Kabupatèn Purwareja: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Arupako (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: kecamatan → kacamatan, desa → désa, Kecamatan → Kacamatan (39), kelurahan → kalurahan, Kelurahan → Kalurahan using AWB
Arupako (parembugan | pasumbang)
c →‎top: éjaan, replaced: Indonesia → Indonésia using AWB
Larik 17: Larik 17:
<tr><td>[[Suku Bangsa]]:</td><td>[[wong Jawa]]</td></tr>
<tr><td>[[Suku Bangsa]]:</td><td>[[wong Jawa]]</td></tr>
<tr><td>[[Agama]]:</td><td>[[Kejawen]], [[Islam]], [[Protestan]], [[Katulik]], [[Hindhu]] lan [[Buddha]]</td></tr>
<tr><td>[[Agama]]:</td><td>[[Kejawen]], [[Islam]], [[Protestan]], [[Katulik]], [[Hindhu]] lan [[Buddha]]</td></tr>
<tr><td>Basa:</td><td> [[Basa Jawa]] lan [[Basa Indonesia]]</td></tr>
<tr><td>Basa:</td><td> [[Basa Jawa]] lan [[Basa Indonésia]]</td></tr>
</table>
</table>



Révisi kala 2 Maret 2016 17.00

Kabupatèn Purwareja
Lambang Purwareja
Motto: "Purworejo Berirama (bersih, indah, aman, dan makmur)[1]"
Barkas:Locator kabupatèn purworejo.png
Dina Dadi:...
Kutha krajan:Purwareja
Bupati:---
Wakil Bupati:---
Jembar
 - Total:

1.034 km²
Kacamatan
 - Cacahe:

16 Kacamatan
Padunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 709.000 (2003)
+/- 685 / km²
Suku Bangsa:wong Jawa
Agama:Kejawen, Islam, Protestan, Katulik, Hindhu lan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonésia
Peta Purwareja

Kabupatèn Purwareja (hanacaraka:ꦥꦸꦂꦮꦉꦗ) iku sawijine kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasiné ing sisih kulon DIY, kutha Purwareja iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Jembar wewengkon Kabupatèn iki ± 1.034 km² utawa --- hèktar.

Kabupatèn Purwareja wewatesan :

ing sisih lor karo: Kabupatèn Magelang
ing sisih kidul karo: Samudra Hindhia
ing sisih kulon karo: Kabupatèn Kebumèn lan Kabupatèn Wanasaba
ing sisih wétan karo: Dhaérah Istiméwa Yogyakarta

Sajarah

Kabupatèn Purwareja nduwèni sajarah sing tuwa, diwiwiti jaman Megalitik disinyalir wis ana kauripan kanthi komunitas pertanian sing tumata, kabukten anane sawetara paninggalan sajarah ing mangsa MEGALITH arupa MENHIR watu tegak ing sawetara wewengkon Kacamatan ing Kabupatèn Purwareja. Nalika jaman Hindhu Klasik, kawasan Tanah Bagelen nduwèni peran wigati jroning sajarah Kraton Mataram Kuna (Hindhu). Tokoh Sri Maharaja Balitung Watukoro dikenal minangka Maharaja Mataram Kuna paling gedhé, kanthi wewengkon kakuwasan nyakup: Jawa Tengah, Jawa Wétan lan sawetara wewengkon ing njaban pulo Jawa.

Prof. Purbacaraka mratélakaké yèn Sri Maharaja Balitung Watukoro asal saka dhaérah Bagelen. Indhikasi iki kacetha ing jeneng "Watukoro" sing dadi jeneng sawijining kali gedhé, kali iki disebut uga kanthi jeneng Kali Bogowonto. Diarani mangkono, ngèlingi ing jaman iku ing gisiking kali kerep katon pandhita (Begawan).

Petilasan suci arupa lingga, yoni lan stupa panggonan para begawan ngayahi upacara bisa dipirsani ing wewengkon Kalurahan Balédana, Kacamatan Loano lan Bagelen. Désa Watukoro déwé dumunung ing sungapan kali Bogowonto lan klebu wewengkon Kacamatan Purwadadi.

Pangembangan Agama Islam ing wewengkon Purwareja, diayahi déning Ki Cakrajaya, tukang nderes nira saka Bagelen, murid saka Sunan Kalijaga. Ki Cakrajaya luwih dikenal kanthi sebutan Sunan Geseng. Paninggalan Sunan Geseng akèh tinemu ing Bagelen lan Loano. Kenthol Bagelen sing dadi Pasukan Andalan Sutawijaya, tokoh sing sabanjuré jumeneng nata dadi Panembahan Senopati, minangka dhasar pambentukan Krajan Islam Mataram. Ing periodé sabanjuré nalika Sultan Agung kuwasa ing Mataram, pasukan saka Bagelen iki sing duwé andhil jroning panyerangan menyang Batavia lan klebu pasukan inti Mataram.

Akibat saka Prejanjèn Giyanti 1755 sing misahaké Krajan Jawa dadi loro, ya iku Surakarta lan Yogyakarta, tanah Bagelen nampa akibaté, ya iku tanah Bagelen dipara dadi rong bagéan ya iku kanggo Yogyakarta lan Surakarta, ananging amarga ora cetha wates-watesé wusanané dadi conkrah ora lèrèn-lèrèn. Mangsa Perang DipaNagara taun (1825 - 1830) tanah Bagelen dadi basis perlawanan Pangéran DipaNagara. Sarampungé Perang DipaNagara, Tanah Bagelen lan Tanah Banyumas dijaluk kanthi peksa déning Walanda. Walanda banjur nyerahaké marang Ngabehi Resodiwiryo sing mbantu nglawan pemberontak, dadi Panguasa Tanggung kanthi gelar Tumenggung Cakrajaya sing sabanjuré diangkat dadi Bupati (Regent) Kabupatèn Purwareja kanthi Gelar Cokronegoro. Pelantikan diayahi ing Kedungkebo, markas garnisun Walanda lan sing nglantik ya iku Kolonel Cleerens.

Wewengkon Kabupatèn Purwareja nalika iku jembaré 263 Pal pesagi utawa watara 597 Km pesagi, nyakup kawasan wétan Kali Jali. Déné wewengkon sing jembaré 306 Km pesagi ing kulon kali Jali, minangka wewengkon Kabupatèn Semawung (Kutaarj) lan dipimpin déning Bupati (Regent) Sawunggaling. ngrembakane sabanjuré, Kedongkebo sing dadi basis militèr Walanda digabung karo Brengkelan lan dadi Purwareja. Déné tanah Bagelen déning Pamaréntah Kolonial Walanda didadèkaké Karesidenan Bagelen kanthi Kutha krajan Purwareja.

Wewengkon Karesidenan Bagelem nyakup, Kabupatèn Purwareja, Kabupatèn Semawung (Kutaarja), Kabupatèn Kuthawinangun, Kabupatèn Remo JatiNagara (Karanganyar) lan Kabupatèn Urut Sewo utawa Kabupatèn Ledok utawa Kabupatèn Wanasaba.

Residhèn Bagelen manggon ing Bangunan sing saiki dadi Kantor Pamaréntah Dhaérah Purwareja utawa luwih dikenal kanthi jeneng Kantor OTONOM sing lokasiné ing bagéan kidul Alun-alun Purwareja.[2]

Geografis

Sisih kidul wewengkon Kabupatèn Purwareja arupa dhataran cendhèk. Sisih lor arupa pagunungan, pérangan saka Pagunungan Serayu. Ing tapel wates karo DIY, dumunung Pagunungan Menorèh.

Purwareja dumunung ana ing jalur utama lintas kidul Pulo Jawa. Kabupatèn iki uga diliwati jalur sepur, kanthi stasiun paling gedhé ing Kuthaarja.

Pemerentahan

Kabupatèn Purwareja ketata saking 16 kacamatan, --- kalurahan lan --- désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Purwareja ya iku:

Catetan Suku

Delengen uga

Pranala njaba