Ketumbar: Béda antara owahan
c r2.7.1) (bot Menambah: af:Koljander |
TjBot (parembugan | pasumbang) c r2.7.2) (bot Menambah: or:ଧଣିଆ |
||
Larik 108: | Larik 108: | ||
[[nn:Koriander]] |
[[nn:Koriander]] |
||
[[no:Koriander]] |
[[no:Koriander]] |
||
[[or:ଧଣିଆ]] |
|||
[[os:Чиндзи]] |
[[os:Чиндзи]] |
||
[[pl:Kolendra siewna]] |
[[pl:Kolendra siewna]] |
Révisi kala 27 Mèi 2012 15.11
Ketumbar | |
---|---|
Ketumbar | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Apiales |
Famili: | Apiaceae |
Génus: | Coriandrum |
Spésies: | C. sativum |
Jeneng binomial | |
Coriandrum sativum L. |
Ketumbar utawa kerep dicekak Tumbar (coriandrum savitum) iku sawijining tetanduran sing kerep dienggo dadi bumbu.[1] Jroning perdagangan obat tumbar dijenengi fructus coriandri. Jroning basa Inggris ditepungi minangka coriander lan ing Amérika ditepungi minangka cilantro. Tetanduran iki asalé saka tlatah Segara Tengah, Wétan Tengah, Éropah kidul lan sekitar Laut Kaspia.
Klasifikasi
Klasifikasi tumbar[2] :
- Kingdom: Plantae (tetanduran)
- Subkingdom: Tracheobionta (tanduran mawa pambuluh)
- Super Divisi: Spermatophyta (ngasilaké wiji)
- Divisi: Magnoliophyta (ana kembangé)
- Kelas: Magnoliopsida (wijiné rong keping/dikotil)
- Sub Kelas: Rosidae
- Ordo: Apiales
- Famili: Apiaceae
- Genus: Coriandrum
- Spesies: Coriandrum sativum L.
Dhèskripsi
Kayadéné sledri, tetanduran iki dhuwuré mung tekan sameter seka lemah. Biasané, tetanduran iki ditandur ing kebon-kebon dhaérah dhataran asor lan pagunungan.
Godhongé ijo kanthi pinggirian mawa grigi. Sauntara kembang mejemuké awangun payung masusun werna putih lan jambon. Wohé wanguné mèh bunder werna kuning masusun, yèn mateng wohé gampang dirontokaké. Wangun woh mèmper karo mrica, wujud wiji cilik-cilik kanthi dhiamèter 1-2 mm. Wohé sing cilik digaringké lan didagangaké, wangun gerusan utawa ora.
Mupangat
Mupangat saka tanduran iki wis akèh dirasakaké ing manéka negara. Tumbar saliyane kanggo bumbu masak uga isa kagunakake kanggo bahan obat-obat tradisonal.[3] Tumbar biasané digunakaké minangka palancar pancernan, peluruh entut (carminative), peluruh ASI (lactago), lan panambah nafsu mangan (stomachica). [3]
- Tumbar isa digunakake obat weteng kembung, carane: tumbar, brambang, pinang sacukupe diuleg nganti alus, terus dicampur banyu nganti rata. Sawise rata ramuan kang wis diuleni banjur ditemplekake ing weteng kang lara.[1]
- Tumbar kanggo obat bileng lan radang payudara carane: tumbar, isi pinang, godhong sirih, rimpang bangle, lan gdhong pacar jawa diuleg nganti alus banjur dicampur banyu. Sawise dicampuri banyu dioleske ing panggon kang lara.[1]
- Tumbar kanggo obat darah tinggi, carane : tumbar lan godhong seledri sacukupe, digodhog nganti umup banjur ditambahi seledri, banjur banyu godhogan disaring lan diombe nalika anget.[1]
- Tumbar kanggo obat pilek, carane : tumbar, jahe, godhong putih, digodhog lan tamabah madu sacukupe, banjur banyune disaring,
yen wis mateng diombe klanthi rutin.[1]
Mupangat sing dijupuk saka tumbar iku saka godhong, wiji, lan woh. Saka kabèh bagéyan iku ana kandhutan arupa sabinene, myrcene, a-terpinene, ocimene, linalool, geraniol, dekanal, desilaldehida, trantridecen, asam petroselinat, asam oktadasenat, d-mannite, skopoletin, p-simena, kamfena, lan felandren.
Khasiaté ora mung minangka palancar pancernan waé. Tumbar uga migunani kanggo ngurangi mumet sirah, muntah-muntah, influenza, wasir, radhang lambung, radhang payudara, campak, masuk angin, tekanan getih dhuwur, lan lemah syahwat.
Cathetan sikil