Ombak: Béda antara owahan
Tanpa ringkesan besutan |
c r2.7.3) (Bot: Nambahaké sk:Vodná vlna |
||
Larik 79: | Larik 79: | ||
[[scn:Unna marina]] |
[[scn:Unna marina]] |
||
[[simple:Ocean surface wave]] |
[[simple:Ocean surface wave]] |
||
[[sk:Vodná vlna]] |
|||
[[sv:Vattenvågor]] |
[[sv:Vattenvågor]] |
||
[[ta:கடலலை]] |
[[ta:கடலலை]] |
Révisi kala 6 Januari 2013 19.53
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 28 Pebruari 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 19:53, 6 Januari 2013 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Ombak yaiku prastawa munggah mudhuné partikel-partikel banyu.[1] Ombak ugabisa ditegesi obahé banyu segara sing munggah mudhun utawa nggulung-nggulung.[2] Ana telung faktor kang njalari dadiné ombak, yaiku pasang-surut (swell), angin panté (local wind), lan mudhun-munggahé massa watu ing dhasar samodra.[1] Pasang-surut banyu segara iki amarga ana gaya gravitasi bulan.[1] Nalika bulan ing posisi celak karo permukaan bumi, banyu segara ing dhaérah iku ketarik dèning gaya gravitasi bulan lan njalari banyu segara pasang.[1] Déné ing dhaérah bumi liya kang adoh saka posisi bulan, banyu segara surut. Obahé banyu segara iki kanthi bentuk ombak.[1]
Angin kang obah nerjang permukaan segara, sithik mbaka sithik mbentuk obahé ombak kang nggulung.[1] Saya kenceng angin kang nerjang permukaan segara, saya gedhé uga ombak kang dikasilaké.[1] Marga dhasar ombak kena dharatan nalika menyang panté, ombak ngalon amarga ana gèsèkan.[1] Nalika kuwi, puncak ombak tetep mlaku banjur wutah.[1] Yèn ing segara kadadéyan gelombang ombak kang gedhé banget, ing panté bakal kawentuk puncak ombak kang dhuwur lan wutahan kang gedhé.[1]
Obahé massa watu ing dhasar samodra uga njalari ombak.[1] Ombak sing kaya iki uga diwastani tsunami.[1] Nalika ana obah-obahan watu-watu ing dhasar segara, ombak kuwi bakal nyebabaké jundhulan ing permukaan segara ing dhuwuré.[1] Ombak iki ndarbèni energi kang gedhé, saéngga bisa njalari karusakan kang uga gedhé.[1] Ombak tsunami ngasilaké rong jinis bentuk gelombang, yaiku gelombang positif lan gelombang negatif.[1] Gelombang positif kadadèn nalika banyu segara ora surut kanthi amba ing dhaérah panté.[1] Déné gelombang negatif kadadèn yèn banyu segara surut kanthi amba.[1]
Jinis Ombak
- Miturut sifaté
- Ombak pembangun utawa pambentuk panté (Constructive wave), kang ndarbèni ciri endhèk lan kecepatan rambaté uga cendhak.[3] Saéngga nalika ombak kasebut pecah ing panté bakal ngangkut sedimen (material panté).[3] Material panté bakal kèri ing panté nalika ili balik saka ombak pecah lan nresep ing pasir utawa alon-alon mili mbalik menyang segara.[3]
- Ombak pangrusak panté (destructive wave), padatan ndarbèni kadhuwuran lan kecepatan rambat kang gedhé.[3] Banyu kang mbalik muter ndarbèni wektu luwih cepet kanggo nresep ing jero pasir.[3] Nalika ombak teka manèh ngantem panté bakal ana akèh banyu kang ngumpul lan ngangkut material panté tumuju tengah segara utawa papan liya.[3]
- Miturut cara pecahé
- Spilling, padatan kadadèn yèn ombak miring tumuju panté kang dhatar (miringé sithik). Ombak pecah ing jarak kang adoh saka panté lan sithik-sithik.[3]
- Plunging, yèn miringé ombak lan dhasar nambah ombak bakal pecah lan puncak gelombang bakal muter. Sabagéyan bakal mentul menyang segara.[3]
- Surging, ombak kadadèn ing panté kanthi miring banget, kayata kang kadadéyan ing panté kang ana watu karangé.[3]
Kagunan lan mupangat ombak
- Njaga stabilé suhu saka iklim donya [3]
- Liwat permukaan ombak, kadadèn ijolan gas [3]
- Ningkataké kemampuan adaptasi lan kekuwatan saka makluk urip [3]
- Ningkataké keanekaragaman hayati [3]
- Mbantu anané gegayutan simbisosis mutualisme [3]
- Mbantu nggawé utawa mbentuk panté [3]