Labu air

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Labu air
Woh enom labu air
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Cucurbitales
Famili: Cucurbitaceae
Génus: Lagenaria
Spésies: L. siceraria
Jeneng binomial
Lagenaria siceraria
(Molina) Standl.
Sinonim

Lagenaria leucantha
Cucurbita leucantha
C. siceraria
C. longa
C. lagenaria

Lagenaria siceraria var peregrina

Labu air utawi labu sayur (Lagenaria siceraria) inggih punika salah satunggaling jinis labu ingkang wohinpun ingkang taksih enèm saged dipunjangan lan wohipun ingkang sampun tua saged dipudadosaken wadhah toya, tabung, kanthong hias, utawi dados koteka. Labu air taksih satunggal kulawarga kaliyan beligo lan raosipun inggih meh sami. Déné wujud fisik wohipun inggih manéka warna, saking ingkang wujudipun bunder ngantos dawa lonjong. Tuwuhan punika dipunmangertosi minangka salah satunggaling tuwuhan ingkang dipunbudidaya ingkang sampun tua, nanging tuwuhan punika dipuntandur sanès kanggé bahan dhaharan nanging dipun-ginakaken kanggé prabot rumah tangga. Amargi wujudipun punika, mila prabot laboratorium ingkang wujudipun meh sami kados woh labu air punika mila prabot punika ugi dipunsebat labu, kados ta labu ukur lan labu Erlenmeyer.

Asal lan Pangrembakanipun[besut | besut sumber]

Tuwuhan labu air punika kalebet tuwuhan holtikultura ingkang saged tuwuh wonten ing laladan tropis saha subtropis, lan sapunika tiyang kathah ingkang pitados bilih asalipun tuwuhan punika lan pangrembakanipun dipunwiwiti saking Afrika Selatan.[1] Tuwuhan Labu air punika sampun dipunbudidaya wonten ing Asia, Éropah, lan Amérika lan sampun ewunan taun wonten saderengipun Christophr Columbus manggihaken bawana Amérika.

Titikanipun[besut | besut sumber]

Kados anggota sanèsipun saking kulawarga cucurbitaceae, labu air ugi ngewrat kandhungan cucurbitacin ingkang misuwur dados o be cytotoxic. Kandhungan tetracyclic triterpenoid cucurbitacins kamot wonten ing woh- owhan ugi janganan ing kulawarga timun kanthi raosipun ingkang radi pait, lan saged damel sakit padharanipun. Lan ingkang paling temenan saged damel tiyang séda amargi ngunuk jus labu punika. [2][3] [4]

Pigunanipun[besut | besut sumber]

Karibia[besut | besut sumber]

Ing Karibia, labu air asring dipun-ginakaken kanggé prabot rumah tangga, kados ta kanggé cangkir, mangkok, utawi baskom lan sadaya prabot ingkang wujudipun nglengkung. Piranti punika ugi saged dipun-ginakaken kanggé wadhah toya, utawi saged dipun-ginakaken kanggé mbeto barang- barang sanèsipun. Ing sapérangan nagara ing Pulo Karibia, labu air dipun-ginakaken kanggé makarya, nglukis, saha ndhekor tas utawi barang sanèsipun ingkang sampun dipungambari lan dipunsade kanggé para turis. Ing Jamaika, labu air ugi dipun-ginakaken kanggé prabot rumah tangga ingkang nggambaraken gesang ingkang séhat, kados ta kanggé cangkir, mangkok, utawi teko.

Afrika[besut | besut sumber]

Ing Afrika, labu air ingkang ugi dipunsebat nkalu ing Kikongo dipun-ginakaken kanggé nglumpukaken saha kanggé nyimpen arak mliginipun ing Provinsi Bandudu, Republik Kongo. Ing laladan Afrika Barat, labu air aring dipunbolongi lan dipun-ginakaken kanggé prabot khas rumah tangga kanggé ngresiki wos, mbeto toya utawi kanggé wadhah dhaharan. Déné kanggé ukuran ingkang alit dipundinakaken kanggé mangkok kanggé ngunjuk tuak.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Decker-Walters, D.S., Wilkins-Ellert, M., Chung, S.-M. & Staub, J.E. (2004). Discovery and genetic assessment of wild bottle gourd [ Lagenaria siceraria (Mol.) Standley, Cucurbitaceae] from Zimbabwe. mbe.oxfordjournals.org – Economic Botany 58. kc. 501–508. {{cite book}}: Missing |author1= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. Adhyaru-Majithia, Priya (27 Januari 2013). "Not all bitter veggies are good, they can kill you: Doctors". DNA. Bhaskar Group. Diarsip saka sing asli ing 2012-09-26. Dibukak ing 27 Januari 2013.
  3. Chandra, Neetu (27 Januari 2013). "Toxin in lauki kills diabetic city scientist". India Today. Living Media. Diarsip saka sing asli ing 2010-07-12. Dibukak ing 27 Januari 2013.
  4. "Bitter 'lauki' juice can kill you". Times of india. Living Media. 27 Januari 2013. Dibukak ing 27 Januari 2013.