Fort-de-France: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Puryono (parembugan | pasumbang)
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1: Larik 1:
{{Inuseuntil tema Prancis|24 April 2013}}

{{Infobox French commune
{{Infobox French commune
|name = Fort-de-France
|name = Fort-de-France

Révisi kala 29 April 2013 06.06

Fort-de-France
Coat of arms of Fort-de-France
Lambang
Tlatah komune (abang) ing Martinique
Tlatah komune (abang) ing Martinique
NagaraFrance
Overseas region and departmentMartinique
ArondisemenFort-de-France
InterkomunalitasPunjer de la Martinique
Pamaréntahan
 • Mayor (2008–2014) Serge Letchimy
Laladan144,21 km2 (1,707 sq mi)
Cacah warga (2007)291.249
 • Pepadhet21/km2 (53/sq mi)
Zona wektuUTC-4
INSEE/Kodhe pos97209 /97200
Élevasi0–1,070 m (0–3,510 ft)
1 French Land Register data, which excludes lakes, ponds, glaciers > 1 km2 (0.386 sq mi or 247 acres) and river estuaries. 2 Population without double counting: residents of multiple communes (e.g., students and military personnel) only counted once.

Fort-de-France, (pocaping cara Prancis: [fɔʁ də fʁɑ̃s]) utawa Fort-Royal, yaiku ibu kutha Martinik, sawijining negara parsemakmuran sabrang segara (DOM) Prancis ing segara Karibia [1] [2]. Jembar wewengkon kutha 44,21 km² dèning populasi pandhudhuk 134.727 jiwa (sensus 1999) [2]. Parekonomian Fort-de-France wiwit misuwur minangka lengseré Saint-Pierre karana njeblugé Gunung Pelée ing taun 1902,yaiku ekspo gula, rum,woh kaleng, dan kakao. Fort Saint-Louis dadai salah sawijining pangkalan angkatan laut Prancis, kang dumunung ana ing sisih pinggir kutha .Fort-de-France dadi jantung saka tlatah wewengkon metropolitan kanthi cacah 170 000 pendhudhuk, kagolong uga kutha Lamentin.Ing dhaérah iki kabangun uga bandhara Martinique Aimé Cesaire International ing kutha Schoelcher, kutha Saint-Joseph lan kutha Case-Pilote [3].Kutha kang ndhuweni patung Joséphine de Beauharnais digawé minangka mingèti panjenengané Joséphine.Joséphine lair ana ing pulo Martinik minangka bebojoan dèning Napoleon Bonaparte.

Fort-de-France asring arubah nama Prancis kang dibaptis kanthi nama situs Cul-de-Sac Karajan (1635-1672),Fort-de-France ganthi jeneng paroki lan kutah dèning Fort royal rikala taun (1672-1793) [4]. Fort royal arubah maneh dadi Fort-de-la-Republik utawa Kutha Republik kadadean kang kadhaden minangka pungkasané Revolusi taun (1793]-1794) [3]. Kutha kang arubah nama dadi Fort-Royal (1794-1807) arubah nama ing taun 1807 kanthi nama Fort-de-France [4]

Pangkalan AL Prancis ing Fort-de-France


Padunungan

Fort-de-France dumunung ana 6800 km saka Paris, ing papan pesisir Karibia Martinique.Fort asring kababar ing sisih kulon pulo, ing punjer pucuk lor lan kidul [5]. Kutha kang kabagun ing pinggir lor panté Teluk Fort-de-France.Fort kagolong jroning kutha kang gedhè 11,7 km saka lor minangka menyang dèning kidul 5.2 km [6].

Geografi

Fort-de-France, asring sinebat dèning Fort Prancis, kawengkar ana ing pesisir kulon Martinique ing kori lor tumuju Fort-de-France Bay,pinggir kali Madame [5]. Kutha kang ana ing dataran sempit, ing antarané bukit lan segara uga bisa ditempuh nganggo transportasi darat saka saben pulo [6].

Suwasana Queen Mary 2 ing Teluk Fort-de-France wulan Maret 2004
Fort-de-France ndominasi puncak Carbet

Geologi, topografi lan hidrografi

Topografi kang aneka werna ing kutha Fort-de-France yaiku mbentang saka sikil bukit massif vulkanik Bluff Carbet (titik paling dhuwur saka kutha kurang luwih 1100 mèter, cerak puncak Piton Dumauzé) serta Morne Cesaire 603 m.Kahanan kutha kang ndhuweni jurang lan alas, gunung geni dipisahake dèning miliné banyu deres lan suwasana cuaca teles (asring udan)[6].Kahanan tlatah kang dhuwur ndominasi bagean tengah kutha, ing antarané Bluff Carbet lan Lamentin, ngawe wujud mbelah (bukit) dadi kamiringan tartemtu [5]. Jinisé kali kanthi cacah loro ngarah tumuju segara ing Fort-de-France asring kasebut kali Mr lan Mrs . Kahanan tengah-tengah kutha, asring kasbeut Kutha ngisor kababar déning wujud dataran rawa (bakau) antara Morne Morne Tartenson lan Pichevin (Hauts du Port). Jurang lan bukit kang awujud watu tumuju 300 mèter teluk, dibangun jroning kapimpinan . Fort St Louis[5]. Tartenson lan Desaix didadekake tetahanan kang utama ing kutha tumuju ding pabukitan jroning dhuwur [[140] m ngadep ing pusat kutha.Panté utawa pesisir kang ndhuweni jurang lan pasir abu-abu serta sisa-sisa wit bakau ing cérak Pointe des Sables, didadekake tetahana saka ombak segara[6].

Iklim

Fort-de-France ndhuweni iklim tropis lan lembab, kanhi pratadha dèning suhu rata-rata saben taun dhuwur (26,5 ° C) lan volume udan (1950 mm) [7] .Suhu kutha iki rata-rata angét diamati saka wulan Agustus nganthi Oktober maksimum (31 C ° ing suwasana awan, ing wayah wéngi ndhuweni suhu saka 24 ° C nganthi 25 ° C ) lan ing wulan Januari lan Februari wayah adem kanthi suhu (sedina maksimum 29 ° C lan wayah bengi 22 ° ). Kutha Martinique, Fort-de-France asring kalewatan angin, yaiku angin wètan, kang nentukaké sirkulasi umum pluviométriques 4 mangsa[8]

Ing wulan Februari nganthi April, [[mangsa panas] yaiku mangsa ing paling garing ing kutha Fort karana angin kurang lan kalembapan curah udan rata-rata saben wulan 60 - 90 mm.Mangsa adhem utawa mangsa udan kawiwit ing wulan Juli nganthi Oktober. Mangsa adhem ing kutha fort asring kasebut uga mangsa badai [7] .Kadadean kang bebayani lan ngancurake pagomahan lan bangunan pandhudhuk kadadean ing tanggal 19 Agustus 1981.

Kadadean kang newasaké 400 wong ing Fort-de-France (1000 total Martinique), ngancurake dèning rumah sakit lan kamp militèr Balata. minangka topan Allen, 3 lan 4 Agustus 1980, angin puncak 167 km / jam kacathet Desaix lan curah udan kanthi gedhé 159 mm jroning wektu 18 jam. Minangka kadadean badai Edith, 25 September 1963, miliné Kali Lady ing prapatan Fort-de-France 150 m3 / s, ing sadina-dina kali kang ndhuweni ukuran 20 [[m3]/ s ukuran jroning banjir lan 0,050 m3 / s .Minangka mangsa bahu (November-Januari, Mei-Juni) kutha Fort ndhuweni karakteristik iklim manengah [7] . karana curah udan jroning tanggal 4 lan 5 Mei 2009, kacathet udan paling deres jroning 50 taun pungkasan ing Fort-de-France déning sasi Mei (kaping telu Rata-rata volume) 6, kang nyebabake banjir gedhè.Salah sijiné konsekuensi saka sifat pagunungan ana ing wewengkon kutha Fort-de-France lan curah udan kang deres ngakibatake ora stabilé lereng, ngakibatake bebayan lemah longsor [7].

Jembar tanduran lan alas kang ana ing Fort dadi sinawangan paling misuwur ing kutha, kang utama ana ing lereng lor kutha. Mesofilik kan pendek ana ing lereng vegetasi ndhuweni tat cara tumuju ngembangake hygrophile vegetasi 700 meter (alas dèning tethaneman wit-witan ndhuwur lan thanduran mrambat). S

Saluran komunikasi lan transportasi

Tansportasi dharat

Mozaik kang ndhuweni 3 jalur bus ing kutha Fort-de-France. Ndhuweni rute dèning dalan raya A1 (972) saka Fort-de-France tumuju bandhara pinggir pulo Mozaik dadi salah sijiné dalan raya kang ana ing Prancis kang dumunung ana ing manca negara. lawang utama liyané yaiku: NR1 dèning Tritunggal;m2 per Saint-Pierre;RN3 (Tapak Tilas Route) tumuju Le Morne-Rouge.

Transportasi udhara

Bandhara internasional "Martinique Aimé Cesaire" yaiku salah sijiné bandhara ing kutha fort kurang luwih 10 km saka Fort-de-France 7. Kang ndhuweni daya tampung penumpang 1,7 yuta ing taun 2010 [7].

Transportasi laut

Stasiun multimodal saka Fort-de-France tumuju Pointe-Simon, prahu kang misuwur Madinina ing Les Trois-Islets

Pelabuhan Fort-de-France yaiku sawijining pelabuhan utama kang dumunung ana ing Prancis minangka ndhuweni daya tampung panumpang taun 2000-an, kanthi cacah 470000 jiwa [9].

Lintasan

Kutha Fort-de-France kagolong katinggalan dèning pambangunan pangendara (dalan).Jroning taun 2012, departemen nyediaké utawa mbangun dalana tumuju nyiptakake panganggo sepeda kurang luwih 15 taun ing panjuru pulo [10].

Transportasi umum

Ing kutha Fort transportasi umum asring kasebut Mozaik. Salah sawijining transportasi umum yaiku taksi, bus. Transportasi sakubengé Cacem dilayani dèning angkutan umum uga ngelayani transportasi sakubengé kutha-kutha Fort-de-France, Schoelcher, Lamentin lan Saint-Joseph [11].

Parencanaan Kutha

Kutha Fort-de-France kawengkar dumadi :

  • Balata
  • Bellevue
  • Chateauboeuf
  • Citron
  • Clairière
  • Cluny
  • Coridon
  • Crozanville
  • De Briant
  • Des Rochers
  • Didier
  • Dillon
  • Ermitage
  • Floréal
  • Godissard
  • Langelier-Bellevue
  • La Meynard
  • La Médaille
  • Montgérald
  • Morne Calebasse
  • Morne Laurent
  • Morne Morissot
  • Morne Pichevin
  • Morne Tartenson
  • Morne Venté
  • Moutte
  • Pointe des Nègres
  • Post-Colon
  • Ravine-Bouillé
  • Ravine-Vilaine
  • Redoute
  • Renéville
  • Rodate
  • Rive Droite
  • Sainte-Catherine
  • Sainte-Thérèse
  • Terres-Sainville
  • Texaco
  • Tivoli
  • Trénelle
  • Volga

Pangomahan

Cacah pamukiman ing kotamadya Fort-de-France jroning sensus taun 2006 yaiku 43237.Saka jumlah kasebut, 86,7% kawengkar dumadi omah utama, 0,6% lan 11,6% jinis pangomahan INSEE.Data kasebut kajupung dèning Sensus Pendhudhuk 2006.

Pambangunan

  • Kampanyé pambangunan èksterior.
  • Rehabilitasi gedhong-gedhong publik.
  • Pangembangan dalan pamlakuan ing punjer kutha.
  • Pangembangan koridor dèning transportasi umum.


Jeneng kutha

Jeneng kutha Fort-de-France kang ngandut arti kakuatan saka Prancis,minangka madeg ing abad ka-17. Asal mulané nama Fort-de-France Awalnya dkawiwit saka cul-de-sac saka Fort Royal (1635-1672), situs kang ndadekake paroki kutha Fort Royal (1672-1793), Republik Fort-de-la-Ville taun (1793 - 1794), Fort Royal (1.794-1.807) pungkasan diubah dèning sebatan Fort-de-France minangka taun 1807.

Sajarah

Sajarah Fort Royal, utana Fort-de-France ing taun 1802, ndhuweni pratandah lan didasaraké koloni, minangka sesaingan dèning Saint-Pierre lan kadadean bencana alam ngancurake kutha ing saben-sabem taun . Salah sijiné kadadean bencana alam kang paling gedhe yaiku jeblugé Gunung Pelee taun 1902 lahar kang muntah ing kutha Fort-de-France ngancuraké ibu kota Martinique ing Saint-Pierre.

Yayasan kutha

La Poste de Fort-de-France.

Kutha Karibia asring kena bencana angin, kang utama saka panté Atlantik lan kidul pulo.Koloni Prancis nenetapake ing taun 1635 (panté Karibia) ing situs Saint-Pierre, madeg pambanguna bèntèng ing muara kali Roxelane.Semana uga minangka konflikdèning Karibia, Walanda lan pamukiman Inggris karana kesensem tlatah strategis ing kori mlebu teluk paling gedhe ing pulo iki.Mupangat bèntèng ing Saint-Pierre minangka mertahanake lan ngelindungi saka badai, saka teluk Saint-Pierre [12]. Kahanan kang ora nyamana minangka anané iklim kang ora ndukung, ngakibatake pamukiman kapisanan kang dibangun dumunung ing tlatah kutha dèning panjenengané Gubernur Jacques Dyel Procuratorate, ponakan saka panjenengané Pierre filibuster Belain Esnambuc, kapisanan mbagun bèntèng ing taun 1639 [12] .Panjenengané mbangun bèntèng kapisanan lan asring disebat Fort Royal.Ananging, gubernur Jean-Charles de Baas mutusaké dèning manemon kutha Fort-Royal ing tanggal 3 Oktober 1669 [11]. Renovasi kanggo ngindari badé wiwit dikerjaake , kapisanan yaiku ndandandi rawa lan jalur kaselarasan kutha kang disetujui dèning Colbert taun 1671. Saka parencanaan kutha, madeg quadrangle kanthi jembar 42 hektar lan grid, dadi wujud inti kutha nganthi jaman saiki. Pambangunan kutha ing tlatah kang ndhuweni lemah gembur, ora kondusif lan rawa-rawa kang nampung banyu kotor ngakibatake lemut semana uga tingkat penyakit ngakibatake kamatian kang dhuwur ing kutha iki minangka bencana malaria [11].

Pangembangan kutha kutha kang ndhuweni proyek banyu resik kanggo pendhudhuk, mbutuhaké wèktu kurang luwih 1 abad kanggo ngembangake proyek kasebut.Ing taun 1674 dadi prathanda paperangan misuwur Fort St Louis,kang bisa ngalahake armada Walanda kapimpin dèning Laksamana de Ruyter kanggo ngerebut kutha, lan bisa ngubungake pulo Crown saka Prancis.Wiwit wulan November 1677, panjenengané Earl of Blenac ndarat ing pesisir Martinique, minangka ngantekake Gubernur kang tilar donya yang baru saja meninggal. Uga penjenengané kang ngerampungake pambangunan kutha uga kacathet minangka bapak pambangunan kutha [11].Pangawean ulet,lan tekun panjenengané Earl of Blenac njabat dadi pangurusan kursi Umum ing Istana Gubernur.Ing taun 1692 panjenengané ngantekake St Peter Fort Royal kanggo mimpin pamarèntah taun 1692,tumuju mbangun kota anyar yaiku ibukutha administratif Martinique [12].

Fort Royal ing abad ka-18

Klompok pangungsi ka Fort-de-France minagka jeblugé gunung taun 1902.

Minangka serangan segara kang digalakake dèning pamarèntah Inggris ing taun 1759 lan Inggris nguasai kutha Fort Royal kanthi serangan darat taun 1762 minangka ndarataké pasukan Kapal Case Inggris. Martinique kasil dikuasai Inggris ing wulan Februari 1762.Uga Martinique dibalekake dèning pamarentah Prancis minangka Prajanji Paris. Panjenengané Georges-René Le Pelley Pléville yaiku minangka kaptèn pelabuhan Fort-Royal kan diwenehi mandat lan tanggung jawab kanggo rehabilitasi kutha patilasan panjajah Inggris.Kapten kan ngerampungake rehabilitas banjur ngabdi minangka ngoreksi grafik Hindia Kulon banjur bali ing Marseille minangka gangguan kasehatan.Panjenengané diganti dèning Robert Taschers, yaiku bapak saka Ratu Josephine.

Fort-de-France abad ka-20

Fort-de-France ing abad ka-20, Sawisé jeblug Gunung Pelee, St Pierre ngakibat ora bisa dadi kutha komersial, karana kelangan pendhudhuk kang tilar donya ing bencana jeblugé gunung Pelee, lan re-populasi kadadean sacara lambat lan parsial. Migran saka lor pulo tiba ing Fort-de-France sacara gedhe-gedhenan, kang ngumpulakae lan ngawe mupangat pelabuhan, industri, komersial lan ékonomi saka Martinique. Minangka ngatasi babagan migran, walikutha, Victor Severus mbagun proyek ing taun 1904 dèning para petinggi/pejabat. Ing bageyan sanitasi lan municipalization lahan-Sainville, lahan tels kang ndhuweni jembar dumunung ana ing sisih kulon segara saka pusat kutha kolonial.

Sabanjuré paperangan hukum kang dawa lan pangawean dilakoni ing taun 1920-an, tumuju ngelairake dhaérah modheren kanggo pendhudhuk kang makarya. Sabanjuré, para Sainte-Thérèse, Morne Pichevin lan Dillon, sarta klompok pangomahan individu spontan (sel) madeg ing pinggir dalan tumuju kutha lan bebarengan minangka ngembangake pendhudhuk kang alami lan padesaan, serta ndhuweni citra urbanisasi dispersi anarkis.

Jroning taun 1930, sanitasi durung bisa katat kanthi sampurna minangka dibuktekake dèning status saluran stroke, salah sijiné kansenjangan kang ana ing punjer lemah-Sainville, titik pambuangan Simon lan kalengan kang mili lan ndhuweni mupangat dadi pambuangan kabukak. Ing sanjabané pusat kutha, gaya kolonial pangomahan kang makmur dumunung ana ing dataran ndhuwur/paraden Didier ing sisih lor-kulon kutha (Balata) lan Redoute, yaiku kang ana ing dalan tumuju Morne Rouge. Fort-de-France dadi kutha kontras, kang nyaman lan ndhuweni suwasana heterogen serta ndhuweni kakurangan ing bidang kamakmuran pandhukdhuk karana kurang kaya tinimbang Saint-Pierre ing mangsa-mangsa jaya.

Pangembangan kutha

Bencana alam kang kadadean ing kapindho ing 11 Januari 1839, uga gempa bumi kang ngancurake kutha tanggal 22 Juni 1890 [13]. Uga kadadean kobongan kang ngakibatake telu-prapat saka kutha kolonial ajur,omah-omah kayu dikarepake ing pambangunan anyar minangka ngadepi gempa bumi ing mangsa ngarep.Pasar, Louis Cathedral St tanggal 18 Agustus 1891, diosak-asik dèning angin topan kang nerjang ing tengah kutha, newasake kurang luwih 400 wong [13].Kadadean liyané asebab bencana kang ana ing kutha yaiku prajanjen ing tanggal 14 September 1802 Martinique Prancis ing ngisor Prajanjen Amiens ditandatangani dèning Angleterre13 lan kapimpin dèning kakuawasan kaisar taun 1807, kutha kamimpin dadi "kepala koloni" lan didadekake nama Fort-de-France. [14]. Pangubahan nama kang ora didukung dèning pendhudhuk Inggris anyar taun 1809-1815. Fort-de-France, kang ndhuweni kutha administratif kan militèr, kaseksa dèning dampak kompetisi saka Saint-Pierre, kang paling ndhuweni pamadetan pandhudhuk uga didukung ekonomi dèdangangan kang misuwur, reputasi budaya ing jagad Hindia Kulon.Fasilitas pelabuhan anyar kang digawè Fort-de-France jroning taun 1860-an lan dermaga dibukak ing 1868.Tekané budak, Freedmen lan mulatto, ing donya dedagangan ngakibatake dibebasake saka populasi taun 1848, lan netepake pakembangan kutha, minangka munggahé cacah pandhudhuk saka 9200 wong ing wiwit abad kasangalas dadi 17000 ing taun 1876 [14].Pangembangan liyané kababr ing bidang teknologi salh sijiné pangembangan mesin uap jroning sistem produksi gula watara taun 1840 lan 1870 lan nyebabake transformasi kang signifikan saka sektor pertanian lan padesaan kang ana ing sakubengé Martinique [15]. Pangembangan teknologi kang ana ndhuweni mupangat ing konsentrasi lemah ing sakubengé pabrik gulo lan punjer panyulingan, serta fragmentasi parkebunan rakyat lan peternakan kang digalakake dèning para pendhudhuk katurunan eksodus [14]. Panurunan angka kamatian ngakibatake cacah partumbuhan pendhudhuk ngalami paningkatan.Uga ing taun 1901, sensus ngitung cacah pandhudhuk 29.000 wong ing kutha St Peter lan 24.700 cacah pendhudhuk ing kutga Fort-de-France.Cacah pandhudhuk kang didominasi dèning pamukiman kutha, Fort-de-France luwih adoh pangembangané saka kutha kang kawengkar 7000 jiwa, lan ndhuweni kaprigelan ing bidang tani [15].

Kabijakan lan Administrasi

Pulitik

Kutha Fort-de-France ndhuweni 50 taun bèntèng sak Partaé Progresif kang madeg kapimpin dèning penjenegné Martinique Aimé Cesaire. Sensitivitas pulitik Foyalais .Raymond Saint-Augustin-Louis sacara resmi kapilih dadi walikota Fort-de-France dèning Dèwan Kutha tanggal 7 April 2010. Panjenengané nerima 48 suwara saka 49. Panjenengané uga kapih dadi Serge Letchimy, ing tanggal 26 Maret 2010 Presidhèn Dèwan Dhaérah Martinique.

Dhaptar Walikota

No. Taun Periodé Nama Walikutha Pulitik
1 1883 1888 Jules Fanfan -
2 1888 1896 Osman Duquesnay Républicain
3 1896 1900 Henri Audemar -
4 1900 1907 Victor Sévère Radical
5 1907 1908 Antoine Siger (assassiné) Radical
6 1908 1919 Victor Sévère Radical
7 1919 1924 Louis Saint-Cyr -
8 1924 1941 Victor Sévère Radical
9 1941 1943 Jean de Laguarigue (administration de l'Amiral Robert) Régime de Vichy
10 1943 1943 Étienne Montestruc (administration de l'Amiral Robert) Régime de Vichy
11 1943 1945 Victor Sévère Radical
12 1945 2001 Aimé Césaire PC puis PPM
13 2001 2010 Serge Letchimy PPM
14 2010-saumur urip Raymond Saint-Louis-Augustin PPM

Peradilan lan administrasi

Ing Fort-de-France yaiku prefektur hotel uskup agung, rumah sakit universitas, Staf Umum Angkatan Bersenjata ing Hindia kulon lan Guyana, gedhong pengadilan Tinggi lan Pengadilan Banding [16].

Prefecture Fort-de-France
Hotel Postes kang ana ing Fort-de-France

Fort-de-France uga dadi salah sijiné pangkalan angkatan laut, kang dumunung ing Fort St Louis [16]. Wangun frigat surveilans, kapal patroli lan transportasi cahya ditugasake ing ngisor kadaulatan nasional lan merangi dedhagangan narkoba.  Fort-de-France ndhuweni kursi saka Urban Community Centre Martinique (Cacem), kang ndhuweni cacah 165.494 pendhudhuk ing 200.918, dèning Lamentin, St Joseph lan Schoelch [16].

Pangubahan demografi

Asebab bencana kang ningkatake angka kamatian pendhudhuk ing sangisoré 17000 jiwa. Partumbuhan pendhudhuk penting ing taun 1891 lan taun 1990 sabanjuré bencana pungkasan ing kutha kang utama taun 1954, nganthi 100000 wong ing awal 1990-an. Maka kutha Fort-de-France kelangan populasi 87.216 pendhudhuk taun 2010.

1853 1867 1894 1901 1936 1954 1961 1967 1974
13.130 16.721 17.274 24.692 52.051 60.648 84.811 96.943 98.807
1982 1990 1999 2006 2007 2008 2009 2010 -
99.844 100.080 94.152 90.347 89.794 89.000 88.440 87.216 -
De 1961 à 1999 : population sans doubles comptes ; à partir de 2006 : population municipale légale.
Source : Insee : 1967-1999[17], 2006[18], 2007[19], 2008[20], 2009[21]

Pambanding populasi

Pabanding antara taun 2006 lan 1990 ngakibataké populasi kang luwih sithik ing taun 1990, uga populasi ing kalangan wong wadon keton ing taun 2006 [22].

Pendhidhikan

Sekolahan

Kutha kang ndhuweni 25 taman kanak-kanak (TK), 59 sekolah dasar (SD), 8 pawiyatan luhur, Papat sekolah kajuruan, 3 sekolah ndhuwur masyarakat umum lan enem sekolah piagam [23]. Cithakan:Colonnes

Pendhidhikan tinggi

  • Kelas kasiapan tumuju Sekolah - Jurusan Ilmiah lan Sastra (SMA Bellevue)
  • Sekolah Management lan Perdagangan (ICC Martinique)
  • Kampus Seni Karibia (Institut Seni Visual Martinique)

Prastawa budaya lan festival

Festival budaya ing kutha Fort-de-France diadakake saben taun ing wulan Juni lan Juli.

Rumah sakit

Cacah rumah sakit kang ana ing Fort-de-France kurang luwih 1.900 ranjam pesakitan [23].

Rumah Sakit Universitas Fort-de-France kawengkar dumadi papat sekolah (kurang luwih 1.300 panggonan ranjam pesakitan) lan nerima kurang luwih 40 000 pasien saben tauné [24].

  • Rumah Sakit Pierre Zobda Quitman ( 700 kamar)
  • Rumah Sakit Albert Clarac (50 Kamar);
  • Rumah Sakit Bersalin Ibu lan Anak (150 kamar);
  • Rumah Sakit Emma Pusat Ventura (400 kamar.
  • Rumah Sakit Clinique Saint-Paul swasta, ( 52 kamar);
  • Rumah Sakit CHS Colson (470 Kamar) (rumah sakit jiwa)
  • Rumah Sakit Klinik Calmette, palayanan laboratorium lan dhokter spesialis

Olah raga

Saben taun ing wulan November,asring diselengarakake tethandingan maraton internasional ing kutha Fort-de-France. Kagiatan olah raga kang paling gedhé lan misuwur disalengarakake ing tengah kutha Fort-de-France.

Klub Olah raga

Fort-de-France ndhuweni kalompok utawa cabang olahraga:

  • Babal-balan
    • Colonial Club saka Fort-de-France ( Kanthi 19 gelar liga, klub bal-balan liga paling sukses Martinique)
    • Good Luck Fort-de-France ( Loro gelar jawara liga Martinique)
    • Excelsior ( 3 gelar jawara liga Martinique)
    • Intrepid ( 3 gelar jawara liga Martinique)
    • UJ Redoute
    • C.O.D.S.T (Club Omnisports Dillon Sainte-Thérèse)
    • C.O.T.V (Club Omnisports Trénelle-Volga)
    • ASJ Bô Kannal
  • Handball :
    • L'Espoir de Floréal
    • USC Citron
    • l'UJ Redoute
    • ASC Volga-Plage
  • Basket ball :
    • L'USAC (Union Sportive Amicale et Culturelle)
    • Intrépide
    • Golden Star Basket Ball
    • Baloncesto
  • Volley ball :
    • Good-Luck
  • Athlétisme :
    • Mairie Sportive
    • Club Colonial
    • ASC Police
  • Rugby :
    • Good-Luck
    • CS Militaire
  • Cyclisme :
    • Union Sportive Foyalaise (USF)
  • Natation :
    • Cercle des nageurs de l'Espadon
  • Yoles rondes
    • Tremplin's Club de voile les Alizés


Pranala njaba

Cathetan sikil

  1. (ing basa Prancis) INSEE - Population légale Fort-de-France 2009 (diunduh tanggal 8 April 2013).
  2. a b (ing basa Prancis) Insee - Résultats du recensement de la population de 2009 - Unité urbaine de Fort-de-France (diunduh tanggal 8 April 2013)
  3. a b (ing basa Prancis) LE CLIMAT EN MARTINIQUE (diunduh tanggal 08 April 2013
  4. a b (ing basa Prancis) Séminaire sur la place du vélo dans la politique du Développement Durable et Solidaire (diunduh tanggal 09 April 2013)
  5. a b c d . (ing basa Prancis) [ http://www.recensement.insee.fr/tableauxDetailles.action?zon Résultats du recensement de la population - 2009 (diunduh tanggal 10 April 2013)]]
  6. a b c d (ing basa Prancis) Dynmartini (diunduh tanggal 10 April 2013)
  7. a b c d e (ing basa Prancis) EPCI à fiscalité propre : CA du Centre de la Martinique (249720061) (diunduh tanggal 10 April 2013) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet8" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  8. (ing basa Prancis) [http://gallica.bnf.fr/ark:/12148/bpt6k34643g/f79.table Reviu Martime (diunduh tanggal 10 April 2013)
  9. Diagnostic du PLU de Fort-de-France sur http://www.fortdefrance.fr, Cithakan:Inscription date, p. 78 et 79. Consulté le 20 mai 2012.
  10. Séminaire sur la place du vélo dans la politique du Développement Durable et Solidaire sur Le site du Conseil général de Martinique, Cithakan:Inscription date. Consulté le 20 mai 2012.
  11. a b c d Diagnostic du PLU de Fort-de-France - Les transports sur http://www.fortdefrance.fr, Cithakan:Inscription date, p. 85. Consulté le 20 mai 2012. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet11" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  12. a b c Exemple avec la bataille du 20 juillet 1674 contre une force hollandaise.
  13. a b Paul Butel, Histoire des Antilles françaises, Perrin, 2002.
  14. a b c Diagnostic du PLU de Fort-de-France sur http://www.fortdefrance.fr, Cithakan:Inscription date, p. 14. Consulté le 24 April 2013
  15. a b www.univ-provence.fr.
  16. a b c (ing basa Prancis)Insee - Résultats du recensement de la population de 2009 - Communauté d'agglomération du Centre de la Martinique, consulté le 18 juillet 2012
  17. Évolution et structure de la population sur Insee. Consulté le 27 mai 2012.
  18. Populations légales 2006 des communes du département sur Insee. Consulté le 27 mai 2012.
  19. Populations légales 2007 des communes du département sur Insee. Consulté le 27 mai 2012.
  20. Populations légales 2008 des communes du département sur Insee. Consulté le 27 mai 2012.
  21. Populations légales 2009 des communes du département sur Insee. Consulté le 27 mai 2012.
  22. Recensement de l'INSEE en 2006 (diunduh tanggal 12 April 2012).
  23. a b Diagnostic du PLU de Fort-de-France - Équipements de proximité sur http://www.fortdefrance.fr, Cithakan:Inscription date, p. 85. Consulté le 24 April 2013. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet25" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  24. Histoire du CHU de Fort-de-France sur http://www.chu-fortdefrance.fr/. Consulté le 24 April 2013.