Segara: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Addbot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating 152 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q165 (translate me)
EmausBot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating 1 interwiki links, now provided by Wikidata on d:Q165
Larik 17: Larik 17:
[[Kategori:Wujud banyu]]
[[Kategori:Wujud banyu]]
[[Kategori:Artikel mawi basa krama]]
[[Kategori:Artikel mawi basa krama]]

[[sw:Bahari]]

Révisi kala 13 Juli 2014 15.18

Matahari sainggiling segara

Segara (krama Seganten) punika kempalan toya asin saha kahubungaken kaliyan samodra utawi tlaga ageng ingkang padatanipun ngandhut toya asin, kirang gadhah saluran alam kadosdéné Seganten Kaspia lan Laut Mati. Istilah seganten asring dipun ginakaken minangka sinonim kaliyan samodra. Tlaga ageng, kadasta Great Lakes, kadhangkala dipunwastani seganten dharat. Kathah seganten ingkang kalebet kategori marginal sea, inggih punika seganten ingkang arus kasababaken déning angin; déné jinis sanèsipun kados seganten mediterranean, ingkang arusipun kasebabaken déning béda salinitas lan suhunipun toya. Organisasi Hidrografi Internasional (IHO) minangka organisasi internasional ingkang nggadhahi kakuwasaan bab ndèfinisikaken seganten. Définisi ing wekdal punika kasebat wonten ing satunggaling dokumèn Special publication S-23, Limits of Oceans and Seas, 3rd edition, 1953.

Sajarah

Seganten kawangun 4,4 milyar taun kapungkur, wiwitanipun asipat asem sanget, kanthi toya ingkang umob (watawis 100 °C) amargi panasipun Bumi wekdal semanten. Asemipun toya seganten amargi wekdal punika atmosfer Bumi dipunkebaki déning karbon dioksida. Kaaseman toya punika ingkang nyebabaken inggilipun panggapukan ingkang ngasilaken uyah ingkang andadosaken toya seganten asin kados ing wekdal samenika. Wekdal semanten, gelombang tsunami asring kadadosan amargi asringipun astéroid nabrak Bumi. Pasang surut seganten ing wekdal punika ugi bertipe mamut utawi inggil sanget amargi jarak Bulan ingkang caket sanget kaliyan Bumi.

Kapurih ugi mirsani

Referensi