Sidang Istimewa MPR: Béda antara owahan
Kaca énggal: {{inuseuntil|28 Pebruari 2013}} thumb|Gedung MPR RI '''Sidang Istimewa MPR''' inggih punika sidang ingkang dipuntindakaken dening Majelis Permusyawa... |
c Bot: Migrating 1 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q4163430 (translate me) |
||
Larik 18: | Larik 18: | ||
[[Kategori:Politik]][[Kategori:MPR]] |
[[Kategori:Politik]][[Kategori:MPR]] |
||
[[id:Sidang Istimewa MPR]] |
Révisi kala 14 Maret 2013 13.33
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 28 Pebruari 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 13:33, 14 Maret 2013 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Sidang Istimewa MPR inggih punika sidang ingkang dipuntindakaken dening Majelis Permusyawaratan Rakyat Indonésia saking panyuwunanipun Dewan Perwakilan Rakyat utawi Sidang Tahunan Majelis kangge nyuwun lan mbiji asiling pertanggungjawabanipun Presiden saking lampahing putusan Majelis.[1] Sidhang punika dipunadani menawi presidhen dipunanggep sampun nglanggar Undang-Undang Dasar 1945 lan nyimpang saking GBHN, ingkang salajengipun laporan tanggel jawabipun badhe dipuntindakaken wonten ing SIdang Istimewa, ingkang padatanipun ngarah wonten ing kupiya nglengseraken jabatanipun. Sasampunipun maujud lan dipunlampahaken UU 27 Tahun 2009 pasal 184 ayat 4 ngengingi MPR, DPR, DPD, lan DPRD, pemakzulan badhe sah menawi dipunsarujuki dening tigang sak pro sekawan saking anggota MPR, ananging sarat kasebat dipunbatalaken malih dening Mahkamah Konstitusi. [2]
Sujarah
Indonesia sampun ngalami ping bola- bali Sidang Istimewa. Asilipun inggih arupi lengseripun jabatan Predidhen ingkang nembe njabat utawi boten. Wonten ugi Sidang Istimewa ingkang asilipun netepaken kangge nindakaken pemilu langkung cepet, inggih punika nalika taun 1998.
Sidang Istimewa MPRS 1967
Sidang Istimewa majelis ingkang sepisan dipunadani ing taun 1967 sasampunipun wonten prastawa Gerakan 30 September ingkang njalari Soekarno kecalan kapitadosan saking masarakat lan dipunanggep boten saged ngendhalekaken kaamanan sasampunipun pidhato tanggel jawabipun ing ngajeng MPRS, Nawakarsa, dipunwaosaken. MPRS ing wekdal punika nyuwun Sukarno kangge ndandosi pidato tanggel jawabipun ing Sidang Umum MPRS, ingkan dipunrespon dening Sukarno kanthi pidato Pelengkap Nawakarsa. Ananging pidhato tanggel jawab punika dipuntolak malih lan akhiripun dipunputusaken biih ing tanggal 7 Maret 1967 badhe dipunadani sidang Istimewa MPRS.[3] Sasampunipun Sidang Istimewa punika, Sukarno dipuncopot saking jabatanipun dados Presidhen lan dipungantosaken dening Soeharto dados Pejabat Presidhen.
Sidang Istimewa MPR 1998
Sidang Istimewa punika dipunadani ing tanggal 10 - 13 November 1998[4] sasampunipun pidato ngunduraken diri Soeharto ing tanggal 23 Mei 1998 dipunwaosaken. Ing wiwitanipun, Soeharto ngandharaken bilih piyambakipun boten badhé nyalonaken malih dados presidhen, ananging piyambakipun kepilih malih wonten ing pemilu Maret 1998. Sasampunipun kathah maneka warna demonstasi, kerusuhan lan kekacauan politik, ekonomi, lan militer, akhiripun Soeharto mutusaken mundur lan dipungantosaken dening wakilipun Habibie.[5] Sidang istimewa punika mutusaken kanggé dipunbetahaken pemilu dipunajokaken wekdalipun ingkang badhe dpunadani ing taun 1999.
Sidang Istimewa MPR 1999
Sidang Istimewa pada tahun 1999 dipunadani kanthi agenda pidato tanggel jawabipun Habibie ingkang dados presidhen ing tanggal 14 Oktober 1999. Asiling pidato tanggel jawabipun dipuntolak ing tanggal 20 Oktober 1999[6], ananging boten nyebabaken Habibe dipunlengseraken, ananging Habibie ngandharaken bilih piyambakipun boten badhe nyalon dados presidhen malih. Ing pungkasanipun, fraksi Parte Golkar, ngalihaken dhukunganipun dhateng Abdurrahman Wahid, ingkang salajengipun dados presidhen kaping sekawan Indonesia..[7]
Cathetan Suku
- ↑ PAH II Menyepakati Rantap Perubahan Tatib MPR, dipunundhuh saking Situs HukumOnline
- ↑ Pemakzulan Presiden Tak Mudah Meski Ada Putusan MK, dipunundhuh saking situs detik
- ↑ Saat-saat Jatuhnya Presiden Soekarno: Perjalanan Terakhir Bung Besar, dipunundhuh saking Situs Tempo
- ↑ Sistem Pemilihan Umum di Indonesia, dipunundhuh saking situs Universitas Terbuka
- ↑ Habibie Seperti Dihipnotis, dipunundhuh saking situs Kompas
- ↑ New Leader, New Indonesia?, dipunundhuh saking situs The Economist
- ↑ Mengapa Habibie Tak Mau Dicalonkan Jadi Presiden?, dipunundhuh saking situs Suara Karya Online