Paramasastra Jawa: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tenger: Besutan punsèl Besutan aplikasi punsèl
Tenger: Besutan punsèl Besutan aplikasi punsèl
Larik 14: Larik 14:
Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa [[Basa Jawa Ngoko|ngoko]]. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa [[Basa Jawa Krama|krama]].
Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa [[Basa Jawa Ngoko|ngoko]]. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa [[Basa Jawa Krama|krama]].


==Delengen uga==
==Pirsanana uga==
* [[Basa Jawa Ngoko]]
* [[Basa Jawa Ngoko]]
* [[Basa Jawa Madya]]
* [[Basa Jawa Madya]]

Révisi kala 12 Dhésèmber 2015 09.49

Paramasastra iku ngèlmu tata basa lan sastra, utamané basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung iki dijupuk saka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk saka Sansekerta. Tata basa iki katurunaké manèh déning Panini. Ing jaman Jawa anyar, Ranggawarsita uga gawé Serat Paramasastra Jawi kang umumé digunaaké saiki.

Konsèpsi dhasar

Tata pikir wong Jawa wiwit jaman biyèn wis meruhi anané "cipta-rasa-karsa". Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran "madubasa-madurasa-madubrata" sing nyakup "purwa-madya-wasana". Madubasa, kuwi kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, kuwi ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.[1]

Struktur basa

Minangka srana komunikasi, struktur basa Jawa katata jroning aksara lan tembung sing karangké dadi ukara, kanthi migatèkaké paugeran kang gumathok miturut konsèpsi dhasar ing dhuwur. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero dipigunakaké sawetara èlmu sing tansah dipatrapaké nalika nyinaoni basa, yakuwi antara liya:

Undha-usuk basa

Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.

Pirsanana uga

Referensi

  1. Paramasastra Bahasa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta ISBN 979-25-2732-X

Wacan

  • Tata Bahasa Jawa, Dr. Poerwadi, M. Hum, et al, Media Abadi Yogyakarta, 2005, ISBN 979-3525-50-9
  • Paramasastra Bahasa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Panji pustaka Yogyakarta, 2007, ISBN 979-25-2732-X
  • Salah Kaprah Bahasa Jawa, Mulyana, et al, Narasi, Yogyakarta,2007, ISBN 979-168-004-3
  • Pepak lan wasis Basa Jawa, Febyardini Dian P.R., SS, et al, Indnesiatera, Yogyakarta, 2008, ISBN 978-775-052-0
  • Belajar Praktis Bahasa Jawa, Dr. Purwadi, LÉRes PRESS, Solo, 2007, ISBN 979-98471-0-7

Pranala jaba