Dendrit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Skéma réprésentasi saking neuron
Satunggiling neuron wangun piramid, dipunagengaken kaping 40. Dipunpirsani ing ukuran ageng eri dendritik katingal cetha.
Diagram sèl neuron jangkep
Neuron hippocampal dikultur in vitro, ngèksprèsikaken protéin fluorescent ijem (GFP) lan gadhah dendrit kanthi kathah eri dendritik

Dendrit inggih punika tlatah-tlatah input ingkang ngandhut reseputor, ingkang saben reseptor nanggapi jinis neurotransmiter katamtu. Dendrit wangun konthak sinaptik kaliyan akson sèl saraf sanèsipun kanggé ngirim implus saraf. Dendrit inggih punika neuron ingkang wangunipun kados ta wit. Ingkang kathah neuron gadhah pinten-pinten dendrit, ingkang limrahipun cendhak lan nyabang.[1] Sèl dendrit (DC) inggih punika sèl-sèl kakebalan ingkang yasa péranganing sistem kakebalan awak mamalia. Fungsi utamanipun inggih punika kanggé prosès bahan antigen lan wonten ing salumahanipun sèl-sèl sanèsipun saking sistem kakebalan awak, pramila mupangatipun dados antigen presenting sèl. Sèl dendritik wonten ing gunggung alit ing jaringan ingkang kontak kaliyan lingkungan èksternal, mliginipun ing kulit (ing pundi wonten jinis sèl kusus ingkang dipunsebat sèl Langerhans dendritik) lan lapisan ing irung, paru-paru, padharan saha usus. Punika ugi saged kapanggih ing kawontenan dèrèng diwasa ing rah. Ingkang sasampunipun, migrasi ing jaringan limfoid ing pundi interaksi kaliyan sèl T lan sèl B kanggé nglampahi lan mbentuk rèspon imun adhaptif. Ing tahap pambangunan katamtu sadaya tuwuh proyèksi nyabang ing dendrit, ingkang maringi sèl namanipun, nanging punika boten gadhah gegayutan kusus kaliyan neuron, ingkang ugi gadhah pajangkep sarupi. Sèl dendrit dèrèng ngasilaken ugi dipunsebat sèl kaslubung, ing ngriki gadhah kathah sitoplasma cadar saking dendrit. Sèl dendrit ingkang miwiti njlèntrèhaken déning Paul Langerhans (sèl Langerhans) ing abad sangalas, ngantos 1973, istilah sèl dendritik dipunciptaaken déning Ralph M. Steinman lan Zanvil A.Cohn. Ing taun 2007 Steinman dipunanugrahi Albert Lasker award kanggé risèt kadhokteran dhasar kanggé pamanggihanipun.[2]

Pérangan-pérangan jaringan saraf[besut | besut sumber]

  1. Badan sèl saraf ingkang ngandhut inti sèl lan neuroplasma. Neuron utawi akson utawi cabang ndawa, fungsinipun mbeta implus nilaraken badan sèl saraf. Dendrit utawi cabang cendhak, fungsinipun mbeta implus ing badan sèl saraf.
  2. Akson dipunkelilingi déning sèl panyongkong ingkang dipunsebat sèl Schwann. Akson dipunslubungi kaliyan slaput ingkang dipunnamani neurilema. Ing lebet neurilema wonten slubung mielin dipunnamani Nodus Ranvier. Akson nyabang ing caket pucuk (terminal akson). Titik patemon antawisipun terminal akson kaliyan satunggal neuron kaliyan sanèsipun dipunsebat sinapsis. Titik patemonipun (sinapsis) punika gadhah fungsi ngèlajengaken rangsang ing sèl saraf ingkang sanès kanthi cara medalaken bahan kimia ingkang dipunsebat neurotransmiter.
  3. Badan sèl saraf gadhah inti saha wangun perikorin ingkang gegayutan kaliyan akson wangun huruf V, ingkang dipunsebat aksonhillok. Retikulum endoplasma lan ribosom wangun granula ingkang dipunsebat badan nissl.

Adhedasar cara mindhahaken rangsang lan panggènanipun[besut | besut sumber]

  • Neuron Afferent (Neuron Sensorik). Neuron punika ndugèkaken pesen saking organ ing saraf pusat, ugi sungsum balung wingking utawi utek. Pramila panampi rangsang punika asring dipunsebat ugi minangka neuron sensorik.[3]
  • Neuron Intermedier (Interneuron). Neuron punika ndugèkaken implus saking neuron sensorik utawi saking neuron intermedier ingkang sanès dhumateng neuron motorik. Antawisipun saraf satunggal kaliyan sanèsipun silih gegayutan. Gegayutan antawisipun saraf ingkang sami lumantar titik temu antawisipun pucuk akson neuron ingkang satunggal kaliyan dendrit neuron sanèsipun, ingkang dipunsebat Sinaps. Mupangat sinaps inggih punika nerasaken rangsang saking sèl saraf satunggal ing sèl saraf sanèsipun. Sinaps medalaken dat kanggé nggampilaken nerasaken rangsang ingkang dipunsebut neurotransmitter.[3]
  • Neuron Efferent (Neuron Motorik). Neuron punika nerasaken implus saraf ingkang dipuntampi saking neuron Intermesier. Pesen ingkang dipunkintun nemtokaken tanggapan badan kaliyan rangsang ingkang dipuntampi déning neuron aferen. Dendrit saking neuron eferen kanthil ing otot pramila asring dipunsebat neuron motorik.[3]
  • Badan sèl saraf, panggènanipun ing pusat saraf lan ganglion. Gangglion inggih punika kempalan badan sèl saraf ingkang panggènanipun katamtu, tuladhanipun ing sisih tengen lan kiwa sungsum balung wingking.[3]

Mupangat jaringan sèl saraf[besut | besut sumber]

  1. ngrèspon éwah-éwahan lingkungan iritabilitas.
  2. mbeta implus-implus saraf (pesen) dhumateng pusat saraf utawi suwalikipun konduktivitas.
  3. ngréaksi aktif kaliyan rangsang ingkang dhateng wujud obahan pindhah utawi ngèndha.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Arti dendrit Archived 2013-01-02 at the Wayback Machine. (dipunundhuh Tanggal 26 Oktober 2012)
  2. Pengertosan Dendrit Archived 2011-03-19 at the Wayback Machine. (dipunundhuh Tanggal 26 Oktober 2012)
  3. a b c d e Bagéan lan Fungsi Jaringan Saraf Archived 2012-11-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 26 Oktober 2012)