Lawa: Béda antara owahan
c bot Mengubah: frr:Fladermüsen→frr:Fladerdiarten |
fix URL prefix |
||
Larik 37: | Larik 37: | ||
Tai lawa bisa dadi [[pupuk]] [[organik]] kanggo [[tanduran]]. <ref name="internet3"/>Pupuk organik iki diproduksi [[industri]] [[Kelurahan Jurumudi Baru]], [[Kecamatan Benda]], Kota [[Tangerang]].<ref name="internet3"/> Pupuk organik saka kotoran lawa iki akeh diminati masyarakat [[Éropa]] awit pupuk iki pupuk organik murni kang ora ana bahan kimiané.<ref name="internet3"/> |
Tai lawa bisa dadi [[pupuk]] [[organik]] kanggo [[tanduran]]. <ref name="internet3"/>Pupuk organik iki diproduksi [[industri]] [[Kelurahan Jurumudi Baru]], [[Kecamatan Benda]], Kota [[Tangerang]].<ref name="internet3"/> Pupuk organik saka kotoran lawa iki akeh diminati masyarakat [[Éropa]] awit pupuk iki pupuk organik murni kang ora ana bahan kimiané.<ref name="internet3"/> |
||
Pupuk saka kotoran lawa iki cocok kanggo pupuk tanduran [[sayur]]-sayuran, [[umbi]], [[rempah]]-rempah, kebun lan tanduran hias.<ref name="internet3"/> Ing Éropa pupuk iki kangggo nyuburaké tanduran ing [[kebon]].<ref name="internet3">{{id}}[http://www.tangerangkota.go.id/mobile/detailberita/2387/790 tangerangkota.go.id](dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)</ref> |
Pupuk saka kotoran lawa iki cocok kanggo pupuk tanduran [[sayur]]-sayuran, [[umbi]], [[rempah]]-rempah, kebun lan tanduran hias.<ref name="internet3"/> Ing Éropa pupuk iki kangggo nyuburaké tanduran ing [[kebon]].<ref name="internet3">{{id}}[http://www.tangerangkota.go.id/mobile/detailberita/2387/790 tangerangkota.go.id](dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)</ref> |
||
Pupuk saka kotoran lawa uga bisa ngrangsang metuné [[kembang]] ing tanduran.<ref name="internet4">{{id}}[ |
Pupuk saka kotoran lawa uga bisa ngrangsang metuné [[kembang]] ing tanduran.<ref name="internet4">{{id}}[http://www.cybertokoh.com/index2.php?option=com_content&do_pdf=1&id=1485/ cybertokoh.com ](dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)</ref> |
||
== Klasifikasi == |
== Klasifikasi == |
Révisi kala 6 Agustus 2012 17.07
Lawa Kalamangsa: Paleosen Akhir - Saiki | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Infraklas: | Eutheria |
Superordho: | Laurasiatheria |
Ordho: | Chiroptera Blumenbach, 1779 |
Subordo | |
Lawa iku mamalia sing bisa mabur, kalebu ordo Chiroptera kanthi loro sikil ngarep tuwuh dadi sewiwi. Lawa biyasané urip lan némplék ing panggonan-panggonan kang sepi kayata gowa, omah kosong. [1]Saliyané iku, lawa uga urip nggantung ing wit-witan.[1] Contoné wit klapa, klapa uga bisa dadi omahé lawa.[1] Lawa biyasané nyerang wit klapa.[1] Lawa uga bisa nggawé wit klapa mati.[1] Ora mung klapa, lawa uga bisa némplék ing tanduran liyané kang nduweni woh.[1] Tanduran kang kerep ditémpléki lawa yaiku pelem, jambu, rambutan, nangka.[1] Lawa nduwéni daya penciuman kang apik, saéngga lawa bisa ngerti woh-wohan kang wis mateng wit.[1] Lawa biyasané mangan woh-wohan kang mateng wit ing wayah bengi.[1]
Dasanama
Lawa nduwéni akéh jeneng. Wong-wong ing Indonésia bagéyan Timur ngarani paniki, niki utawa lawa.[2] Wong Sunda ngarani lalay, kalong, kamprèt.[3] Wong Jawa Tengah ngarani lowo, codhot, kamprét. Suku Dayak ngarani lawa kanthi jeneng hawa, prok, cecadu, kusing utawa tayo. [3]Ananging ana uga kang mbedakaké lawa, codot lan kalong.[3]
Lawa kalebu kéwan kang senengané nggrogoti woh-wohan kang wis mateng. Lawa biyasané metu yén wayah bengi.[3]
Daging
Lawa uga kena diolah dadi menu masakan.[3] Codhot utawa lawa goréng uga nduwéni khasiat kang nambani penyakit. [3] Daging lawa bisa dadi tamba penyakit asma, gatel-gatel utawa alérgi ing kulit, saliyané iku daging lawa uga bisa kanggo tamba penyakit asma.[3] Saiki wis akéh warung-warung dodolan daging lawa.[3] Sadurungé dimasak, daging codhot utawa lawa kudu dipisahké antarané awak lan elar.[3] Kanggo ngilangna wulu-wulu kang alus ing awaké lawa daging iku kudu dibakar. Daging lawa dibakar nganggo areng.[3] Sawisé iku daging lawa banjur dikumbah lan digodhog kurang luwih 30 menit nagnggo areng, banjur daging digoréng.[3] Ananging sadurungé digoréng, daging lawa dibumboni nganggo tumbar, mrica, bawang lan uyah. Sawisé iku daging codhot banjur digoréng saéngga bumbune bisa mresep ing daging lan balungé.[3]
Daging lawa nduwéni senyawa kitotefin kang bisa nyetabilaké membran sel mastosit.[3] Penyakit asma kang disebabaké alergi uga bisa ditambani nganggo senyawa kitotefin.[3] Daging lawa ngrangsang anané antibodi ing awak.[3] Nalika ntibodi iku némplék ing sél matosit bisa nyebabaké membran dadi pecah.[3] Membran kang pecah bisa mbentuk otot-otot polos saluran nafas saengga bisa kontraksi. [3]
Kang kudu digatékaké yaiku carané ngolah daging sadurungé dipangan.[3] Yèn ngolahé salah bisa ngrusak kotitefin kang ana ing daging.[3] Carané ngolah yaiku aja kepanasen yèn masak daging lawa.[3] Suhu kang kanggo masak aja nganti luwih saka 150 derajat Celcius.[3]
Pupuk
Tai lawa bisa dadi pupuk organik kanggo tanduran. [4]Pupuk organik iki diproduksi industri Kelurahan Jurumudi Baru, Kecamatan Benda, Kota Tangerang.[4] Pupuk organik saka kotoran lawa iki akeh diminati masyarakat Éropa awit pupuk iki pupuk organik murni kang ora ana bahan kimiané.[4] Pupuk saka kotoran lawa iki cocok kanggo pupuk tanduran sayur-sayuran, umbi, rempah-rempah, kebun lan tanduran hias.[4] Ing Éropa pupuk iki kangggo nyuburaké tanduran ing kebon.[4] Pupuk saka kotoran lawa uga bisa ngrangsang metuné kembang ing tanduran.[5]
Klasifikasi
- Pteropodidae (codhot)
- Emballonuridae (Lawa buntut-trubus)
- Megadermatidae (Vampir palsu)
- Nycteridae (Lawa rai-cekung)
- Rhinolophidae (Lawa-ladam)
- Hipposideridae (Barong)
- Vespertilionidae (Lawa biasa)
- Molossidae (Lawa lambé-kriput)
Uga pirsani
Cathetan suku
- ↑ a b c d e f g h i (ing basa Indonésia)news.okezone.com(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)nusantaraku.org(dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (ing basa Indonésia)us.surabaya.detik.com(dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)
- ↑ a b c d e (ing basa Indonésia)tangerangkota.go.id(dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)
- ↑ (ing basa Indonésia)cybertokoh.com (dipunundhuh tanggal 26 Mei 2011)