Sima Qian

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sima Qian

Sima Qian (Hanzi: 司馬遷) (145 SM-90 SM) punika satunggiling sajarawan lan nagarawan ing jaman Dinasti Han. Asma jangkepipun inggih punika Sima Zichang (司馬子長). Karyanipun ingkang misuwur inggih punika Cathetan Sajarah Agung ingkang wujud cathetan sajarah paling jengkep sepindah ing Tiongkok malah ugi ing donya ingkang nyathetaken sajarah peradaban Tiongkok wiwit jaman Kaisar Kuning dumugi jaman Dinasti Han.

Kagesangan Sima Qian wiwit taksih timur[besut | besut sumber]

Sima Qian miyos taun 145 SM ing Longmen (sapunika Provinsi Shanxi), ingkang pas kaliyan taun kaping gangsal pamaréntahan Kaisar Jing saking Dinasti Han.

Nalika bapanipun, Sima Tan dipuntunjuk minangka Sajarawan Agung ing taun 140 SM, sadaya kulawarganipun pindhah dhateng Mao Ling, satunggiling kitha ingkang dipunyasa déning Kaisar Han, Wu minangka musoleum kanggé piyambakipun. Kitha Mao Ling piyambak letipun 30 km saking kitha krajan dinasti Han, Chang-an.

Kanggé yasa lan majengaken kitha Mao Ling, Kaisar Wu meksa para pedagang sugih kanggé pindhah dhateng kitha punika. Sasanèsipun punika, tiyang-tiyang saking manéka profèsi manggèn ing mrika.Malah pendhékar jago pedhang misuwur Guo Jie ugi naté dipunpeksa kanggé pindhah mrika. Kanthi makaten kitha kasebat dados ngrembaka, dados kitha ingkang kasil.

Ing yuswa 10 taun, Sima Qian wiwit sinau maos karya-karya klasik saking ara-araipun Kong Anguo. Banjur salajengipun, piyambakipun kathah srawung kaliyan kang ndunungi kitha Mao Ling saéngga bakatipun kaasah.

Napak tilas lelampahan Sima Qian[besut | besut sumber]

Nalika yuswa 20 taun, piyambakipun nggawontenaken lelampahanipun ingkang sepindhah. Piyambakipun tindak saking lèr mangidul, sadawanipun Kali Kuning lan Kali Yangtze. Piyambakipun ugi minggah ing redi Hui Ji kanggé njlajah pasaréan Yu, pangadeg Dinasti Xia ingkang misuwur lan tindak dhateng redi Jinyi ing provinsi Hunan kanggé nylidhiki tanah pasaréan Shun, raja misuwur saking Cina kina. Lelampahan salajengipun liwat kali Yuan lan Xiangjiang salajengipun mangalèr sadawanipun kali Wen lan Si. Salajengipun dhateng Kali Buluo papanipun panyair patriotik Qu Yuan mlumpat nglalu sasampunipun nglampahi kabotenadilan. Papan mawi sajarah sanès ingkang panjenenganipun dhatengi inggih punika kitha bètèng Xiehe ingkang wujud papan raja-raja Chu lan Han pérang kanggé pikantuk kakuwosan. Lan ing lelampahan kundur dhateng Chang-an, piyambakipun ngliwati praja Liang lan Chu.

Sakunduripun saking lelampahanipun, piyambakipun dipuntunjuk minangka pegawé Pura ingkang pungkasaipun mbeta panjenenganipun malih ing lelampahan dhinas ingkang ing wekdal punika nuju dhateng provinsi Hunan lan Sichuan. Panjenenganipun mlampah liwat provinsi Guichuan, Guangxi, Yunnan lan Kunming. Salajengipun ndhatengi pérangan kidul-kilèn Cina papaning suku Yi manggèn lan salajengipun panjenenganipun kundur malih dhateng kitha krajan nalika kawontenan bapanipun kritis amargi lelara ingkang dipuntandhang.

Wasiat bapanipun[besut | besut sumber]

Nyaketi sédanipun, bapanipun nyuwun dhumateng Sima Qian supados nerasaken upados leluhuripun minangka Sajarawan Agung. Alasanipun inggih punika supados wonten ingkang nglajengaken upados Konfusius ingkang sampun nyathet prastawa 500 taun sepindhah ing cathetan usum semi lan usum palastra nanging sasampunipun 500 taun sasampunipun Konfusius tilar donya, boten wonten ingkang kapilut ing prakawis sajarah. Bapanipun nyuwun supados piyambakipun njangkepi Cathetan Mangsa Semi lan Mangsa Gugur ingkang sampun dipundamel Konfusius, inggih punika Cathetan 500 taun salajengipun. Sima Qian piyambak yuswanipun 36 taun nalika bapanipun séda.

Lelampahan karir lan prastawa ingkang ngéwahi gesangipun[besut | besut sumber]

Tigang taun salajengipun, Sima Qian nggantosaken posisi bapanipun minangka sajarawan agung kanagarian. Ing posisi punika, piyambakipun saged maos sadaya arsip lan dhokumèn pura. Ing taun 104 SM, Sima Qian wiwit ngginakaken wekdal selanipun kanggé nyerat Arsip Sajarawan.

Nanging limang taun salajengipun, ing yuswa 47 taun, Sima Qian nglampahi goncangan ingkang saklangkung awrat ing gesangipun nalika dumados prakawis Li Ling.

Prastawa punika dipunwiwiti nalika wontenipun invasi ingkang dipunpimpin déning Li Guang, Wei Qing, lan Huo Quibing dhumateng tiyang-tiyang Tatar ingkang ing wekdal samanten nedahaken gesang ingkang kasil lan nedahaken jaman kaemasan saking kawicaksanan ekspansionis saking Kaisar Wu saking Han.

Salajengipun, nalika Li Guangli, krabat tebihipun kaisar dipunangkat dados panglima wadyabala kanggé nglawan Tatar, seranganipun boten patiya kasil. Kaisar mréntahaken Li Ling, wayah saking Li Guang, kanggé ngamping-ampingi Li Guangli dhateng redi Hao Lian kanggé perang nglawan Tatar. Nanging Li Ling ingkang namung mbeta 5000 wadyabala kanggé ngalihaken wadyabala Tatar dipunadhepi déning 80.000 wadyabala utami Tatar saandhaping pimpinan Dan Yu. Ing wolung dinten peperangan, Li Ling kècalan sepalih kakiyatan wadyabalanipun nanging kasil ngancuraken langkung saking 10.000 wadyabala Tatar. Nanging amargi boten wonten bantuwan, Li Ling kapeksa nyerah.

Prastawa punika mijilaken nepsuning Kaisar ing kitha krajan lan lajeng mréntahaken paukuman pejah kanggé Li Ling, ugi wonten guneman bilih Li Ling malah nglatih wadyabala Tatar. Perkawis punika ingkang njalari Sima Qian ngajengaken kawratanipun marang kaputusan kaisar kanthi maringaken gambaran ingkang sajatosipun ing peperangan ingkang lumampah boten imbang. Sima Qian ugi mrotès kawicaksanan ekspansi militèr kaisar. Pratelan Sima Qian njalari Kaisar ndhawahaken paukuman pejah kanggé Sima Qian.

Ing wekdal samanten, tahanan ingkang badhé dipunukum pati saged uwal saking paukuman kanthi kalih cara. Cara sepindhah kanthi ngginakaken arta jaminan pambebasan. Nanging kulawarga Sima Qian miskin sanget dados boten saged nyedhiyakaken arta jaminan. Malah, réncang-réncangipun ugi saking golongan ingkang sami kaliyan piyambakipun lan boten wonten ingkang saged mbiyantu. Cara kaping kalih inggih punika kanthi dipunkebiri. Kathah saking para sarjana, langkung saé pejah tinimbang nampi paukuman kados makaten.

Nanging amargi janji Sima Qian dhumateng bapanipun kanggé nerasaken upados bapanipun minangka sajarawan agung, pungkasanipun Sima Qian milih dipunkebiri. Sima Qian ngaca bilih kamalangan mesthi mbentuk pérangan paling ageng saking kagesangan satunggiling tiyang. Sapérangan tokoh ageng kathah maringaken karya-karya sumbangsihipun sasampunipun nglampahi prakawis ingkang boten sekéca ing gesangipun. Sima Qian ugi ngaca saking Kaisar Wen ingkang nemokaken Prinsip Pangowahan nalika dipunkunjara, Konfusius ingkang nyerat Cathetan Usum Semi lan Usum Gugur nalika kajebak ing Chen Ji. Panyair Qu Yuan nyerat Antologi Yi Shao sasampunipun dipunbucal dhateng Jiangnan, Zhuo Qiuming nyerat kisah klasik Guo Yu sasampunipun dados wuta. Wun Bin nyerat analek militèr sasampunipun kécalan kalih sukunipun. Lu Buwei nyerat Analek Usum Semi lan Usum Gugur ngenani Lu sasampunipun dipunbucal dhateng Chu lan Han Feizi nyerat manéka kisah klasik nalika dipunkunjara ing praja Qin. Kanthi kawontenanipun, Sima Qian nyerat Arsip Sajarawan ingkang njangkep 2000 taun sajarah bangsa Tionghoa saking jaman Kaisar Yao lan Sun, dumugi ing Kaisar Han, Wu, nyipeng Bai Lin.

Arsip Sajarawan (Records of Historian)[besut | besut sumber]

Karyanipun, Arsip Sajarawan (Records of Historian) rampung antawis taun 91 SM, sadaya wonten 130 volume lan dipunpérang dados gangsal katagori. Kalih welas analek (Twelve Anals) nyathet kalih welas pamaréntahan paling wigatos saking Kaisar Kuning dumugi jaman pamaréntahan Sima Qian piyambak. Owah-owahan kagesangan sosial ugi dipunlebetaken ing mriki ing urutan kronologis. Sedasa Tabèl (Ten Tables) nampilaken gentos-gumantosing dinasti, sesambetan antawis nagari ingkang bènten lan panunjukan pejabat wigatos. Prastawa sajarah ingkang boten wonten saged dipunklompokaken dhateng taun ingkang pas ugi dipunlebetaken ing mriki. Wolung traktat (EightTratises) nyathet perkembangan upacara, musik, hukum, kalèndher, èlmu pengetauan, astronomi, pangurbanan, panyimpenan toya sarta bobot lan ukuran. Tigang nDasa Griya Warisan (Thirty Hereditary Houses) nyathet kaum kinurmat lan pangéran salamining Periode Usum Semi lan Gugur, Wekdal Nagari-Nagari sami Perang lan salamining Dinasti Chin lan Han awal. Pitung nDasa Kagesangan (Seventy Lives) punika biografi saking sapérangan tiyang wigatos salamining maabad-abad, cariyos nagari asing lan kang ndunungi minoritas ing Cina, ing sesambetanipun kaliyan tiyang-tiyang Han. Arsip punika limrahipun dipunakiri kanthi komentar Sima Qian kanggé maringi kasunyatan tambahan saking panylidikan pribadinipun utawi kanggé nyegah lepating pangertosan.

Perkawis sanès ing karyanipun inggih punika prosès pandamelanipun, piyambakipun asring tindakan kanggé pados matèri sajarah, nyathet arsip dhasaripun dhedhasar pamilihan matèri ingkang setiti lan salajengipun mbuktèkaken kasunyatanipun kanthi mbandhingaken kaliyan vèrsi ingkang bènten ingkang sumadiya. Ing seratanipun, piyambakipun boten mblènjani papanipun minangka pahlawan ingkang kakawonaken ing sajarah lan piyambakipun boten nganggep wanita kirang wigatos tinimbang priya. Minangka conto, Kaisar sepindhah dipungantosaken déning putranipun nanging kakuwaosan sajatosipun wonten ing astanipun Ibu Suri Lu, saéngga Sima Qian maringi cathetan mirunggan bab panjenenganipun. Sasanèsipun punika, piyambakipun ugi tiyang ingkang jujur kanthi sikap leres lan lepat ingkang kiyat. Piyambakipun nyerat kanthi blaka ngenani pedamelan ala para panguwaos, piyambakipun nggambaraken pedamelan kasebat kanthi jujur lan ngecam kanthi cetha. Sikapipun ndamel dukanipun kaum panguwaos, lan sapérangan réncangipun nelakaken karyanipun minangka "buku fitnah". Sanadyan makaten, prakawis punika ndamel Sima Qian dipunkenal minangka panegak kaadilan lan juru wicara rakyat.

Arsip Sajarawan punika saged dipungambaraken minangka dhokumèn ingkang gadhah pangaji sajarah ingkang dipunserat sesarengan déning kathah tiyang. Boten namung amargi dhokumèn punika nangkep éwah-éwahan ingkang laminipun pérangan taun, nanging ugi manggèn ing posisi wigatos ing sajarah ugi ing sastra Tiongkok.

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.