Yuyutsuh: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
c →‎top: éjaan using AWB
c →‎top: éjaan using AWB
Larik 1: Larik 1:
'''Raden Arya Yuyutsuh''' ing pedhalangan Jawa iku putrane [[Widura|Adipati Widura]] utawa Yamawidura. Dene ibune Yuyutsuh ya iku Dewi Padmarini. Arya Yuyutsuh duwe sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya. Yamawidura dhewe klebu putrane [[Abyasa|Begawan Wiyasa]] lan Dewi Datri kang wuragil. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina. Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela [[Pandhawa]] apa [[Kurawa]] nalika perang [[Bharatayudha|Baratayuda]] arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.
'''Raden Arya Yuyutsuh''' ing pedhalangan Jawa iku putrane [[Widura|Adipati Widura]] utawa Yamawidura. Dene ibune Yuyutsuh ya iku Dewi Padmarini. Arya Yuyutsuh duwé sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya. Yamawidura dhewe klebu putrane [[Abyasa|Begawan Wiyasa]] lan Dewi Datri kang wuragil. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina. Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela [[Pandhawa]] apa [[Kurawa]] nalika perang [[Bharatayudha|Baratayuda]] arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.


Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para [[Pandhawa]]. Yuyutsuh duwe panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene [[Kurawa]] dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener. Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing [[Astinapura|Krajan Astina]]. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwe hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka [[Pandhu|Prabu Pandhudewanata]], panguwasane Krajan Astina kang sah.
Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para [[Pandhawa]]. Yuyutsuh duwé panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene [[Kurawa]] dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener. Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing [[Astinapura|Krajan Astina]]. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwé hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka [[Pandhu|Prabu Pandhudewanata]], panguwasane Krajan Astina kang sah.


Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani déning kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina.
Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani déning kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina.
Ing sajroning piagam iku ditemtokake yen [[Dretarastra|Prabu Drestarastra]] bakal nglenggahi dhampar keprabon Astina nggenteni Prabu Pandhudewanata nganti para Pandhawa cukup dIwasa kanggo nyekel panguasa nagara Astina sasurute Prabu Pandudewanata. Yen Pandhawa wus cukup diwasa, dhampar keprabon Astina bakal dipasrahake déning Prabu Drestarastra marang Pandhawa.
Ing sajroning piagam iku ditemtokake yen [[Dretarastra|Prabu Drestarastra]] bakal nglenggahi dhampar keprabon Astina nggenteni Prabu Pandhudewanata nganti para Pandhawa cukup dIwasa kanggo nyekel panguasa nagara Astina sasurute Prabu Pandudewanata. Yen Pandhawa wus cukup diwasa, dhampar keprabon Astina bakal dipasrahake déning Prabu Drestarastra marang Pandhawa.


Ananging, [[Duryodana|Duryudana]] lan 100 sedulure gawé ada-ada kanggo nguwasani dhampar keprabon Astina. Duryudana lan para sedulure, Kurawa, dibiyantu déning [[Sangkuni|Arya Sakuni]] (utawa Sengkuni) lan [[Gendari|Dewi Gendari]] saengga kasil nguwasani dhampar keprabon Astina sasurute Prabu Pandhudewanata. Nalika iku, separo saka perangan njaba nagara Astina dijaluk bali déning Pandhawa kanthi cara bedamen lan rembugan kadidene antarane kulawarga dhewe. Ananging saka sikep srakahe Duryudana (utawa Prabu Suyudana), wusana Astina tetep diregem déning para Kurawa. Dene Pandhawa disiya-siya lan uripe tansah kaningaya krana tumindake Duryudana sasedulure. Ora ana saperangan cilik lemah nagara Astina kang dipasrahake marang Pandhawa, arepa sejatine Prabu Suyudana ora duwe hak kanggo nguwasani krajan Astina. Cecongkrahan ing nagara Astina sansaya panas lan wusana nuwuhake perang Baratayuda.
Ananging, [[Duryodana|Duryudana]] lan 100 sedulure gawé ada-ada kanggo nguwasani dhampar keprabon Astina. Duryudana lan para sedulure, Kurawa, dibiyantu déning [[Sangkuni|Arya Sakuni]] (utawa Sengkuni) lan [[Gendari|Dewi Gendari]] saengga kasil nguwasani dhampar keprabon Astina sasurute Prabu Pandhudewanata. Nalika iku, separo saka perangan njaba nagara Astina dijaluk bali déning Pandhawa kanthi cara bedamen lan rembugan kadidene antarane kulawarga dhewe. Ananging saka sikep srakahe Duryudana (utawa Prabu Suyudana), wusana Astina tetep diregem déning para Kurawa. Dene Pandhawa disiya-siya lan uripe tansah kaningaya krana tumindake Duryudana sasedulure. Ora ana saperangan cilik lemah nagara Astina kang dipasrahake marang Pandhawa, arepa sejatine Prabu Suyudana ora duwé hak kanggo nguwasani krajan Astina. Cecongkrahan ing nagara Astina sansaya panas lan wusana nuwuhake perang Baratayuda.


Lelandhesan wawasan kasebut lan antebing rasa sawise mecaki laku batin kang abot, Arya Yuyutsuh banjur nemtokake sikepe, mbela Pandhawa. Nalika perang Baratayuda wus lumaku sawetara wektu, Arya Yuyutsuh banjur nemoni [[Sumbadra|Dewi Wara Sumbadra]] kanthi pangajab antuk kapercayan saka Pandhawa. Sawise iku Arya Yuyutsuh banjur ambyur ing perang Baratayuda bebarengan karo para wadyabala kang nyengkuyung Pandhawa. Para prajurit wadyabala Pandhawa ora ana kang cubirya marang tekane Yuyutsuh. Yuyutsuh dhewe nuduhake kridha kang temen-temen kanggo mbelani Pandhawa ing madyaning pabaratan perang Baratayuda. Yuyutsuh tanpa rangu sedya ngurbanake jiwa lan ragane kanggo mbelani bebener, mbelani Pandhawa. Arya Yuyutsuh gugur ing pabaratan déning tangane [[Karna|Adipati Karna]], raja Awangga.
Lelandhesan wawasan kasebut lan antebing rasa sawise mecaki laku batin kang abot, Arya Yuyutsuh banjur nemtokake sikepe, mbela Pandhawa. Nalika perang Baratayuda wus lumaku sawetara wektu, Arya Yuyutsuh banjur nemoni [[Sumbadra|Dewi Wara Sumbadra]] kanthi pangajab antuk kapercayan saka Pandhawa. Sawise iku Arya Yuyutsuh banjur ambyur ing perang Baratayuda bebarengan karo para wadyabala kang nyengkuyung Pandhawa. Para prajurit wadyabala Pandhawa ora ana kang cubirya marang tekane Yuyutsuh. Yuyutsuh dhewe nuduhake kridha kang temen-temen kanggo mbelani Pandhawa ing madyaning pabaratan perang Baratayuda. Yuyutsuh tanpa rangu sedya ngurbanake jiwa lan ragane kanggo mbelani bebener, mbelani Pandhawa. Arya Yuyutsuh gugur ing pabaratan déning tangane [[Karna|Adipati Karna]], raja Awangga.

Révisi kala 3 Maret 2016 13.34

Raden Arya Yuyutsuh ing pedhalangan Jawa iku putrane Adipati Widura utawa Yamawidura. Dene ibune Yuyutsuh ya iku Dewi Padmarini. Arya Yuyutsuh duwé sedulur tunggal bapak ibu sing jenenge Sanjaya. Yamawidura dhewe klebu putrane Begawan Wiyasa lan Dewi Datri kang wuragil. Yuyutsuh lan Sanjaya melu bapak ibune lan dedunung ing kasatriyan Pagombakan. Kasatriyan iki mujudake perangan mburi wangunan Karaton Astina. Wiwitane kulawarga Arya Widura milih meneng lan ora nemtokake sikep arep mbela Pandhawa apa Kurawa nalika perang Baratayuda arep pecah. Wusana Arya Yuyutsuh nemtokake sikep kang dadi katetepan batine sawise ngliwati laku batin kang abot.

Yuyutsuh netepake sikep milih mbela para Pandhawa. Yuyutsuh duwé panganggep, sawise ngliwati laku batin kang abot, yen para Pandhawa iku pehak sing ngugemi bebener. Dene Kurawa dadi mehak kang nerak wewaler, ora ngugemi bebener, kepara ngiwakake bebener. Yuyutsuh nganggep para Pandhawa pancen dumunung ing kalungguhan kang bener ing bab cecongkrahan kalawan para Kurawa kanggo ngrebut panguwasa ing Krajan Astina. Miturut Yuyutsuh, Pandhawa iku kang duwé hak marisi panguwasaning Krajan Astina saka Prabu Pandhudewanata, panguwasane Krajan Astina kang sah.

Nalika Prabu Pandhudewanata surut ing kasedan jati, Pandhawa, para putrane pancen durung cukup dewasa yen dipasrahi tanggung jawab mimpin krajan Astina. Amarga iku banjur diracik Piagam Astina kang disekseni lan ditandhatangani déning kabeh pehak lan kabeh krabat sesepuh Astina. Ing sajroning piagam iku ditemtokake yen Prabu Drestarastra bakal nglenggahi dhampar keprabon Astina nggenteni Prabu Pandhudewanata nganti para Pandhawa cukup dIwasa kanggo nyekel panguasa nagara Astina sasurute Prabu Pandudewanata. Yen Pandhawa wus cukup diwasa, dhampar keprabon Astina bakal dipasrahake déning Prabu Drestarastra marang Pandhawa.

Ananging, Duryudana lan 100 sedulure gawé ada-ada kanggo nguwasani dhampar keprabon Astina. Duryudana lan para sedulure, Kurawa, dibiyantu déning Arya Sakuni (utawa Sengkuni) lan Dewi Gendari saengga kasil nguwasani dhampar keprabon Astina sasurute Prabu Pandhudewanata. Nalika iku, separo saka perangan njaba nagara Astina dijaluk bali déning Pandhawa kanthi cara bedamen lan rembugan kadidene antarane kulawarga dhewe. Ananging saka sikep srakahe Duryudana (utawa Prabu Suyudana), wusana Astina tetep diregem déning para Kurawa. Dene Pandhawa disiya-siya lan uripe tansah kaningaya krana tumindake Duryudana sasedulure. Ora ana saperangan cilik lemah nagara Astina kang dipasrahake marang Pandhawa, arepa sejatine Prabu Suyudana ora duwé hak kanggo nguwasani krajan Astina. Cecongkrahan ing nagara Astina sansaya panas lan wusana nuwuhake perang Baratayuda.

Lelandhesan wawasan kasebut lan antebing rasa sawise mecaki laku batin kang abot, Arya Yuyutsuh banjur nemtokake sikepe, mbela Pandhawa. Nalika perang Baratayuda wus lumaku sawetara wektu, Arya Yuyutsuh banjur nemoni Dewi Wara Sumbadra kanthi pangajab antuk kapercayan saka Pandhawa. Sawise iku Arya Yuyutsuh banjur ambyur ing perang Baratayuda bebarengan karo para wadyabala kang nyengkuyung Pandhawa. Para prajurit wadyabala Pandhawa ora ana kang cubirya marang tekane Yuyutsuh. Yuyutsuh dhewe nuduhake kridha kang temen-temen kanggo mbelani Pandhawa ing madyaning pabaratan perang Baratayuda. Yuyutsuh tanpa rangu sedya ngurbanake jiwa lan ragane kanggo mbelani bebener, mbelani Pandhawa. Arya Yuyutsuh gugur ing pabaratan déning tangane Adipati Karna, raja Awangga.

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa