmiet, lan Tamsir A.S ing taun 1966. Saka kedadéyan iku, Nursyahid bisa misuwur lan diakoni ing jagad sastra. Seratané Nursyahid ora mung sewates iku, ana uga seratan kang kababar ana ing kalawarti, buku saku, lan sandhiwara.

Sakliyané nyerat crikak lan novèl, Nursyahid Purnomo uga nyerat kritik/ésai. Seratan-seratan mawi basa Indhonésia dibabar déning Santi Aji Sala. Ana ing taun 2000, dhèwèké mbabar antologi geguritan kanthi irah-irahan “Mantra Katresnan”. Antologi kasebut dibabar déning Taman Budaya Jawa Tengah.

Pangaji[besut | besut sumber]

Ana ing taun 2003, Moch Nursyahid Purnomo éntuk pangaji sastra Rancagé saka pamaréntah. Pangaji iki diwènèhaké minangka tandha panyengkuyungané ana ing sastra jawa. Pangaji iku uga bisa kanggo salah sawijining tandha menawa sastra jawa iku sastra kang éndah, saha tandha pangaji saka pamaréntah kanggo sapa waé kang wis paring pasumbang sajroning kasusastran. Kanthi anané pangaji, sapa waé bakal tansah sregep anggone gawé karya lan samsaya wasis anggoné ngrembakaaké budaya jawa, mliginé babagan satra jawa.

Tuladha Karya[besut | besut sumber]

Karya-karya anggitané Moch Nursyahid, lumrahé ngandhut bab-bab agama. Bisa trésna marang Gusti, manungsa, bumi pertiwi (Khubul wathan minal iman), lan sapanunggalané. Ing ngisor iki ana karya angitané Nursyahid kang ngandhut pitutur babagan agama.


BELASUNGKAWA

kanggo : tretes tulissuci dayaputri


nalika tanganmu kumlawé

isih ana èsem sadulit

kumelap ing pojoking langit

banjur kumlébat malaikat lan widadari tumurun

nggawa cindhé kencana kanggo ngemban kowé

urip iki pancèn kebak dhemit

mula bener kowé kesusu pamit

saiki dipupu widadari kaya andi

ditogaké dolanan lintang lan rembulan

karo langen ana bengawan susu

gendéra abang mripat branang

dhadha-dhadha sinendhal mayang

nguntapaké lungamu

sing karoban kembang setaman.[2]

Sala, Januari 1977

(Dharma Nyata, Minggu kaping V, Januari 1977, hal.3)

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Suwondo, Tirto; dkk (2006). Antologi Biografi Pengarang Sastra Jawa Modern. Yogyakarta: Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 979 685 478 3. 
  2. B.A., Dojosantosa (1989). Unsur Religius Dalam Sastra Jawa. Semarang: CV.Aneka Ilmu.