Nyai Ahmad Dahlan: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 30: Larik 30:


==Warisan==
==Warisan==
Tanggal [[10 November]] 1971 Nyai Ahmad Dahlan didadekake Pahlawan Nasional Indonesia dening Presiden [[Suharto]] miturut Keputusan Presiden Nomor 42/TK Tahun 1971;{{sfn|Wahyudi|2002|p=61}} Ahmad Dahlan diangkat dadi Pahlawan Nasional sepuluh taun kepungkur.{{sfn|Komandoko|2006|p=37}} Bebungah kuwi ditampa dening putune kang asma M Wardan.{{sfn|Repubika 2008, Nyai Ahmad Dahlan}}
Tanggal [[10 November]] 1971 Nyai Ahmad Dahlan didadekake Pahlawan Nasional Indonesia dening Presiden [[Suharto]] miturut Keputusan Presiden Nomor 42/TK Tahun 1971;{{sfn|Wahyudi|2002|p=61}} Ahmad Dahlan diangkat dadi Pahlawan Nasional sepuluh taun kepungkur.{{sfn|Komandoko|2006|p=37}} Bebungah kuwi ditampa dening putune kang asma M Wardan.{{sfn|Repubika 2008, Nyai Ahmad Dahlan}} Nyai Ahmad Dahlan wis dibandhingake karo pembela hak wong wedok, [[Kartini]] lan gerilyawan, [[Cut Nyak Dhien]] uga [[Cut Nyak Meutia]].{{sfn|Wahyudi|2002|p=39}}

Ing film ''Sang Pencerah'' kang disutradarai dening [[Hanung Bramantyo]], Nyai Ahmad Dahlan diparagakake [[Zaskia Adya Mecca]] dene Ahmad Dahlan diperagakake [[Lukman Sardi]].{{sfn|Kurniasari 2010, Zaskia Adya Mecca}}


==Cathethan Sikil==
==Cathethan Sikil==

Révisi kala 7 Januari 2015 03.15

Nyai Ahmad Dahlan
LairSiti Walidah
1872
Kauman, Yogyakarta, Hindia Belanda
Pati31 Mei 1946 (yuswa 73–74)
Kauman, Yogyakarta, Indonesia
Masjid Gedhe Kauman, Yogyakarta
BangsaIndonesia
PakaryanPekerja sosial
Taun aktif1914–1946
BebungahPahlawan Nasional Indonesia

Siti Walidah (187231 Mei 1946), utawa Nyai Ahmad Dahlan, yakuwi tokoh emansipasi wedok, garwane pendiri Muhammadiyah, Ahmad Dahlan uga Pahlawan Nasional Indonesia.

Biografi

Kehidupan awal

Nyai Ahmad Dahlan lair kanthi asma Siti Walidah ing Kauman, Yogyakarta, taun 1872. Nyai Ahmad Dahlan iku putrine Kyai Haji Muhammad Fadli, ulama uga anggota Kesultanan Yogyakarta;[1] daerah mapane iku akeh tokoh agama kang saka kraton.[2] Nyai Ahmad Dahlan sekolah ing omahe, diajari macem-macem aspek babagan Islam, uga basa Arab lan Qur'an. Nyai Ahmad Dahlan maca Al Qur'an ing naskah Jawi.[3]

Nyai Ahmad Dahlan nikah karo sepupune, Ahmad Dahlan.[1] Nalika Ahmad Dahlan nembe sibuk-sibuke ngedegake Muhammadiyah, Nyai ngetutake garwane sasuwene iku.[3] Nanging, amarga saperangan pamikiran Ahmad Dahlan babagan Islam dianggap radikal, pasangan iki asring diancem. Kayadene, sadurunge budhal menyang Banyuwangi, Jawa Timur Nyai lan garwane diancem bakalan dipateni dening kaum konservatif ing kana.[3]

Sopo Tresno lan Aisyiyah

Nalika taun 1914 Nyai Ahmad Dahlan ngadegake Sopo Tresno. Nyai lan garwane gantenan anggone mandhegani kelompok kuwi nalika maca Al Qur'an lan ngrembugake maknane.[1] Nyai banjur fokus marang ayat-ayat Al Qur'an kang ngrembug perkara kang ana gegayutane karo wong wedok.[1] Knthi ngajari maca lan nulis ing Sopo Tresno, pasangan iki bisa ngurangi Kristenisasi ing Jawa liwat sekolah kang disponsori dening pamrintah kolonial.[4]

Barengan karo garwane lan pemimpin Muhammadiyah liyane, Nyai Ahmad Dahlan ngrembug peresmian Sopo Tresno minangka kelompok wong wedok.[1] Nolak proposal kang pisanan, Fatimah, banjur ngganti jeneng Sopo Tresno dadi Aisyiyah, kang asale saka jeneng garwane Nabi Muhammad, yakuwi Aisyah.[4] Kelompok anyar iki diresmikake tanggal 22 April 1917, Nyai Ahmad Dahlan kang dadi kepalane.[1] Limang taun sabanjure organisasi iki dadi bagiane Muhammadiyah.[1]

Warisan

Tanggal 10 November 1971 Nyai Ahmad Dahlan didadekake Pahlawan Nasional Indonesia dening Presiden Suharto miturut Keputusan Presiden Nomor 42/TK Tahun 1971;[5] Ahmad Dahlan diangkat dadi Pahlawan Nasional sepuluh taun kepungkur.[6] Bebungah kuwi ditampa dening putune kang asma M Wardan.[1] Nyai Ahmad Dahlan wis dibandhingake karo pembela hak wong wedok, Kartini lan gerilyawan, Cut Nyak Dhien uga Cut Nyak Meutia.[7]

Ing film Sang Pencerah kang disutradarai dening Hanung Bramantyo, Nyai Ahmad Dahlan diparagakake Zaskia Adya Mecca dene Ahmad Dahlan diperagakake Lukman Sardi.[8]

Cathethan Sikil

Bibliografi
  • Ajisaka, Arya; Damayanti, Dewi (2010). Mengenal Pahlawan Indonesia. Jakarta: Kawan Pustaka. ISBN 978-979-757-430-7. {{cite book}}: Invalid |ref=harv (pitulung)
  • Komandoko, Gamal (2006). Kisah 124 Pahlawan & Pejuang Nusantara. Sleman: Pustaka Widyatama. ISBN 978-979-661-090-7. {{cite book}}: Invalid |ref=harv (pitulung)
  • Kurniasari, Triwik (22 Agustus 2010). "Zaskia Adya Mecca: Juggling family and movies". The Jakarta Post (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 15 Januari 2012. Dibukak ing 15 Januari 2012.
  • "Nyai Ahmad Dahlan, Melawan Arus, Berdayakan Perempuan". Republika. Jakarta. 29 September 2008. Diarsip saka sing asli ing 14 Januari 2012. Dibukak ing 14 Januari 2012.
  • Sudarmanto, Y.B. (1996). Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf. Jakarta: Grasindo. ISBN 978-979-553-111-1. {{cite book}}: Invalid |ref=harv (pitulung)
  • Wahyudi, Jarot (2002). "Nyai Ahmad Dahlan: Penggerak Perempuan Muhammadiyah". Ing Burhanuddin, Jajat (èd.). Ulama Perempuan Indonesia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. kc. 39–67. ISBN 978-979-686-644-1. {{cite book}}: Invalid |ref=harv (pitulung)