Rambutan: Béda antara owahan
Tanpa ringkesan besutan |
|||
Larik 26: | Larik 26: | ||
==Nandur== |
==Nandur== |
||
Wit rambutan bisa ditandur nganggo sistem tiga segi sama, empat segi sama utawa sistem sesiku keluang.<ref name="internet2">{{id}}[http://www.deptan.go.id/tampil.php?page=kelembagaan&id=32](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)</ref> Jarang nandur wit rambutan yaiku 9 m x 9 m x 9 m.<ref name="internet2"/> Kanggo nggemburake lemah bisa dilaksanakake ing awal mangsa udan.<ref name="internet2"/> Kanggo wit kang wis tuwa yaiku 3-4 minggu sawise ngembang. <ref name="internet2"/>Ing sekelilinge wit rambutan bisa ddigemburake lemahe tujuwane kanggo nyuburake lan hawa kang ngandhut nutrisi bisa mlebu. <ref name="internet2"/>Pengapuran bisa dilaksenakake yen pH tanah kurang saka 4,5.<ref name="internet2"/> |
Wit rambutan bisa ditandur nganggo sistem tiga segi sama, empat segi sama utawa sistem sesiku keluang.<ref name="internet2">{{id}}[http://www.deptan.go.id/tampil.php?page=kelembagaan&id=32](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)</ref> Jarang nandur wit rambutan yaiku 9 m x 9 m x 9 m.<ref name="internet2"/> Kanggo nggemburake lemah bisa dilaksanakake ing awal mangsa udan.<ref name="internet2"/> Kanggo wit kang wis tuwa yaiku 3-4 minggu sawise ngembang. <ref name="internet2"/>Ing sekelilinge wit rambutan bisa ddigemburake lemahe tujuwane kanggo nyuburake lan hawa kang ngandhut nutrisi bisa mlebu. <ref name="internet2"/>Pengapuran bisa dilaksenakake yen pH tanah kurang saka 4,5.<ref name="internet2"/> |
||
Rambutan bisa diwenehi pupuk supaya subur. Saliyane pupuk kandang, pupuk gawean kang bisa dianggo yaiku campuran Urea, TSP atau SP-36, lan KCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaket 50-250 gram/tanduran.<ref name="internet4"/> Rambutan dipupuk ping telu saben setaun kanthi jarak wektu patang sasi sepisan.<ref |
Rambutan bisa diwenehi pupuk supaya subur. Saliyane pupuk kandang, pupuk gawean kang bisa dianggo yaiku campuran Urea, TSP atau SP-36, lan KCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaket 50-250 gram/tanduran.<ref name="internet4"/> Rambutan dipupuk ping telu saben setaun kanthi jarak wektu patang sasi sepisan.<ref name="internet4"/> Yen tanduran wis umur 10 taun kudu dipupuk NPK kang cacahe 500 - 1.000 gr saben wit.<ref name="internet4">{{id}}[http://www.proseanet.org/prohati4/printer.php?photoid=371](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)</ref> |
||
==Jinis== |
==Jinis== |
Révisi kala 1 Mèi 2011 12.36
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 31 Mei 2011 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 12:36, 1 Mèi 2011 (UTC) (12 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Rambutan | |
---|---|
Woh rambutan | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Sapindaceae |
Génus: | Nephelium |
Spésies: | N. lappaceum |
Jeneng binomial | |
Nephelium lappaceum L. |
Rambutan , Nephelium lappaceum iku wit sing kalebu ing famili Sapindaceae.[1] Wohé wit iku uga jenengé rambutan. Rambutan akèh ditemokaké ing tlatah tropis, kayata Asia Kidul-Wétan, Asia Kidul, Afrika lan Amérika Kidul.[1]
Ing Indonésia, rambutan sing misuwur asalé saka Sumatra Lor, utamané saka Binjai cedhak Medan.[1] Rambutan(Nephelium sp)kalebu tanduran woh hortikultural.[1] Rambutan nduweni jeneng liya ing Bahasa Inggris yaiku Hairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonesia.[1] Nganti saiki rambutan nyebar ing luar dhaerah kang iklime tropis, kayata Filipina lan negara-negara ing Amerika Latin.[1] Rambutan ditemokake uga ing dhaerah kang nduweni iklim sub-tropis.[1]
Wit rambutan dhuwure bisa nganti 20 meter lan nduweni kenopi kang nggrembuyeng.[2] Wit rambutan batang utamane gedhe lan cendhek .[2] Kulit wit lan pange wernane coklat tuwa lan ana putih-putih cilik ing kulite.[2] Godhong rambutan ambune rada wangi, godhonge rada lunyu lan nduweni wulu sithik.[2]Kembang rambutan ana kang diarani kembang lanang lan kembang wedhok.[2] Rambutan merlokake kewan kaya srangga kanggo penyerbukan.[2] Woh rambutan bentuke bujur utawa lonjong meh bunder lan ukurane kurang luwih 5 cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti 130 dina sawise ngembang.[2]
Nandur
Wit rambutan bisa ditandur nganggo sistem tiga segi sama, empat segi sama utawa sistem sesiku keluang.[2] Jarang nandur wit rambutan yaiku 9 m x 9 m x 9 m.[2] Kanggo nggemburake lemah bisa dilaksanakake ing awal mangsa udan.[2] Kanggo wit kang wis tuwa yaiku 3-4 minggu sawise ngembang. [2]Ing sekelilinge wit rambutan bisa ddigemburake lemahe tujuwane kanggo nyuburake lan hawa kang ngandhut nutrisi bisa mlebu. [2]Pengapuran bisa dilaksenakake yen pH tanah kurang saka 4,5.[2] Rambutan bisa diwenehi pupuk supaya subur. Saliyane pupuk kandang, pupuk gawean kang bisa dianggo yaiku campuran Urea, TSP atau SP-36, lan KCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaket 50-250 gram/tanduran.[3] Rambutan dipupuk ping telu saben setaun kanthi jarak wektu patang sasi sepisan.[3] Yen tanduran wis umur 10 taun kudu dipupuk NPK kang cacahe 500 - 1.000 gr saben wit.[3]
Jinis
Saka panaliten lan survey ditemokake ana 22 jinis rambutan. [1]Asale ana sing saka galur murni lan ana uga kang asil okulasi utawa nggabungake saka rong jenis galur kang beda.[1] Ciri-ciri kang mbedakake saben jinis rambutan bisa didelok saka sifate woh rambutan.[1] Sifat woh rambutan bisa didelok saka daging woh rambutan, akeh sithike banyu ing woh rambutan, bentuk, werna kulit, lan dawane rambut rambutan.[1] Ana varietas rambutan kang paling disenengi amarga rasane kang enak lan nilai ekonomis kang relatif dhuwur.[1]
Rambutan Rapiah
Rambutan rapiah wohe ora patia akeh nanging buah iki mutune apik, kulit wohe rupane ijo-kuning-abang ora rata.[1] Rambutan rapiah rambute arang-arang.[1] Daging woh rambutan rasane legi, kenyal, lan ngelotok.[1] Daging wohe uga kandel lan bisa tahan nganti 6 dina sawise dipetik.[1]
Rambutan Aceh Lebak bulus
Rambutan iki wite dhuwur lan wohe akeh. Asile kurang luwih 160-170 gendhel saben wit. [1]Kulit wohe wernane abang, kuning lan alus. Rambutan iki rasane seger legi lan kecut.[1] Rambutan aceh lebak bulus ngandhut akeh banyu lan ngelotok. [1]Wohe bisa awet nganti 4 dina sawise kapethik, saliyane iku woh rambutan iki uga tahan ing pengangkutan.[1]
Rambutan Cimacan
Rambutan iki wohe akeh. [1]Saben wit kurang luwih 90 nganti 170 iket.[1] Kulite wrnane abang rada kuning, ana uga kang abang tuwa. [1]Rambute kasar lan rada jarang, rasane legi lan banyune sithik. [1]rambutan Cimacan kurang tahan ing pangangkutan.[1]
Rambutan Binjai
Rambutan jinis iki kalebu rambutan kang paling apik ing Indonesia. [1]Wohe gedhe lan kulite wrnane abang tuwa.[1] Rambutan iki rambute rada kasar lan arang, rasane legi lan rada kecut. [1]Asil wohe ora saakeh woh ace lebak bulus ananging daginge nglothok.[1]
Rambutan Sinyonya
Jinis rambutan iki nduweni woh kang akeh lan disenengi utamane wong Tionghoa.[1] Wit lan pang-pange kang kuwat pas yen diokulasi. [1]Rambutan iki werna kulite abang tuwa nganti abang anggur lan nduweni rambut alus lan kerep utawa rapet. [1]Wohe rasane legi rada kecut, akeh banyune lan empuk.[1] Rambutan sinyonya kalebu rambutan kang ora nglothok.[1]
Kebak Ing Guna
RAmbutan dibudidayajaje lan dimanfaatke wohe.[4] Woh rambutan ngandhut gizi, zat tepung, zat enzim-enzim kang esensial lan nonesensial, vitamin, zat mineral makro, mikro kang nyehatake.[4] Ana uga kang ndadekake wit rambutan dadi wit kanggo ayom-ayom ing pekarangan omah lan dadi tanduran hias.[4]
Sentra Tanduran
Ing Indonesia kang dadi sentra tanduran rambutan yaiku ing Pulo Jawa khususe ing Bekasi, Kuningan, Malang, Probolinggo, Lumajang lan ing Garut.
Chatetan suku
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai (ing basa Indonésia)[1](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n (ing basa Indonésia)[2](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)[3](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c (ing basa Indonésia)[4](dipunundhuh tanggal 1 mei 2011)