Wicitrawirya: Béda antara owahan
c r2.6.2) (Bot: Ngowah ml:വിചിത്രവീര്യന് dadi ml:വിചിത്രവീര്യൻ |
c r2.7.3) (Bot: Nambahaké lt:Vičitravyrja |
||
Larik 52: | Larik 52: | ||
[[id:Wicitrawirya]] |
[[id:Wicitrawirya]] |
||
[[ja:ヴィチトラヴィーリヤ]] |
[[ja:ヴィチトラヴィーリヤ]] |
||
[[lt:Vičitravyrja]] |
|||
[[ml:വിചിത്രവീര്യൻ]] |
[[ml:വിചിത്രവീര്യൻ]] |
||
[[mr:विचित्रवीर्य]] |
[[mr:विचित्रवीर्य]] |
Révisi kala 11 Fèbruari 2013 22.42
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 28 Pebruari 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 22:42, 11 Fèbruari 2013 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Wicitrawirya | |
Déwanagari: | विचित्रवीर्य |
Jeneng liya: | Citrawirya |
Asal: | Hastinapura, Krajaan Kuru |
Wonten salebeting wiracarita Mahabharata, Wicitrawirya (Dewanagari: विचित्रवीर्य; IAST: Vichitravīrya ) atau Citrawirya inggih punika salah satunggaling putra Prabu Santanu, raja Hastinapura. Miturut silsilah kaluwarga Kuru, Wicitrawirya punika minangka ‘’kakek’’ Pandhawa kaliyan Korawa.
Asma
Wicitrawirya saking basa Sansekerta saha basa Kawi kanthi tembung Witjitra kaliyan Wirja [1]. Witjitra tegesipun éndah banget[1]. Wirja tegesipun kendel, koewasa, moelja[2]. Menawi wonten salebeting tradhisi paringgitan Jawa, asring dipun sebat Citrawirya.
Riwayat
Wicitrawirya inggih punika putranipun Prabu Santanu kaliyan Ratu Satyawati ingkang paling nem. Ratu Satyawati punika, garwanipun Prabu Santanu ingkang kaping kalih. Wicitrawirya anggadhahi kalih sadulur. Sadulur seje ibu, ingkang asma Bisma, dene sadulur tunggal ibu, ingkang asma Citrānggada. Saksampunipun Prabu Santanu tilar donya, Citrānggada ingkang nggantosaken tahta wonten ing Hastinapura. Sejatosipun ingkang nggantosaken tahtanipun Prabu Santanu punika Bisma, ananging amargi Bisma sampun sumpah menawi panjenenganipun badhe boten nate dados raja saha badhe doten nate nggarwa sinten kemawon. Ananging, Citrānggada gugur wonten salebeting perang. Kadosta tradhisi, Wicitrawirya ingkang nggantosaken kakuwaosipun. Wonten sakpunika Wicitrawirya taksih nem sanget.
Leres filsafatipun Bisma, saha beja rakyat Hastina, amargi anggenipun nguwaosi saha marintah, raja nem punika beda kaliyan kang masipun-Citrānggada. Wicitrawirya punika boten anggadhahi kasekten kadosta kang masipun, ananging panjenenganipun raja ingkang jujur, adil, pinter nglola nagari, boten supe tresna dhumateng rakyatipun. Panjenenganipun ngonduraken sedaya ingkang dados hak nagari caketipun, saha saking kaadilan lan kajujuranipun, sarta bimbinganipun Bisma minangka kang mas saha penasihat, Hastinapura saged dipunkurmati mallih minangka nagari ingkang njaga katentreman[3].
Wonten ing wekdal punika prabu kedah anggadhahi permaisuri. Sesarengan wonten kabar menawi nagari Kashi saweg ngawontenaken sayembara ingkang ngrebutaken tigang putri Raja Kasya, nun inggih Amba, Ambika kaliyan Ambalika,kangge sinten kemawon ingkang nedahaken kasekten paling inggil. Ratu Setyawati mireng kabar punika, lajeng panjenenganipun madosi Bisma-putra tunggal rama ingkang dados penasihat krajaan. Ratu Setyawati ngenidka menawi Prabu Wicitrawirya punika sanes raja ingkang sekti, boten saged menangaken sayembara. Ananing sakpunika Prabu Wicitrawirya sampun kedah anggadhahi permaisuri. Ratu Setyawati ngenidka menawi Prabu Wicitrawirya punika sanes raja ingkang sekti, boten saged menangaken sayembara. Ananing sakpunika Prabu Wicitrawirya sampun kedah anggadhahi permaisuri.
Mireng ngendikanipun Ibu kados punika, kaluhuran budi, kwanenan, rasa welas asih dhumateng rayinipun saha tanggel jawab dhumateng nagari dipuntedahaken Bisma. Bisma matur dhumateng Ibunipun menawi piyambakipun ingkang badhe tarung wonten ing sayembara punika saha badhe bekta tigang putri punika kangge Prabu Wicitrawirya. Ratu Setyawati nelangsa mireng tekadipun ingkang putra. Saklajengipun Ratu Setyawati kaliyan Prabu Wicitrawirya paring pangestu dhumateng Bisma.
Referensi
- ↑ a b W.J.S poerdarminta. 1929. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N.V Groningen. hlm 665 & 666 Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; jeneng "kamus1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda - ↑ W.J.S poerdarminta. 1929. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N.V Groningen. hlm 665
- ↑ http://sosbud.kompasiana.com/2012/08/06/prabu-citragada-dan-prabu-wicitrawirya-seri-mahabharata-bhisma-dewabharata-2/, Dipun undhuh 10 Oktober 2012.
Kang sadurungé Citrānggada |
Dinasti Kuru Raja Hastinapura |
Kang sawisé Pandu |
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
---|---|
Para paraga | |
Dinasti Kuru | Paraga liya |
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
Topik kagandhèng | |
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa |