Basa Arab Mesir: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Addbot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating 39 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q29919 (translate me)
Larik 41: Larik 41:


[[Kategori:Basa Arab|Mesir]]
[[Kategori:Basa Arab|Mesir]]
[[Kategori:Basa Mesir|Arab]]
[[Kategori:Basa ing Mesir|Arab]]
[[Kategori:Mesir]]

Révisi kala 29 Januari 2016 11.52

Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Arab Mesir
مصري Ma
Pronunciation [mɑsˁɾɨ]
Dituturaké ing Mesir lan sawetara negara liyané
Gunggung panutur 76.000.000 + [1]
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Huruf Arab
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2 arz
ISO 639-3 arz

Basa Arab Mesir (Ma مصري) iku sawijining dialèk basa Arab saka pang basa Semitik rumpun basa Afro-Asiatik. Basa iki munculé ing Dèlta Kali Nil ing Mesir Hilir sakiwa-tengené ibukutha Kairo. Basa iki diturunaké saka basa Arab sing digawa para laskar Islam ing abad kaping 7 sing naklukaké Mesir. Ing patuwuhan sabanjuré, basa iki ngalami pangaribawa utamané saka Basa Mesir-Koptik sing pribumi[2][3][4] lan sawisé iku basa-basa liyané, kaya ta basa Turki, basa Prancis lan basa Inggris. Basa Arab Mesir dipituturaké déning luwih saka 76 yuta jiwa ing Mesir.[1] Basa iki uga dimangertèni ing saindhenging Donya Arab déning posisi média massa Mesir sing kuwat. Bab iki nggawé basa Arab Mesir sawijining varian basa Arab sing akèh dhéwé dipituturaké lan uga salah siji sing akèh disinaoni.

Istilah basa Arab Mesir lan Masri biasané ditrapaké bebarengan karo "basa Arab Kairo", dialèké ibukutha Mesir. Jeneng negara iki Mar, déning pedunung lokal uga dienggo ngrujuk jenengé ibukutha. Situasiné mèmper basa Prancis Paris sing dominan dhéwé inh Prancis. Senadyan basa Arab Mesir utamané sawijining basa sing dipituturaké waé, basa iki uga ditemokaké ditulis ing sawetara roman, sandiwara, tembang lan komik, iklan, sawetara koran lan transkripsi sawetara lagu-lagu populèr. Ing média massa katulis liyané lan ing warta berita TV, Basa Arab Baku Modèrn sing dienggo. Basa Arab Mesir biasané ditulis mawa Huruf Arab kanggo wong-wong lokal, nanging kerep dialihaksarakaké ing aksara Latin utawa IPA ing buku-buku linguistik lan buku-buku pasinaon kanggo wong-wong asing.

Panyebaran

Basa Arab Mesir iku dipituturaké déning luwih saka 77 yuta jiwa wong Mesir ing Mesir lan ing diaspora ing Wétan Tengah, Eropah, Amérika Lor, Australia lan Asia Kidul-Wétan. Ing antara dialèk-dialèk Arab, basa Mesir iku siji-sijiné sing dadi lingua franca in bagéyan liya Donya Arab déning rong alesan utama[5][6]: panyebaran lan popularitas film-film saha média massa Mesir wiwit awal abad kaping 20 lan akèhé guru-guru serta profésor Mesir sing ngedegaké sekolah-sekolah ing Jazirah Arabia lan negara-negara liyané kaya ta Aljazair lan Libya.

Ing Yaman, akèh wong Yaman sing ngadaptasi basa sadina-dinané dadi pas karo basa Arab Mesir, carané déning nyerap akèh tetembungan khas Mesir (kaya ta kowayyes 'apik') lan kadhangkala morfologi Mesir.[7] Fénoména mèmper uga bisa dipatemoni, mawa gradasi sing séjé-séjé ing Sudan, Levant (utamané Palestina) lan ing Libya.[8] Gejala iki bisa owah saiki amerga pungkasan iki média-massa Libanon dadi saya wigati, senadyan akèh artis Libanon milih nyanyi mawa basa Mesir saha basa Arab Libanon.

Sajarah

Bangsa Mesir alon-alon miwiti nganggo basa Arab sawisé negarané ditaklukaké déning wong Muslim-Arab ing abad kaping 7. Nganti semonon, wong-wong Mesir mituturaké basa Koptik. Salawasé telung abad, ana sawijining bilingualisme ing Mesir Hilir. Ing Mesir Hulu ing sisih kidul, situasi iki bakal luwih suwé manèh. Wong-wong Mesir mbokmenawa wis nepungi basa Arab sadurungé, déning hubungan dagang karo kaum Badawi ing Sinai lan sisih wétan Dèlta Kali Nil. Basa Arab Mesir katoné munculé ing Fustat, ibukutha Islam kapisan ing Mesir, lan saiki bagéyan saka Kairo. Varian basa Arab sing dienggo déning bala Arab ing Fustat wis séjé karo basa Arab Klasik[9], sing uga mangaribawani ciri-ciri khas dialèk Mesir.

Salah sijining makalah awal perkara basa Mesir Arab iku sawijining tèks saka abad kaping 16 sing ajudhul Dafʻ al-ʼir ʻan kalām ʼahl Mir ('Ngilangi beban basané Rakyat Mesir') déning Yūsuf al-Maġribi. Karya iki ngamot informasi wigati bab basa Arab Mesir awal lan situasi basa ing Abad Pratengahan Mesir. Tèks iki tujuané yaiku yèn basa Arab Mesir iku senadyan béda lan ngamot akèh 'kaluputan' yèn dibandhingaké basa Arab Klasik utawa Fuhsa, nanging sajatiné tetep waé akèh gandhèngané karo basa Arab ing sisih liya.

Déné prosès Islamisasi lan Arabisasi Mesir, basa Arab alon-alon nggantèni basa Mesir. Para sejarawan lokal nulis yèn basa Koptik isih dienggo nganti abad kaping 17 déning para tani wadon ing Mesir Hulu. Basa Koptik nganti sepréné isih tetep basa liturgis Gréja Koptik Mesir.

Status resmi

Basa Arab Mesir ora nduwé status resmi lan nganti sepréné ora diakoni sacara resmi. Basa Arab Baku, sawijining bentuk modèrn basa Arab Klasik iku basa resminé Mesir. Wong-wong padha katarik ing basa Arab Mesir sacara kusus utawa basa lokal sacara umum ing abad kaping 19 nalika gerakan nasional Kamardikan Mesir wiwit awujud.

Cathetan sikil

  1. a b Egyptian Arabic UCLA Language Materials Project
  2. Nishio, Tetsuo. "Word order and word order change of wh-questions in Egyptian Arabic: The Coptic substratum reconsidered". Proceedings of the 2nd International Conference of L'Association Internationale pour la Dialectologie Arabe. Cambridge: University of Cambridge. 1996, pp. 171-179
  3. Bishai, Wilson B. "Coptic grammatical influence on Egyptian Arabic". Journal of the American Oriental Society. No.82, pp. 285-289.
  4. Youssef (2003), below.
  5. Haeri (2003)
  6. Jenkins, Siona. Egyptian Arabic Phrasebook. Lonely Planet Publications, 2001. p. 205
  7. Versteegh, Kees (2001). The Arabic Language. Edinburgh: Edinburgh University Press. kc. 139. ISBN 0748614362.
  8. op cit.
  9. Holes, Clive (2004). Modern Arabic: Structures, Functions, and Varieties (édhisi ka-2nd ed). Washington: Georgetown University Press. ISBN 1589010221. {{cite book}}: |edition= has extra text (pitulung)

Pranala jaba