Angkor: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Pambangunan Angkor Wat
nambah ukara
Larik 34: Larik 34:


Sasampunipun, nglajengaken posisi politikipun lumantar serangan militer, diplomasi, lan administrasi domestik ingkang teges, Suryawarman miwiti pambangunan [[Angkor Wat]] minangka [[Candhi]] pribadinipun ugi minangka kuil lan pasareyan papan piyambakipun dipunsarekaken. Piyambakipun medhot tradhisi raja-raja Khmer saderengipun ingkang langkung nengenaken muja Dewa [[Shiwa]] saperlu muja Dewa [[Wishnu]] wonten ing [[India]]. Piyambakipun nyebut candhi punika minangka ''Vishnuloka''. Kanthi tembok ingkang panjangipun 2,4 kilometer wonten ing saben sisihipun, Angkor Wat kanthi megah nggambaraken [[kosmologi Hindu]], kanthi menara utama ingkang nglamabangaken gunung [[Meru]], papan dunungipun para Dewa; tembok njawinipun nglambangaken pegunungan ingkang ngubengi donya; saha parit ageng ingkang nglambangaken samudra ingkang wiyar. Tema tradisionalipun inggih punika ''ngidentifikasi'' dewa-raja Kamboja kaliyan dewa [[Hindu]], lan papan dunungipun inggih punika kerajaan langit (swargaloka) ingkang katingakl saking sedaya perwujudan lan pralambang candhi agung punika. Ukuran candhi punika piyambak kagungan teges kosmologis ingkang nglamnbangaken alam semesta.<ref>Chandler, ''A History of Cambodia'', p.50 f.</ref> Suryawarman paring dhawuh tembok candhi punika dipunhias kanthi [[bas relief]] ingkang kejawi nedahaken adegan wonten ing mitologi, ugi wonten ing pagesangan saben dinten ing kerajaan. Salah satungggaling adeganipun nggambaraken sang raja kanthi ukuran ageng saweg lenggah sila wonten ing singgasana inggil wonten ing tengah saweg mimpin rapat kerajaan, dene para dayang-dayang lan pangiringipin sami ngipasi lan mayungi raja.
Sasampunipun, nglajengaken posisi politikipun lumantar serangan militer, diplomasi, lan administrasi domestik ingkang teges, Suryawarman miwiti pambangunan [[Angkor Wat]] minangka [[Candhi]] pribadinipun ugi minangka kuil lan pasareyan papan piyambakipun dipunsarekaken. Piyambakipun medhot tradhisi raja-raja Khmer saderengipun ingkang langkung nengenaken muja Dewa [[Shiwa]] saperlu muja Dewa [[Wishnu]] wonten ing [[India]]. Piyambakipun nyebut candhi punika minangka ''Vishnuloka''. Kanthi tembok ingkang panjangipun 2,4 kilometer wonten ing saben sisihipun, Angkor Wat kanthi megah nggambaraken [[kosmologi Hindu]], kanthi menara utama ingkang nglamabangaken gunung [[Meru]], papan dunungipun para Dewa; tembok njawinipun nglambangaken pegunungan ingkang ngubengi donya; saha parit ageng ingkang nglambangaken samudra ingkang wiyar. Tema tradisionalipun inggih punika ''ngidentifikasi'' dewa-raja Kamboja kaliyan dewa [[Hindu]], lan papan dunungipun inggih punika kerajaan langit (swargaloka) ingkang katingakl saking sedaya perwujudan lan pralambang candhi agung punika. Ukuran candhi punika piyambak kagungan teges kosmologis ingkang nglamnbangaken alam semesta.<ref>Chandler, ''A History of Cambodia'', p.50 f.</ref> Suryawarman paring dhawuh tembok candhi punika dipunhias kanthi [[bas relief]] ingkang kejawi nedahaken adegan wonten ing mitologi, ugi wonten ing pagesangan saben dinten ing kerajaan. Salah satungggaling adeganipun nggambaraken sang raja kanthi ukuran ageng saweg lenggah sila wonten ing singgasana inggil wonten ing tengah saweg mimpin rapat kerajaan, dene para dayang-dayang lan pangiringipin sami ngipasi lan mayungi raja.

=== Jayavarman VII ===
[[Gambar:Guimet IMG 6009 Jayavarman7.JPG|thumb|left|upright|Arca perwujudan Jayavarman&nbsp;VII ingkang kapajang wonten ing [[Musee Guimet]], [[Paris]]]]

Samsampunipun raja Suryavarman tilar donya udakawis taun [[1150]] masehi, kerajaan dados rebutan wonten ing negari punika. Negeri [[Champa]] ing sisih wetan (sakmenika [[Vietnam]] Selatan) migunakaken kahanan punika kanthi nyerang Angkor nalika taun 1177, lewat [[laut]] lajeng nglewati [[Kali Mekong]] lan nyabrang danau [[Tonlé Sap]]. Balatentara Champa saged ngasoraken ibu kota Khmer wonten ing [[Yasodharapura]] lan ngasoraken raja ingkang madeg nata. Ananging salah satunggaling pangeran Khmer ingkang salajangeipun dados [[Jayawarman VII]] ngemapalaken bala tentara lan rakyatipun, saengga saged ngasoraken tentara Champa wonten ing danau lan ing daratan. Rikala taun [[1181]], Jayavarman madeg nata dados ratu. Piyambakipun lajeng dados raja Khmer Angkor ingkang paling agung.<ref>Higham, ''The Civilization of Angkor'', pp.120 ff.</ref> Wonten ing sisa - sisa kota Yasodharapura, Jayawarman mbiyangun kota kanthi benteng [[Angkor Thom]], ingkang dipunjangkepi kanthi pusat spiritual inggih punika [[candhi]] [[Bayon]]. Bas-relief wonten ing Bayon nggambaraken boten namung adegan paprangan sang Nata ingkang ngasoraken prajurit Champa, ananging ugi maneka adegan pagesangan saben dintenipun rakyat Khmer, inggih rakyat ingkang gesang wonten ing desa punapa dene pagesangan kaum bangsawan ing karaton.

Minangka tambahan, Jayawarman mbiyangun candhi-candhi ingkang misuwur sanesipun, kadosta [[Ta Prohm]] lan [[Preah Khan]], ingkang katujokaken kangge kekalih tiyang sepuhipun Jayawarman VII. Proyek pambangunan ageng punika sesarengan kaliyan pralihan agama kerajaan saking [[Hinduisme]] dados [[Buddha Mahayana]], dipuntambah malih Jayavarman piyambak ugi mlebet agama Buddha Mahayana. Nalika masa pamarentahan Jayavarman VII, candhi-candhi [[Hindu]] fungsinipun gantos dados candhi [[Buddha]] kanthi nambahaken [[arca]] [[Buddha]] wonten ing salebeting candhikasebut, Angkor Wat sawetawis gantos fungsi dados candhi Buddha. Sasampunipun Jayavarman VII tilar donya, agama Hindu bangkit malih, lan medal gerakan mbangsulaken kawibawan agama Hindu kanthi aksi ngrisak arca buddha lan mbangsulaken fungsi candhi Hindu, gerakan punika kadadosan dumugi abad kaping 14 nalika Buddha aliran [[Theravada]] dados agama dominan wonten ing Kamboja.<ref>Higham, ''The Civilization of Angkor'', p.116.</ref>





Révisi kala 15 Juni 2013 05.20

Sana Warisan Donya UNESCO
Angkor
Janeng ing Pratélan Warisan Donya
JinisBudaya
Wewatoni, ii, iii, iv
Rujukan668
Tlatah UNESCOAsia-Pasifik
Sujarah prasasti
Prasasti1992 (Sési 16)
Kabebayan1992-2004

Angkor inggih punika ibu kota Kerajaan Khmer wonten ing periode dangu saking abad ke-9 dumugi abad ke-15 Masehi. Istilah tembung Angkor asalipun saking basa Sanskertanagara (नगर), ingkang ateges "negara".[1] Periode Angkor dipunwiwiti nalika taun 802 nalika raja Hindu Khmer Jayawarman II nitahaken piyambakipun minangka "panguwasa jagat" lan "dewa-raja", lan periode punika kalampahaken dumugi 1431, nalika Ayutthaya nyerang ibu kota Khmer, lan ndhesek rakyatipun ngungsi ing sisih kidul ing kawasan Phnom Penh.

Reruntuhan Angkor dumunung ing alas lan lemah kebon ingkang mbentang antawis Danau Besar Tonle Sap ing kidul lan perbukitan Kulen ing sisih lér. Situs punika dumunung ing caket kutha Siem Reap (13°24′LU, 103°51′BT), Kamboja sakmenika, lan minangka Situs Warisan Donya UNESCO. Kuil-kuil wonten ing Angkor Wat, sakmenika sapérangan ageng sampun dipunpugar, minangka bagéyang saking tuladha arsitektur Khmer. Cacahing pangunjung papan punika wekdal punika antawis satunggal yuta saben taunipun.

Kuil Angkor Wat

Nalika taun 2007, sawijining tim internasional kanthi migunakaken pencitraan satelit nyimpulaken bilih Angkor minangka kutha pra-industri paling ageng ing donya, kanthi sistem infrastruktur rumit ingkang ngubungaken kawasan permukiman kanthi amba 1000 kilometer persegi dumugi ing pusat kutha papan jumenengipun kuil-kuil ingkang agung.[2] Kutha pra-industri paling ageng sanésipun inggih punika kutha Tikal ing Guatemala, ingkang ukuranipun antawis 100 lan 150 kilometer persegi.[3] Éwadéné prakiran cacah penduduk kutha Angkor taksih dados subyek panalitén lan topik dhebat, panalitén ingkang palinmg énggal nedahaken bilih sistem tetanén Angkor ingkang éfisién saged nyekapi kabetahan pangan dumugi setunggal yuta jiwa penduduk.[4]

Tinjauan Sajarah

Pusat Kemaharajaan Khmer

Periode Angkor dipunwiwiti boten dangu sabibaripun taun 800 M, nalika raja Khmer Jayawarman II mbiwarakaken kamardikan Kambujadesa (Kamboja) saking Jawa lan mbiyangun ibu kota énggal ing Hariharalaya (sakmenika Roluos) wonten ing pucuk lér danau Tonle Sap. Kanthi nglancaraken ékspédisi militér, persekutuan, palakrama lan penganugerahan lahan, piyambakipun saged manunggalaken negara ingkang winatesan kaliyan China (ing sisih lér), Champa (sakmenika Vietnam tengah, ing sisih wétan), lautan (ing sisih kidul) lan kawasan ingkang dipunsebutaken adedasar prasasti minangka "tanah kapulaga lan pelem" (ing sisih kilén). Nalika taun 802, Jayavarman nyatakaken status énggalipun minangka "penguasa jagat" (chakrawartin), lajeng nggayutaken piyambakipun kaliyan panyembahan dhumateng Siwa ingkang dipuntirukaken déning raja-raja panerusipun, kanthi mendhet gelar "dewa-raja".[5] Sadéréngipun éra Jayavarman, Kamboja kasungsun saking sapérangan kerajaan mardika ingkang sedayanipun dipunsebut déning bangsa China kanthi sebutan negara Funan lan Chenla.[6]

Nalika 889 M, Raja Yasowarman I minggah takhta.[7] Raja agung punika misuwur minangka pembangun ingkang hébat. Caket ibu kota dangu Hariharalaya, Yasowarman mbangun kutha énggal ingkang dipunsebut Yasodharapura. Sami kaliyan tradhisi sadéréngipun, piyambakipun mbangun kolam penampungan tirta ingkang ageng ingkang winastan baray. Makna pambangunan reservoir utawi penampungan tirta sampun dados bahan gunemanipun para ilmuwan modern, sapérangan kagungan pamanggih punika minangka infrastruktur irigasi tetanén pantun, déné pihak sanésipun nganggep kolam ageng punika minangka simbol keagamaan ingkang nglambangaken samudra ageng wonten ing mitologi Hindu ingkang ngubengi gunung Mahameru, papan dunungipun para. Gunung punika dipunlambangaken kanthi candhi ingkang inggil, ing pundi sang "dewa-raja" dipunlambangaken kanthi sawijining lingga.[8] Adedasar simbolisme semesta punika, Yasowarman mbangun kuilipun ing sawijining bukit ingkang dipunsebut Phnom Bakheng, ingkang dipunubengi selokan ingkang tirtanipun dipunaliraken saking baray. Piyambakipun ugi mbangun kathah kuil Hindu lan asrama minangka papan dumunungipun para pertapa brahmana.[9]

Dangunipun langkung saking 300 taun, kurun 900 dumugi 1200, Kemaharajaan Khmer mbangun mahakarya arsitektur donya ing kawasan Angkor. Kathah-kathahipun bangunang punika ngebaki kawasan ingkang ambanipun 24 kilometer saking wétan mring kilén, lan 8 kilometer saking lér mring sisih kidul, éwadéné Taman Purbakala Angkor ugi nglingkupi situs ingkang langkung tebih kadosta Kbal Spean ingkang dumunung antawis 48 kilometer ing sisih léripun. Sakitar 72 candhi utama lan bangunan sanésipuning kawasan punika, kalebet kuil-kuil alit ingkang kapencar langkung tebih. Amargi kasebar tebih, dataranipun ingkang andhap, lan pola permukiman bangsa Khmer, Angkor boten kagungan wates ingkang formal ingkang jelas, saéngga jembar persisipun boten saged dipunprakirakaken. Éwadéné mekaten, kawasan spesifikipun sakitar 1.000 km². Wonten ing balik kuil utama wonten sistem infrastruktur ingkang awrat, kalebet jaringan margi lan kanal ingkang nedahaken gegayutan inggil lan integrasi antawisipun daérah pinggir kutha kaliyan pusat kutha. Wonten ing babagan jembar spasial, Angkor dados kawasan urban gabungan paling ageng sadéréngipun era Revolusi Industri, kanthi gampil nglampoi kutha Tikal wonten ing peradaban Maya.[2] Wonten ing babagan jembaran urban, Angkor saged dipunbandhingaken kaliyan ukuran kutha modern Los Angeles, lan dipunngendiakaken kagungan ukuran 17 kali lipat langkung ageng saking pulo Manhattan.

Pambangunan Angkor Wat

Candi Angkor Wat

Angkor Wat minangka salah satunggaling candhi utama wonten ing wilayah Angkor, dipunbangun antawis taun 1113 lan 1150 saking dhawuhing raja Suryawarman II. Suryawarman minggah tahta sasampunipun saged ngasoraken pangeran ingkang dados mungsuhipun. Sawijining prasasti nedahaken bilih Suryawarman menangaken perang kanthi cara malumpat dhateng geger gajah perang mungsuh lajeng numpes mungsuhipun, kados dene Garuda mbesmi ula naga.[10]

Sasampunipun, nglajengaken posisi politikipun lumantar serangan militer, diplomasi, lan administrasi domestik ingkang teges, Suryawarman miwiti pambangunan Angkor Wat minangka Candhi pribadinipun ugi minangka kuil lan pasareyan papan piyambakipun dipunsarekaken. Piyambakipun medhot tradhisi raja-raja Khmer saderengipun ingkang langkung nengenaken muja Dewa Shiwa saperlu muja Dewa Wishnu wonten ing India. Piyambakipun nyebut candhi punika minangka Vishnuloka. Kanthi tembok ingkang panjangipun 2,4 kilometer wonten ing saben sisihipun, Angkor Wat kanthi megah nggambaraken kosmologi Hindu, kanthi menara utama ingkang nglamabangaken gunung Meru, papan dunungipun para Dewa; tembok njawinipun nglambangaken pegunungan ingkang ngubengi donya; saha parit ageng ingkang nglambangaken samudra ingkang wiyar. Tema tradisionalipun inggih punika ngidentifikasi dewa-raja Kamboja kaliyan dewa Hindu, lan papan dunungipun inggih punika kerajaan langit (swargaloka) ingkang katingakl saking sedaya perwujudan lan pralambang candhi agung punika. Ukuran candhi punika piyambak kagungan teges kosmologis ingkang nglamnbangaken alam semesta.[11] Suryawarman paring dhawuh tembok candhi punika dipunhias kanthi bas relief ingkang kejawi nedahaken adegan wonten ing mitologi, ugi wonten ing pagesangan saben dinten ing kerajaan. Salah satungggaling adeganipun nggambaraken sang raja kanthi ukuran ageng saweg lenggah sila wonten ing singgasana inggil wonten ing tengah saweg mimpin rapat kerajaan, dene para dayang-dayang lan pangiringipin sami ngipasi lan mayungi raja.

Jayavarman VII

Arca perwujudan Jayavarman VII ingkang kapajang wonten ing Musee Guimet, Paris

Samsampunipun raja Suryavarman tilar donya udakawis taun 1150 masehi, kerajaan dados rebutan wonten ing negari punika. Negeri Champa ing sisih wetan (sakmenika Vietnam Selatan) migunakaken kahanan punika kanthi nyerang Angkor nalika taun 1177, lewat laut lajeng nglewati Kali Mekong lan nyabrang danau Tonlé Sap. Balatentara Champa saged ngasoraken ibu kota Khmer wonten ing Yasodharapura lan ngasoraken raja ingkang madeg nata. Ananging salah satunggaling pangeran Khmer ingkang salajangeipun dados Jayawarman VII ngemapalaken bala tentara lan rakyatipun, saengga saged ngasoraken tentara Champa wonten ing danau lan ing daratan. Rikala taun 1181, Jayavarman madeg nata dados ratu. Piyambakipun lajeng dados raja Khmer Angkor ingkang paling agung.[12] Wonten ing sisa - sisa kota Yasodharapura, Jayawarman mbiyangun kota kanthi benteng Angkor Thom, ingkang dipunjangkepi kanthi pusat spiritual inggih punika candhi Bayon. Bas-relief wonten ing Bayon nggambaraken boten namung adegan paprangan sang Nata ingkang ngasoraken prajurit Champa, ananging ugi maneka adegan pagesangan saben dintenipun rakyat Khmer, inggih rakyat ingkang gesang wonten ing desa punapa dene pagesangan kaum bangsawan ing karaton.

Minangka tambahan, Jayawarman mbiyangun candhi-candhi ingkang misuwur sanesipun, kadosta Ta Prohm lan Preah Khan, ingkang katujokaken kangge kekalih tiyang sepuhipun Jayawarman VII. Proyek pambangunan ageng punika sesarengan kaliyan pralihan agama kerajaan saking Hinduisme dados Buddha Mahayana, dipuntambah malih Jayavarman piyambak ugi mlebet agama Buddha Mahayana. Nalika masa pamarentahan Jayavarman VII, candhi-candhi Hindu fungsinipun gantos dados candhi Buddha kanthi nambahaken arca Buddha wonten ing salebeting candhikasebut, Angkor Wat sawetawis gantos fungsi dados candhi Buddha. Sasampunipun Jayavarman VII tilar donya, agama Hindu bangkit malih, lan medal gerakan mbangsulaken kawibawan agama Hindu kanthi aksi ngrisak arca buddha lan mbangsulaken fungsi candhi Hindu, gerakan punika kadadosan dumugi abad kaping 14 nalika Buddha aliran Theravada dados agama dominan wonten ing Kamboja.[13]


Cathetan Suku

  1. Higham, The Civilization of Angkor, p.4.
  2. a b Evans et al, A comprehensive archaeological map of the world's largest preindustrial settlement complex at Angkor, Cambodia, Proceedings of the National Academy of Sciences of the USA, August 23, 2007.
  3. "Map reveals ancient urban sprawl," BBC News, 14 August 2007.
  4. Metropolis: Angkor, the world's first mega-city, The Independent, August 15, 2007
  5. Higham, The Civilization of Angkor, pp.53 ff.; Chandler, A History of Cambodia, p.34 ff.
  6. Chandler, A History of Cambodia, p.26; Coedès, Pour mieux comprendre Angkor, p.4.
  7. Higham, The Civilization of Angkor, pp.63 ff.
  8. Coedès, Pour mieux comprendre Angkor, p.10.
  9. Higham, The Civilization of Angkor, p.60; Chandler, A History of Cambodia, p.38 f.
  10. Higham, The Civilization of Angkor, pp.112 ff.; Chandler, A History of Cambodia, p.49.
  11. Chandler, A History of Cambodia, p.50 f.
  12. Higham, The Civilization of Angkor, pp.120 ff.
  13. Higham, The Civilization of Angkor, p.116.

Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA