Kécap: Béda antara owahan
c r2.7.1) (bot Menambah: su:Kécap |
c r2.7.1) (bot Menambah: ar:صوص الصويا |
||
Larik 16: | Larik 16: | ||
[[Kategori:Panganan asil Fermentasi]] |
[[Kategori:Panganan asil Fermentasi]] |
||
[[ar:صوص الصويا]] |
|||
[[ca:Salsa de soia]] |
[[ca:Salsa de soia]] |
||
[[cs:Sójová omáčka]] |
[[cs:Sójová omáčka]] |
Révisi kala 12 Dhésèmber 2011 13.53
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 31 Juli 2011 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 13:53, 12 Dhésèmber 2011 (UTC) (12 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Kécap yaiku bumbu utawa penyedap masakan kang wujudé cairan kang wernané ireng.[1] Kécap rasané ana kang legi lan ana uga kang asin.[1] Bahan dhasar kanggo nggawé kécap yaiku dhele utawa dhelé ireng.[1] Ananging ana uga kécap kang digawe saka banyu klapa. Kécap kang digawé saka banyu klapa umumé rasané asin.[1] Kécap legi biyasané kenthel lan digawé saka dhelé ananging kecap asin umumé luwih éncér lan digawé saka dhelé kanthi komposisi uyah kang luwih akéh, utawa ana uga kang digawé saka iwak laut.[1] Saliyané saka bahan dhasar dhelé utawa dhelé ireng lan banyu klapa, kecap uga ana kang digawé saka ampas padhet saka ampas tahu.[1]
Carane nggawe
Umume kécap digawé lan diprodhuksi ing usaha kang skalané cilik utawa menengah, saliyané iku kécap uga dadi usaha rumah tangga.[2] Ananging saben industri kécap nduwé bumbu rahasia utawa resep khusus saengga rasané kécap kang diasilaké nduwéni rasa kang luwih énak yèn dibandhingaké kécap liyané.[2] Carané nggawé kécap, sepisanan dhelé diferméntasi karo kapang Aspergillus sp. lan Rhizopus sp. [2]Dele banjur dadi kaya témpé dhelé. [2]Témpé iki banjur digaringaké lan direndhem ing larutan uyah.[2] Uyah kalebu senyawa kang selektif karo mikroba.[2] Mung mikroba kang tahan uyah kang bisa thukul ing rendheman dhelé iki.[2] Mikroba kang thukul ing rendeman banyu dhele iki umume mikroba jinis khamir lan bakteri kang tahan uyah kayata khamir Zygosaccharomyces lan bakteri susu Lactobacillus.[2] Mikroba iki bisa ngrombak protein dadi asam-asam amino lan komponen rasa lan aroma. [2]Saliyané iku bakteri jinis iku uga ngasilaké asam.[2]Fermentasi bisa dadi yèn kadar uyah dhuwur yaiku antarané 15 nganti 20%.[2] Bahan-bahan kang dibutuhaké kanggo nggawé kécap yaiku dhelé, uyah, lan laru tempé.[2]
Chatetan suku
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |