Temulawak: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 35: Larik 35:
* Godhong
* Godhong
Saben gagang nduwèni [[godhong]] sing cacahé 2-9 kanthi bentuk bunder ndawa kaya godhong [[gedhang]], wernané [[ijo]] utawa coklat rada [[ungu]], dawané 31-84 cm lan amabané 10-18 cm.
Saben gagang nduwèni [[godhong]] sing cacahé 2-9 kanthi bentuk bunder ndawa kaya godhong [[gedhang]], wernané [[ijo]] utawa coklat rada [[ungu]], dawané 31-84 cm lan amabané 10-18 cm.

* Kembang
Temulawak nduwèni [[kembang]] sing bentuké nggrombol, cendhak lan amba, wernané putih utawa [[kuning]] tuwa lan bongkot kembangé wernané [[ungu]]. Kembang majemuk bentuké ''bulir'', bunder dawa, dawané 9-23 cm, ambané 4-6 cm. Kembang thukul kanthi cara giliran saka kantong-kantong godhong pengayom sing gedhé lan manéka werna ukurané uga wernané. Mahkota kembang wernané [[abang]], bentuké tabung kanthi dawa 4,5 cm, lan mekrok ing wayah ésuk lan alum nalika soré.






Révisi kala 23 Agustus 2012 04.16

Temulawak
Temulawak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Subdhivisi: Angiospermae
Klas: Monocotyledonae
Ordho: Zingiberales
Famili: Zingiberaceae
Génus: Curcuma
Spésies: Curcuma xanthorrhiza ROXB.
Jeneng binomial
Curcuma xanthorrhiza
L.

Temu lawak (Curcuma xanthorhiza L.) (en:Java Turmeric)[1] kuwi tanduran obat-obatan sing kagolong jroning suku pala kapendhem (temu-temuan) (Zingiberaceae). Tanduran iki asalé saka Indonésia, mliginé Pulo Jawa.

Ing Jawa, tanduran iki diarani temulawak, ing Sunda diarani koneng gede, déné ing Madura diarani temu labak.

Tanduran temu lawak bisa tuwuh dhuwuré nganti 2 m, nduwèni kembang awarna kuning. Oyod temu lawak kerep dipigunakaké minangka bahan obat-obatan tradhisional.

Morfologi

Temulawak kalebu tanduran Terne sing nduwèni gagang semu dhapuran, habitusé bisa nganti 2-2,5 mèter, saben dhapuran ana 3-9 anakkan lan saben tanduran nduwèni 2-9 ron. [2]

  • Oyod

Oyod rimpang kawangun kanthi sampurna lan pangé kuat, wernané ijo peteng. Rimpang induk bisa nduwèni 3-4 rimpang. Werna kulit rimpang coklat rada abang utawa kuning tuwa, déné werna dagingé oranye tuwa utawa kuning. Rimpang temulawak kawangun ing jero lemah, jeroné udakara 16 cm. Padatan, saben dhapuran nduwèni 6 rimpang tuwa lan 5 rimpang enom. Khasiat rimpang temulawak yaiku kanggo antiradang, nambah ASI, anti racun empedu, ngudhunaké kolésterol, diurètik, tonikum, lan ngilangaké nyeri ing sendi.

  • Gagang

Temulawak kalebu jinising tanduran hèrba sing gagangé semu lan dhuwuré bisa nganti 2-2,5 mèter, wernané ijo utawa coklat peteng. Godhongé padha nutupi nganti kawangun gagang. Temulawak bisa urip apik ing dhaérah dhataran cendhèk nganti huwur 750 mèter sadhuwuré permukaan segara.

  • Godhong

Saben gagang nduwèni godhong sing cacahé 2-9 kanthi bentuk bunder ndawa kaya godhong gedhang, wernané ijo utawa coklat rada ungu, dawané 31-84 cm lan amabané 10-18 cm.

  • Kembang

Temulawak nduwèni kembang sing bentuké nggrombol, cendhak lan amba, wernané putih utawa kuning tuwa lan bongkot kembangé wernané ungu. Kembang majemuk bentuké bulir, bunder dawa, dawané 9-23 cm, ambané 4-6 cm. Kembang thukul kanthi cara giliran saka kantong-kantong godhong pengayom sing gedhé lan manéka werna ukurané uga wernané. Mahkota kembang wernané abang, bentuké tabung kanthi dawa 4,5 cm, lan mekrok ing wayah ésuk lan alum nalika soré.




Deleng uga

Empon-empon

Cathetan suku

Pranala njaba