Muslim bin al-Hajjaj: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Ganyong (parembugan | pasumbang)
Tanpa ringkesan besutan
EmausBot (parembugan | pasumbang)
Larik 63: Larik 63:
[[cs:Muslim ibn al-Hajjaj Nishapuri]]
[[cs:Muslim ibn al-Hajjaj Nishapuri]]
[[de:Muslim ibn al-Haddschadsch]]
[[de:Muslim ibn al-Haddschadsch]]
[[en:Muslim ibn al-Hajjaj Nishapuri]]
[[en:Muslim ibn al-Hajjaj]]
[[fa:مسلم بن حجاج نیشابوری]]
[[fa:مسلم بن حجاج نیشابوری]]
[[fr:Muslim ibn al-Hajjaj]]
[[fr:Muslim ibn al-Hajjaj]]

Révisi kala 30 Novèmber 2012 02.10

Muslim ibn al-Hajjaj
KalaAbad tengahan
TlatahÈlmuwan Iran
Aliranmadzhab Syafi'i
Karsa pokok
hadits

Al-Imam Abul Husain Muslim bin al-Hajjaj al-Qusyairi an-Naisaburi(Arab: أبو الحسين مسلم بن الحجاج القشيري النيشابوري‎‎), utawa dikenal minangka Imam Muslim (821-875) dilairaké ing taun 204 Hijriah lan séda ping wayah soré dina Ahad sasi Rajab taun 261 Hijriah lan disarèkaké ing Naisaburi.

Imam Muslim wis sinau hadits wiwit cilik kaya Imam Bukhari lan naté krungu saka guru-guru Al Bukhari lan ulama liya. Wong sing nampa Hadits saka Imam Muslim iki, kalebu tokoh-tokoh ulama jroning jamané. Imam Muslim uga wis nyusun sawetara karangan sing mutu lan mupangati. Sing paling mupangat yaiku kitab Shahih sing dikenal kanthi istilah Shahih Muslim. Kitab iki disusun luwih sistematis saka Shahih Bukhari. Kaloro kitab hadits shahih iki; Shahih Bukhari lan Shahih Muslim biasa disebut kanthi sebutan Ash Shahihain. Kaloro tokoh hadits iki biasa disebut Asy Syaikhani utawa Asy Syaikhaini, sing maknané loro wong tuwa sing maksudé loro tokoh ulama ahli Hadits. Imam Al-Ghazali jroning kitab Ihya Ulumuddin ana istilah akhraja hu sing tegesé wong loro iku ngriwayataké.

Imam Muslim sinanu hadits wiwit isih jroning yuswa timur, yaiku wiwit taun 218 H. Panjenengané tindak menyang Hijaz, Irak, Syam, Mesir lan negara-negara liyané.

Ing Khurasan, panjenengané meguru marang Yahya bin Yahya lan Ishaq bin Rahawaih; ing Ray meguru marang Muhammad bin Mahran lan Abu `Ansan. Ing Irak panjenengané sinau hadits marang Imam Ahmad lan Abdullah bin Maslamah; ing Hijaz sinau marang Sa`id bin Mansur lan Abu Mas`Abuzar; ing Mesir meguru marang `Amr bin Sawad lan Harmalah bin Yahya, lan marang ulama ahli hadits liyané.

Karya

Imam Muslim ninggalaké karya tulis sing ora sethithik, antara liya :

  1. Al-Jami' ash-Shahih utawa luwih dikenal minangka Sahih Muslim
  2. Al-Musnad al-Kabir (kitab sing nerangaké jeneng-jeneng para perawi hadits)
  3. Kitab al-Asma wal-Kuna
  4. Kitab al-Ilal
  5. Kitab al-Aqran
  6. Kitab Su`alatihi Ahmad bin Hambal
  7. Kitab al-Intifa` bi Uhubis-Siba`
  8. Kitab al-Muhadramin
  9. Kitab Man Laisa Lahu illa Rawin Wahid
  10. Kitab Auladish-Shahabah
  11. Kitab Auhamil-Muhadditsin

Rujukan

Wikisource
Wikisource
Arabic Wikisource has original text related to this article:

Pranala jaba

{{subst:#if:|}} [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:821}}

|| UNKNOWN | MISSING = Taun lair ora ana {{subst:#switch:{{subst:uc:875}}||LIVING=(wong urip)}}
| #default = Lair 821

}}]] [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:875}}

|| LIVING  = Wong urip
| UNKNOWN | MISSING  = Taun pati ora ana
| #default = Pati 875

}}]]