Menara Pisa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sana Warisan Donya UNESCO
Menara Pisa
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
JinisBudaya
Wewatoni, ii, iv, vi
Rujukan395
Tlatah UNESCOAmérika Lor lan Èropah
Sujarah prasasti
Prasasti1987 (Sési ke-15)

Menara Pisa (Basa Italia: Torre pendente di Pisa utawa dicekak Torre di Pisa) ya iku campanile utawa menara loncèng katedral ing kutha Pisa, Italia.[1] Saben pelancong sing menyang Italia ora lali nekani menara miring “Pisa” sing wis misuwur ing donya.[2] Menara iku digawé saka marmer, yasan iku duwé jeneng Campanile kanggo nggantungaké jam gréja[butuh sitiran] Wangunan kang awujud segi lima iku digawé taun 1174.[2] Ora suwé menara iku dibangun pondasiné ambles ing jero lemah lan miring 4,2 mèter saka garis tengahé.[3] Satus taun sawisé taun 1274, ana arsitek nambahi patang ruangan manèh gawé ngimbangi kemiringane. Nanging gandhèng majuné jaman, yasan iku saya miring lan bisa dideleng nyata.[2] Dhuwuré menara iki ya iku 55,86 m saka lumah tanah paling endèk lan 56,70 m saka lumah tanah paling dhuwur. Ambanè témbok ing ngisoré tekan 4,09 m lan ing puncak 2,48 m. Bobote kira-kira tekan 14.500 ton. Menara Pisa duwé 294 anak undhak-undhakan.[2]

Menara Pisa kang megah lan éndah iku duwé pilar-pilar akèh, kori gerbang setengah bunder lan frescone(rerenggan témbok) kang serasi uga kaca warna ing jero jendhéla sing pancèn agawé narik kawigatèné para pelancong.[1] Ing jero ruangan Katedral iku kagantung lampu lan rerenggan papat patung widadari cilik.[3] Lan sing paling apik ya iku pajangan sing obah-obah dhéwé kang awujud dolanan pot-pot bunder lonjong lan lancip ing ngisore.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Pembangunan menara iki ana telung tahap ing wektu 200 taun. Pembangunan lantai siji saka campanile sing saka watu marmer putih dimulai saka 9 Agustus 2001.[4] Lantai siji dikupengi cagak sing ngarah miring marang lengkungan kerai.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b "Metro Gaya". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-20. Dibukak ing 2011-04-25.
  2. a b c d Jajak MD dkk. 1979. 17 Keajaiban Dunia. Jakarta:Aqua Press
  3. a b c Situs Indosiar[pranala mati permanèn]
  4. a b "Erabaru.net". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-24. Dibukak ing 2011-05-01.