Sèl Saraf: Béda antara owahan
Xqbot (parembugan | pasumbang) c r2.7.3) (Bot: Nambahaké ta:நரம்பணு |
TjBot (parembugan | pasumbang) c r2.7.2) (Bot: Nambahaké vi:Nơron |
||
Larik 100: | Larik 100: | ||
[[uk:Нейрон]] |
[[uk:Нейрон]] |
||
[[ur:عصبون]] |
[[ur:عصبون]] |
||
[[vi:Nơron]] |
|||
[[yi:ניוראן]] |
[[yi:ניוראן]] |
||
[[zh:神經元]] |
[[zh:神經元]] |
Révisi kala 5 Maret 2013 09.09
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 28 Pebruari 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 09:09, 5 Maret 2013 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Sèl saraf utawa neuron yaiku bagéyan paling cilik kang nyusun sistem saraf manungsa kang ndarbèni sipat béda saka sèl-sèl awak liyané.[1] Kagunan saka sèl saraf yaiku ngirimaké pesen (impuls) kang arupa rangsang utawa tanggapan.[2]
Ciri-ciri
Jaringan saraf kawangun saka sèl-sèl saraf (neuron) kang ndarbèni ciri khusus, yaiku ndarbèni ploloran sitoplasma kang dawa.[1] Kajaba kasusun saka neuron, sèl saraf uga kasusun saka sèl neuroglia kang ana ing sistem saraf pusat.[1] Sèl saraf dumunung nyebar ing kabèh awak manungsa.[1] Ing jero siji sèl saraf, sitoplasmané ngandhut ribosom, badan golgi, retikulum endoplasma, lan mitokondria.[1] Neuron éntuk suplai panganan liwat sèl neuroglia kang ngubengi. Neuron kasusun saka badan sèl, dendrit, lan akson.[1] Neuron ndarbèni bentuk lan ukuran kang manéka werna. Miturut bentuké, neuron bisa dibédakaké dadi telu, yaiku neuron unipolar, bipolar, lan multipolar.[3] Ing invertebrata, badan sèl padatan ndarbèni ukuran cilik (diamèter < 0,1 mm) lan kandeléserabut saraf < 0,01 mm.[3]
Struktur
Saben neuron kawangun saka siji badan sèl kang ing jeroné ana sitoplasma lan inti sèl. Saka badan sèl metu rong jijis serabut saraf, yaiku dendrit lan akson (neurit).[2] Kagunan badan sél yaiku dadi papan kanggo sintesis neurotransmitter, yaiku senyawa kimia kang wigati kanggo mbiyantu penjalaran impuls kang ngliwati sinaps.[3] Saka badan sèl katon sawatara brenjolan sitoplasmik tumuju njaba lan mbentuk struktur kang diarani dendrit lan akson.[3] Dendrit yaiku brenjolan sitoplasmik kang methungul saka badan sèl saraf, ukurané cendhak udakara 1 mm.[3] Gunggungé dendrit akèh lan nyabang. Kagunan saka dendrit yaiku nampa rangsang lan nggawa rangsang kasebut tumuju badan sèl.[3] Déné akson yaiku brenjolan sitoplasmik kang methungul uga saka badan sèl kang ndarbèni kagunan nerusaké rangsang tumuju bongkot akson.[3] Ukuran akson paling dawa kanthi bongkot nyabang banget. Akson ana kang digubeti selubung meielin lan ana sing ora kagubet.[3]
Pérangan Sistem Kerja Sel Saraf
- Sèl Reseptor : saraf kang nampa rangsang, padatan arupa piranti indra.[1]
- Sèl Efektor : sèl saraf kang nanggapi rangsang arupa otot lan kelenjar.[1]
- Sèl Saraf Sensoris : serabut saraf kang nggawa rangsang tumuju utek.[1]
- Sèl Saraf Motorik : serabut saraf kang nggawa rangsang saka utek.[1]
- Sèl Saraf Konektor : sèl saraf motorik utawa sèl saraf siji karo sèl saraf liyané.[1]
Cara Kerja Sèl Saraf
Rangsang kang ditampa dèning sèl saraf reseptor banjur ditampa dèning sel saraf sensoris kanggo diterusaké tumuju utek.[1] Pawarta (informasi) kang wis tekan utek banjur diolah, diinterpretasi banjur mènèhi wangsulan marang pawarta kang ditampa mau.[1] Nalika mènèhi wangsulan kang wis ditampa, lakuné pawarta kasebut digawa saka utek tumuju sèl-sèl saraf motorik banjur kadadèn respon arupa obahé awak.[1] Ing obah refleks, impuls liwat dalan cendhak utawa dalan jujugan, Diwiwiti saka reseptor panampa rangsang, banjur diterusaké dèning saraf sensoris tumuju saraf pusat.[1] Rangsang kasebut ditampa dèning sèl saraf panghubung (konektor) tanpa diolah ing jero utek langsung dikirim tumuju saraf motorik kanggo dikirim menyang efektor, yaiku otot lan kelenjar.[1] Tuladahané obah refleks yaiku nalika mripat kedhèp.[1]