Gim Olympiadé: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 16: Larik 16:
Macemé pertandhingan ing Olimpiade kuno bisa kasebut sarwa atos. Para atlet mlayu pada mlayu sak kenceng-kencengé tanpa nganggo lambaran sikil. Para panunggang jaran pada lomba entèk-entèkan tanpa pelana utawa sanggurdi. Para atlet sing mencolot gawa pemberat sing diayunké kanggo nambah surungan maju. [[Olahraga]] sing paling abot yaiku [[Pancratium|pankration]], [[olahraga]] nggabungaké [[gulat]] lan [[tinju]] gaya tradhisional.<ref>{{cite web|title=Olympic Games|url=http://www.britannica.com/EBchecked/topic/428005/Olympic-Games/59589/The-ancient-Olympic-Games|publisher=Encyclopædia Britannica|format=registration required|accessdate=29 April 2009}}</ref> Para atlet oleh nyépak utawa nekak lawané, sing ora diéntukaké yaiku mencèt mata, nyokot, lan nyeklèkake driji. ''Fairplay'' bener-bener digatèkaké para atlet. salah sijining artefak purba ngetokaké adegan tinju antarané rong atlet. Sing menang tinju yaiku pihak sing bisa ngampleng sirah lawané. Pihak sing kalah kudu ngacungaké driji tanda ngaku kalah.<ref>Spivey (2004), hal. 229–230</ref>

Olimpiade kuno mung entuk ditonton lan dimeloni para pria. Amarga para atlet kudu tandhing nganggo awak ora nganggo busana, kajaba kanggo kesempatan khusus, kaya lomba keréta jaran. Dèwèké nanggo busana manéko warna kanggo nudhuhaké status sosial sing nduwé keréta lan [[jaran]]. Kanggo wong [[Yunani]] ora nganggo busana dadi cara paling pas kanggo [[olahraga]]. Dèwèké bungah menawa duwèni awak sing atletis.<ref name="Burkert">Burkert (1983), hal. 95</ref> Sing menang pertandhingan entuk mahkota godong, kaya godong zaitun liar sing ngganteni medali. Kadang-kadang sing juara diarak mlebu [[kutha]] lewat siji bolongan/terowongan sing digawé khusus ing tembok [[kutha]]. Dewèké dielu-elu ing dalan [[kutha]] lan disambut kanthi wacanan [[puisi]].<ref>Swadling (1999), hal. 90–93</ref> Hadiah liane kanggo olahragawan sing berprestasi arupa bebas saka pajek lan entuk mangan gratis. Salah sijining kota uga diwènèhi bonus duit sing jumlahé gedhe. Malah ing [[kutha]] sing dinggo panggon pemenang digawèkaké patung sing dewèké. Akeh patung watu lan perunggu isih sisa tekan saiki lan iku dadi hadiah sing paling langgeng duwéné sing juara. Salah siji bagian cabang atletik sing isih tetep dikenal tekan saiki yaiku [[maraton]], yaiku perlombaan mlayu sing adohe kira-kira 42 km.<ref>Olympic Museum, "The Olympic Games in Antiquity", hal. 2</ref>

Olimpiade tekan nduwurane ing [[abad]] kaping-6 lan kaping-5 SM, ananging sabanjure kanthi alon-alon ngalami kunduran bebarengan kalahe Yunani karo [[Romawi]]. ora ana konsensus sing nyatakne kanthi resmi babagan rampunge Olimpiade, ananging teori sing paling umum dicekel saiki yaiku ing taun 393 M, pas [[Kaisar Romawi]], [[Theodosius]] nyatakne menawa kabeh budaya praktek-praktek kuno Yunani kudu diilangi.<ref>However, Theodosius' decree contains no specific reference to Olympia (Crowther (2007), hal. 54).</ref> Sabanjure, ing taun 426 M, [[Theodosius II]] mrintahake ngrusak kabeh kuil Yunani. Sakwise kui, Olimpiade ora dienekake maneh tekan pungkasan abad 19.<ref>Crowther (2007), hal. 54</ref>

== Cathetan suku ==
== Cathetan suku ==

Révisi kala 13 Sèptèmber 2012 06.12

Gendera Olimpiade

Pertandingan Olimpiade (basa Perancis: les Jeux olympiques, JO)[1], yaiku acara olahraga internasional petang tahunan sing nandingaké cabang-cabang olahraga mangsa ketiga lan mangsa rendeng lan dimèloni déning éwonan atlet sing pada saingan ing macem-macem pertandingan olahraga. Olimpiade yaiku kompetisi olahraga paling gedhé lan terkenal ing donya, kanthi luwih saka 200 negara sing pada mèloni.

Awalé, Olimpiade mung mlaku ing Yunani kuno nganti akhiré ing taun 393 M Olimpiade kuno iki dimandekaké déning Kaisar Romawi, Theodosius. Olimpiade salanjuté diuripne menèh déning salah sijining bangsawan Perancis jenengé Pierre Frèdy Baron de Coubertin ing taun 1896. Ing kongres taun 1894 sing diselenggaraké ing Paris, digawé Komite Olimpiade Internasional (IOC) lan ibu kota Yunani, Athena dipilih dadi tuan rumah Olimpiade modern sing kapisan taun 1896. Salanjuté, saka taun 1896 tekan saiki, saben petang taun pisan Olimpiade Mangsa Ketiga terus dienekane kajaba taun-taun ing jaman Perang Donya II. Edisi khusus kanggo olahraga mangsa rendeng; Olimpiade Mangsa Rendeng, lekas diènekaké ing taun 1924. Awalé Olimpiade Mangsa Rendeng dienekake ing tahun sing pada karo Olimpiade Mangsa Ketiga, ananging saka taun 1994 Olimpiade Mangsa Rendeng diènèkaké saben petang taun pisan, karo kaletan wektu rong taun saka Panitia Olimpiade Mangsa Ketiga [2].

Evolusi sing digandrungi dening IOC sing suwéné saka abad 20 tekan 21 wis ndadèkaké pirang-pirang éwah-éwahan ing panyelenggaran Olimpiade. Sak propirané kanggo njumbuhaké dilakokaké, kalebu uga panggawénan Olimpiade Mangsa Rendeng kanggo olahraga es lan salju, Paralimpiade kanggo atlet sing nduwé cacat fisik lan Olimpiade Remaja kanggo para atlet remaja. Ing perkembangané, Olimpiade wés ngadepi macem-macem tantangan, kayadené pada mboikot, migunakake obat-obatan, suap lan terorisme. Olimpiade uga dadi kesempatan gedhé kutha lan negara tuan rumah kanggo ngenalaké awaké déwé ing donya.

Ing Indonesia, Olimpiade sing kerep dikenal lan ajeg dimèloni yaiku Olimpiade Mangsa Ketiga. Indonesia déwé sing kepisan mèloni yaiku Olimpiade Helsinki 1952 ing Finlandia, lan ora tau mbolos mèloni Olimpiade ing taun-taun salanjuté kajaba ing taun 1964 lan 1980.[2].

Olimpiade kuno

Stadion Olimpiade kuno ing Olympia, Yunani.

Wiwit éwonan taun kapungkur bangsa Yunani wés kenal olahraga ing pangertèn sing paling ringkes. Dewèké nglakoni kanggo kepentingan pasukan perang utawa kemiliteran. Kanthi olahraga dikarepaké para prajurit dadi tangkas dan sregep ing perang. Olimpiade sing paling dhisik kacrios wes diselenggarakaké bangsa Yunani kuno ing taun 776 Sadurungé Masehi. Kegiyatan itu dimèloni kabèh bangsa Yunani lan nduwé kagunan kanggo ngurmati dewa sing paling dhuwur, Zeus. Zeus manggon ing Gunung Olimpus sing salanjuté dadi jeneng Olimpiade nganti saiki. Olimpiade kuno uga diselenggarakaké pendak petang taun, para olahragawan paling apik saka Yunani pada teka ing arena cedak Gunung Olimpus. Para olahragawan pada tandhing siji siji, dudu gawa jeneng tim. Para atlet sing arep tandhing luwih dhisik latihan sing tenanan sing suwéné sepuluh wulan ing daérahé dewé-dewé. Jaman Mbiyèn, ing Yunani kerep kedadéan perang sedulur, ananging ing wektu pesta olahraga mlaku, wong sing pada ribut pada nglakoni gencatan senjata. Sapa waé sing nglanggar konsensus bakalé diwènèhi denda. Bangsa Sparta tau dipeksa mbayar denda amarga nglanggar gencatan senjata saksuwéné Perang Peloponnesus. Amèh pertandhingan, panitia pelaksana mbelèh babi kurban.[3][4]

Saiki, ing daérah Olympia, Yunani wes ana bangunan cilik lan gelanggang ing alam terbuka. Sisa-sisa puing gelanggang latihan iku kagolong peninggalan arkeologis sing dilestarèkaké dening pemerintah Yunani. Ing pesta Olimpiade kerep kedadéan perjanjian perdamaian utawa persekutuan antar bangsa. Kedadéan uga pirang-pirang kegiyatan transaksi. Barang-barang sing didol yaiku anggur, panganan, jimat, lan barang-barang ibadah. Olimpiade kuno nandhingaké cabang-cabang atletik misalé mlayu, mencolot, lan mbalang. Ana uga pacuan kuda lan pacuan kereta. Amarga aturané durung tetep, para penonton kerep kena bandeman watu utawa ditabrak kereta jaran para peserta.[5][6][7]

Macemé pertandhingan ing Olimpiade kuno bisa kasebut sarwa atos. Para atlet mlayu pada mlayu sak kenceng-kencengé tanpa nganggo lambaran sikil. Para panunggang jaran pada lomba entèk-entèkan tanpa pelana utawa sanggurdi. Para atlet sing mencolot gawa pemberat sing diayunké kanggo nambah surungan maju. Olahraga sing paling abot yaiku pankration, olahraga nggabungaké gulat lan tinju gaya tradhisional.[8] Para atlet oleh nyépak utawa nekak lawané, sing ora diéntukaké yaiku mencèt mata, nyokot, lan nyeklèkake driji. Fairplay bener-bener digatèkaké para atlet. salah sijining artefak purba ngetokaké adegan tinju antarané rong atlet. Sing menang tinju yaiku pihak sing bisa ngampleng sirah lawané. Pihak sing kalah kudu ngacungaké driji tanda ngaku kalah.[9]

Olimpiade kuno mung entuk ditonton lan dimeloni para pria. Amarga para atlet kudu tandhing nganggo awak ora nganggo busana, kajaba kanggo kesempatan khusus, kaya lomba keréta jaran. Dèwèké nanggo busana manéko warna kanggo nudhuhaké status sosial sing nduwé keréta lan jaran. Kanggo wong Yunani ora nganggo busana dadi cara paling pas kanggo olahraga. Dèwèké bungah menawa duwèni awak sing atletis.[10] Sing menang pertandhingan entuk mahkota godong, kaya godong zaitun liar sing ngganteni medali. Kadang-kadang sing juara diarak mlebu kutha lewat siji bolongan/terowongan sing digawé khusus ing tembok kutha. Dewèké dielu-elu ing dalan kutha lan disambut kanthi wacanan puisi.[11] Hadiah liane kanggo olahragawan sing berprestasi arupa bebas saka pajek lan entuk mangan gratis. Salah sijining kota uga diwènèhi bonus duit sing jumlahé gedhe. Malah ing kutha sing dinggo panggon pemenang digawèkaké patung sing dewèké. Akeh patung watu lan perunggu isih sisa tekan saiki lan iku dadi hadiah sing paling langgeng duwéné sing juara. Salah siji bagian cabang atletik sing isih tetep dikenal tekan saiki yaiku maraton, yaiku perlombaan mlayu sing adohe kira-kira 42 km.[12]

Olimpiade tekan nduwurane ing abad kaping-6 lan kaping-5 SM, ananging sabanjure kanthi alon-alon ngalami kunduran bebarengan kalahe Yunani karo Romawi. ora ana konsensus sing nyatakne kanthi resmi babagan rampunge Olimpiade, ananging teori sing paling umum dicekel saiki yaiku ing taun 393 M, pas Kaisar Romawi, Theodosius nyatakne menawa kabeh budaya praktek-praktek kuno Yunani kudu diilangi.[13] Sabanjure, ing taun 426 M, Theodosius II mrintahake ngrusak kabeh kuil Yunani. Sakwise kui, Olimpiade ora dienekake maneh tekan pungkasan abad 19.[14]

Cathetan suku

  1. "French and English are the official languages for the Olympic Games."Diaksès 7 Juli 2012
  2. a b (ing basa Indonésia)SITUS RESMI KOMITE OLIMPIADE INDONESIADiaksès 19 Juli 2012
  3. Swaddling, Judith (2000). The Ancient Olympic Games (édhisi ka-2). Austin: University of Texas Press. kc. 54. ISBN 0-292-70373-2. OCLC 10759486. {{cite book}}: Cite has empty unknown parameter: |1= (pitulung)diakses 23 Juli 2012
  4. Young (2004), hal. 12
  5. Pausanias, "Elis 1", VII, hal. 7, 9, 10; Pindar, "Olympian 10", hal. 24–77
  6. Richardson (1997), hal. 227
  7. Young (2004), hal. 12–13
  8. "Olympic Games" (registration required). Encyclopædia Britannica. Dibukak ing 29 April 2009.
  9. Spivey (2004), hal. 229–230
  10. Burkert (1983), hal. 95
  11. Swadling (1999), hal. 90–93
  12. Olympic Museum, "The Olympic Games in Antiquity", hal. 2
  13. However, Theodosius' decree contains no specific reference to Olympia (Crowther (2007), hal. 54).
  14. Crowther (2007), hal. 54