Gunung: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
ZéroBot (parembugan | pasumbang)
c r2.7.1) (Bot: Nambahaké ckb:کێو
Rubinbot (parembugan | pasumbang)
c r2.7.3) (Bot: Ngowah ang:Beorȝ dadi ang:Beorg
Larik 37: Larik 37:
[[am:ተራራ]]
[[am:ተራራ]]
[[an:Montanya]]
[[an:Montanya]]
[[ang:Beorȝ]]
[[ang:Beorg]]
[[ar:جبل]]
[[ar:جبل]]
[[arc:ܛܘܪܐ]]
[[arc:ܛܘܪܐ]]

Révisi kala 4 Maret 2013 08.09

Gunung Kinabalu, Borneo.

Gunung iku salah sawijiné wangun lemah sing methungul luwih dhuwur tinimbang wilayah sakupengé. Gunung biyasané luwih dhuwur lan njulek tinimbang bukit. [1] Nanging ana padhané ing pigunané gumantung saka adat lokal. Sapérangan pangrèh ndhèfinisikaké gunung kanthi pucuk luwih saka ukuran tinamtu; upamané, Ensiklopedia Britannica mbutuhaké kadhuwuran 2000 kaki (610 m) supaya bisa didhèfinisikaké dadi gunung. Déné miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), gunung yaiku bukit sing gedhé banget lan dhuwur (padatan dhuwuré luwih saka 600m). [2] Sawijining gunung biyasané kawangun saka obahing tèktonik lempeng, gerakan orogenik utawa gerakan epeirogenik.

Prosès kawanguné gunung

Gunung kawangun amarga anane prosès gaya téktonik sing kadadèn ing jero bumi sing diarani orogènèsis lan èpirogènèsis. Ing prosès orogènèsis iki, sedimèn sing kekumpul malih bentuké amarga entuk gaya penet saka tubrukan lèmpèng téktonik. Prosès kawanguné gunung kadadèn miturut skala taun géologi antarané 45-250 yuta taun kepungkur. Tuladhané, pegunungan Himalaya sing kawangun saka 45 yuta taun kepungkur, déné pegunungan Appalache kawangun saka 450 yuta taun kepungkur.

Model kawanguné gunung ngalami telu tingkatan proses, yaiku:

1. Akumulasi sèdimèn: lapisan-lapisan sèdimèn lan watu-watu vulkanik numpuk nganti jeroné pirang-pirang kilomèter.

2. Bentuk watu malih lan kerak bumi keangkat: sèdimèn sing kawangun mau ngalami déformasi amarga anané gaya komprèsi amarga tubrukan antarané lèmpèng-lèmpèng tèktonik.

3. Kerak bumi keangkat amarga obahé blok sésar: tubrukan antarané lèmpèng arep ngangkat sebagéyan kerak bumi dadi lempitan luwih dhuwur saka sakupengé saéngga kawangun gunung. [3]

Jinis Gunung

Miturut garis gedhé, gunung dipérangaké dadi loro, yaiku gunung geni (gunung aktif) lan gunung ora aktif. Déné miturut wanguné, gunung dipérangaké dadi telu, yaiku gunung perisai, gunung strato, lan gunung maar.


Deleng uga

Cathetan Sikil