Bebadan: Béda antara owahan
Kaca énggal: {{inuseuntil|23 Februari 2013}} thumb|350px|Organisasi Kemahasiswaan ing Lithuania '''Lembaga''' utawa luwih asring disebut '... |
(Ora ana béda)
|
Révisi kala 31 Oktober 2012 14.12
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 23 Februari 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 14:12, 31 Oktober 2012 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Lembaga utawa luwih asring disebut Organisasi (Yunani: ὄργανον, organon - alat) yaiku sawijining kelompok wong-wong ing sawijining wadah kanggo nuju sawijining tujuan bebarengan.
Ing ilmu-ilmu sosial, organisasi dipelajari dhèning periset saka akeh bidang ilmu, kang utama yaiku sosiologi, ekonomi, ilmu politik, psikologi, lan manajemen.[1] Kajian organisasi asring disebut studi organisasi (organizational studies), perilaku organisasi (organizational behaviour), utawa analisis organisasi (organization analysis).[1]
Dèfinisi
Ana akèh tèori lan pèrspèktif kang ngomongaké organisasi, ana kang cocok siji lan liyané, lan uga ana kang beda-beda.[1] Organisasi digunaké kanggo papan utawa wadhah wong-wong supaya bisa kumpul, kerja bareng kanthi rasional lan sistematis, kanthi rencana kang mateng, lan ana pemimpin kang ngendaliaké, nalika manfaataké sumber daya (duit, material, mesin, metode, lingkungan), sarana-parasarana, data, lan liya-liyané kang digunaaké kanthi èfisièen lan èfèktif kanggo nggayuh tujuan organisasi.[1]
Para njabaraké organisasi ana ing pirang-pirang arti, kaya ta:
- Stoner ngandaaké menawa organisasi yaiku sawijining pola hubungan-hubungan kang kanthi cara kepiye wong-wong ing ngisor penawasan bisa nggayuh tujuané bebarengan [2].
- James D. Mooney ngendaaké menawa organisasi yaiku bentuk saka perserikatan manungsa kanggo nggayuh tujuan bebarengan [3].
- Chester I. Bernard ngandaaké menawa organisasi yaiku sawijining sistem aktivitas kerja bareng kang dilakuaké dhèning wong loro utawa luwih[4].
- Stephen P. Robbins ngandaaké menawa organisasi yaiku kesatuan (entity) sosial kang dikoordinasiaké kanthi sadar, kanthi batesan-batesan kang rélatif bisa diidentifikasiaké, kang kerja kanthi dasar kang rélatif terus-terusan kanggo nggayuh sawijining tujuan bareng utawa sekelompok tujuan[5].
Sawijining organisasi bisa kabentuk amaraga dipengaruhi dhèning aspèk-aspèk kaya ta: penyatuan visi lan misi sarta tujuan kang padha karo perwujudan èksistènsi sekelompok wong kasebut marang masyarakat.[1] Organisasi kang dianggep apik yaiku organisasi kang diakoni kaananané dhèning masyarakat ing sekitaré, amarga mènèhi kontribusi kaya ta: njupuk sumber daya manungsa ing masyarakat kanggo dadi anggotané saingga bisa ngurangi angka pengangguran [1]
Wong-wong kang ana ing jero sawijining organisasi nduwéni sawijining keterkaitan kang terus-terusan.[1] Rasa keterkaitan iki, ora berarti keanggotaan seumur urip[1]. Ananging organisasi ngadhepi perubahan kang konstan ing keanggotaané.[1]
Partisipasi
Ing organisasi tiap individu bisa interaksi karo kabèhing struktur kang terkait karo organisasi kang dipilih[6]. Supaya bisa interaksi kanthi èfèktif ing organisasi kang kesangkut[1]. Kanthi partisipasi iku individu bisa luwih ngerti hal-hal apa baé kang kudu dilakuakè[1].
Partisipasi didefinisiaké keterlibatan méntal utawa pikiran lan émosi utawa perasaan sawijining wong ong situasi kelompok kang ndorong kanggo mènèhi sumbangan marang kelompok kanthi usaha nggayuh tujuan[1].
Unsur-unsur
Miturut Keith Davis adaana 3 unsur penting ing partisipasi[1]:
- Unsur no 1, yaiku partisipasi utawa keikutsertaan sakbeneré yaiku sawijining keterlibatan méntal lan perasaan, luwih saka namung keterlibatan secara jasmaniah.
- Unsur no 2 yaiku keikhlasan mènèhi sumbangan marang usaha kanggo nggayuh tujuan kelompok. Berarti, menawa ana rasa seneng, ksukarela kanggo mbantu kelompok.
- Unsur no 3 yaiku unsur tanggung jawab. Unsur kasebut awujud segi kang nonjol saka rasa dadi anggota. iki diakoni dadi anggota artiné ana rasa “sense of belongingness”.
Jenis-jenis
Keith Davis uga ngandaaké jenis-jenis partisipasi, yaiku[1]:
- Pikiran (psychological participation)
- Tenaga (physical partisipation)
- Pikiran lan tenaga
- Keahlian
- Barang
- Duit
Syarat-syarat
Supaya sawijining partisipasi ing organisasi bisa mlaku kanthi èfektif, dibutuhaké persyaratan kang mutlak, yaiku:
- Wektu. Supaya bisa partisipasi diperluaké wektu. Wektu kang dimaksud yaiku bisa ngertèni pesan kang diaturaké dhéning pemimpin[1].
- dana perangsang, diperluaké ing sawijining partisipasi, nanging kudi dibatesi saperluné supaya ora nyiptaaké kesan négatif [1].
- Subyek partisipasi kudu rélevan utawa ana kaitané karo organisasi[1].
- Partisipasi kudu duwè kemampuan kanggo partisipasi, yaiku duwé lingkup pemikiran kang ombo dal pengalaman uga komunikasi kang lancar[1].
- Partisipasi kudu bisa komunikasi timbal balik, tuladhané nggunaaké basa kang pada kang dipahami, saingga bisa kacipta tukaran pikiran kang èfètif[1]
- Pihak kesangkut bébas nalika nglakoaké peran sarta sesuai karo persyaratan kang wus ditentuaké[1].
- Nalika partisipasi nemtoaké sawijining kegiatan kudu didasarké kebebasan ing kelompok, artiné ora maksa lan ota nimbulaké kategangan utawa gangguan ing pikiran jiwa pihak-pihak anggota. Hal iki didasaraké prinsip yaiku partisipasi nduwéni sifat persuatif.[1]
Partisipasi ing organisasi nekanaé ing pembagian wewenang utawa tugas-tugas ing nglaksanaaké kegiatan kanthi maksud ningkataké èfèktif tugas kang diwènèhaké kanthi struktur kang luwih jelas[1].
Bentuk-bentuk organisasi
- Organisasi politik
- Organisasi sosial
- Organisasi mahasiswa
- Organisasi olahraga
- Organisasi sekolah
- Organisasi negara
Referensi
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v Keith Davis, Human Relations at Work, (New York, San Francisco, Toronto, London: 1962).Hlm.15-19
- ↑ Singarimbun, Masri dan Sofyan Efendi. 1976. Understanding Practice and Analysis. New York: Random House.Hlm. 132
- ↑ D, Ratna Wilis. 1996. Teori-Teori Belajar. Jakarta: Penerbit Erlangga.Hlm. 56
- ↑ Horton, Paul B. dan Chester L. Hunt. 1984. Sociology. Edisi keenam. International Student Edition. Tokyo: Mc.Graw-Hill Book Company Inc.Hlm. 89
- ↑ Stephen P.Robbins. Teori Organisasi Struktur, Desain, dan Aplikasi, (Jakarta: Arcan: 1994), hlm.4
- ↑ WS, Winkel. 1997. Psikologi Pendidikan dan Evaluasi Belajar. Jakarta : Gramedia.Hlm.75