Pitik: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Sam Hidayat (parembugan | pasumbang)
Tanpa ringkesan besutan
Isih akeh istilah saliya basa Jawa. Nuwun.
Larik 15: Larik 15:
|trinomial=''Gallus gallus domesticus''|author=[[Carolus Linnaeus|Linnaeus]]|date = [[1758]]
|trinomial=''Gallus gallus domesticus''|author=[[Carolus Linnaeus|Linnaeus]]|date = [[1758]]
}}
}}
'''Pitik ingon''' ([[Basa krama]]: '''ayam'''; [[Basa Latin|Latin]]: ''Gallus gallus domesticus'') iku [[unggas]] kang biyasa diingu wong kang dimanfaataké kanggo kaperluan urip wong kang ngingu. Pitik ingon (sabanjuré disingkat "pitik" waé) wujud keturunan langsung saka salah siji subspesies [[pitik alas]] kang ditepungi minangka [[pitik alas abang]] (''Gallus gallus'') utawa pitik [[bangkiwa]] (''bankiva fowl''). Kawin silang antarané pitik wis ngasilaké atusan [[galur]] unggul utawa galur murni kanthi manéka fungsi; kang paling umum ya iku pitik [[potong]] (kanggo dipotong) lan pitik pangendhog (kanggo dijupuk endhogé). Pitik biyasa bisa uga dikawin silang karo kerabat ceraké, [[pitik alas ijo]], kang ngasilaké [[hibrida mandhul]] kang jagoné ditepungi minangka [[pitik bekisar]].
'''Pitik ingon''' ([[Basa krama]]: '''ayam'''; [[Basa Latin|Latin]]: ''Gallus gallus domesticus'') iku [[unggas|wangsa manuk]] kang lumrah diingu wong kang digunakaké kanggo kapreluan urip wong kang ngingu. Pitik ingon (sabanjuré disingkat "pitik" waé) wujud tedhak turun langsung saka salah siji bagapapligi (Ind: subspesies) [[pitik alas]] kang ditepungi minangka [[pitik alas abang]] (''Gallus gallus'') utawa pitik [[bangkiwa]] (''bankiva fowl''). Kawin silang antarané pitik wis ngasilaké atusan [[galur]] unggul utawa galur murni kanthi guna kang warna-warna; kang paling lumrah ya iku pitik beleh (kanggo dibeleh) lan pitik pangendhog (kanggo dijupuk endhogé). Pitik lumrah bisa uga dikawin silang karo sanak cedhaké, [[pitik alas ijo]], kang ngasilaké silangan gabug kang jagoné ditepungi minangka [[pitik bekisar]].


Kanthi populasi punjul 24 milyar ing taun 2003, ''Firefly's Bird Encyclopaedia'' nélakaké ana luwih akèh pitik ing donya iki tinimbang manuk liyané. Pitik nyedhiakaké loro kaperlon pokok dièt manungsa minangka sumber [[protéin]]: [[daging pitik]] lan [[endhog]].
Kanthi populasi punjul 24 milyar ing taun 2003, ''Firefly's Bird Encyclopaedia'' nélakaké ana luwih akèh pitik ing donya iki tinimbang manuk liyané. Pitik nyepakaké loro kaperlon pokok pangan manungsa minangka sumber [[protéin]]: [[daging pitik]] lan [[endhog]].


== Biologi lan Habitat ==
== Jiwawidya lan Jiwasana ==
Pitik dipercaya para ahli asalé saka [[domestikasi]] pitik [[alas abang]] (pitik bangkiwa, ''Gallus gallus'') kang urip ing [[India]]. Sanajan mangkono, pangujian molekular nuduhaké kamungelan sumbangan plasma nutfah saka ''G. sonneratii'', amarga pitik alas abang ora duwé sipat kulit warna kuning kang dadi salah siji ciri pitik ingon.
Pitik dipracaya para juru widya yen wiwitané saka parilulut (Ind: domestikasi) pitik [[alas abang]] (pitik bangkiwa, ''Gallus gallus'') kang urip ing [[India]]. Sanadyan mangkono, pangujian molekular nuduhaké kamungelan sumbangan plasma nutpah saka ''G. sonneratii'', amarga pitik alas abang ora duwé sipat kulit warna kuning kang dadi salah siji ciri pitik ingon.


Pitik nuduhaké pabédan morfologi ing antarané rong tipe [[kelamin]] (dimorfisme sèksual). Pitik lanang (''jago'', ''rooster'') luwih atraktif, kanthi ukuran luwih gedhé, duwé [[jalu]] dawa, duwé [[jengger]] luwih gedhé, lan [[wulu]] buntuté dawa "njuntai". Pitik wadon (''babon'', ''hen'') rada cilik ukurané, jalu cendhak utawa mèh ora katon, duwé jengger cilik, lan wulu buntut cendhak.
Pitik nuduhaké béda rupawidya (Ind: morfologi) ing antarané rong jinis purusa (dimorfisme sèksual). Pitik lanang (''jago'', ''rooster'') luwih anêngsêmake, kanthi ukuran luwih gedhé, duwé [[jalu]] dawa, duwé [[jengger]] luwih gedhé, lan [[wulu]] buntuté dawa "njuntai". Pitik wadon (''babon'', ''hen'') rada cilik ukurané, jalu cendhak utawa mèh ora katon, duwé jengger cilik, lan wulu buntut cendhak.


Minangka kéwan ingon, pitik bisa mèlu ing ngendi waé manungsa nggawa. Kéwan iki adaptif banget lan bisa dinyatakaké bisa urip ing sembarang papan, asal sumadiya pangan kanggo pitik mau. Amarga akèh pitik ingon wis kèlangan kakuwatane kanggo mabur kang apik, pitik luwih akèh ngentèkaké wektu ing lemah utawa sok-sok ing wit.
Minangka kéwan ingon, pitik bisa mèlu ing ngendi waé manungsa gawa. Kéwan iki adaptif banget lan bisa dikandhakaké bisa urip ing sembarang papan, asal cepak pangan kanggo pitik mau. Amarga akèh pitik ingon wis kèlangan kakuwatane kanggo mabur kang apik, pitik luwih akèh ngentèkaké wektu ing lemah utawa sok-sok ing wit.


Pitik ukurané cilik sok-sok dipangan déning unggas pamangsa, kaya ta [[garudha]].
Pitik ukurané cilik sok-sok dipangan déning wangsa manuk pamangsa, kaya ta [[garudha]].


[[Gambar:Chicken eggs.jpg|jmpl|Endhog pitik.]]
[[Gambar:Chicken eggs.jpg|jmpl|Endhog pitik.]]
[[Gambar:Rooster crowing.jpg|jmpl|Pitik jago kang lagi kluruk ésuk-ésuk]]
[[Gambar:Rooster crowing.jpg|jmpl|Pitik jago kang lagi kluruk ésuk-ésuk]]


== Macem-macemé ==
== Jinis-jinisé ==
Amarga pitik kalebu unggas ingon populèr lan murah, muncul manéka istilah tèknis akibat kagiyatan panangkaran lan paternakan pitik.
Amarga pitik kalebu unggas ingon sinuka (Ind: populer) lan murah, muncul manéka têtêmbungan pligi amarga kagiyatan panangkaran lan paternakan pitik.


;Miturut fungsi
;Miturut Guna
Miturut fungsiné, wong nepungi
Miturut fungsiné, wong nepungi
* [[pitik pedaging]] utawa pitik potong (''broiler''), kanggo dimupangataké dagingé;
* [[pitik pedaging]] utawa pitik potong (''broiler''), kanggo dimupangataké dagingé;

Révisi kala 25 Maret 2021 08.10

Pitik
Pitik jago lan babon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Génus: Gallus
Spésies: G. gallus
Subspésies: G. g. domesticus
Trinomial name
Gallus gallus domesticus

Pitik ingon (Basa krama: ayam; Latin: Gallus gallus domesticus) iku wangsa manuk kang lumrah diingu wong kang digunakaké kanggo kapreluan urip wong kang ngingu. Pitik ingon (sabanjuré disingkat "pitik" waé) wujud tedhak turun langsung saka salah siji bagapapligi (Ind: subspesies) pitik alas kang ditepungi minangka pitik alas abang (Gallus gallus) utawa pitik bangkiwa (bankiva fowl). Kawin silang antarané pitik wis ngasilaké atusan galur unggul utawa galur murni kanthi guna kang warna-warna; kang paling lumrah ya iku pitik beleh (kanggo dibeleh) lan pitik pangendhog (kanggo dijupuk endhogé). Pitik lumrah bisa uga dikawin silang karo sanak cedhaké, pitik alas ijo, kang ngasilaké silangan gabug kang jagoné ditepungi minangka pitik bekisar.

Kanthi populasi punjul 24 milyar ing taun 2003, Firefly's Bird Encyclopaedia nélakaké ana luwih akèh pitik ing donya iki tinimbang manuk liyané. Pitik nyepakaké loro kaperlon pokok pangan manungsa minangka sumber protéin: daging pitik lan endhog.

Jiwawidya lan Jiwasana

Pitik dipracaya para juru widya yen wiwitané saka parilulut (Ind: domestikasi) pitik alas abang (pitik bangkiwa, Gallus gallus) kang urip ing India. Sanadyan mangkono, pangujian molekular nuduhaké kamungelan sumbangan plasma nutpah saka G. sonneratii, amarga pitik alas abang ora duwé sipat kulit warna kuning kang dadi salah siji ciri pitik ingon.

Pitik nuduhaké béda rupawidya (Ind: morfologi) ing antarané rong jinis purusa (dimorfisme sèksual). Pitik lanang (jago, rooster) luwih anêngsêmake, kanthi ukuran luwih gedhé, duwé jalu dawa, duwé jengger luwih gedhé, lan wulu buntuté dawa "njuntai". Pitik wadon (babon, hen) rada cilik ukurané, jalu cendhak utawa mèh ora katon, duwé jengger cilik, lan wulu buntut cendhak.

Minangka kéwan ingon, pitik bisa mèlu ing ngendi waé manungsa gawa. Kéwan iki adaptif banget lan bisa dikandhakaké bisa urip ing sembarang papan, asal cepak pangan kanggo pitik mau. Amarga akèh pitik ingon wis kèlangan kakuwatane kanggo mabur kang apik, pitik luwih akèh ngentèkaké wektu ing lemah utawa sok-sok ing wit.

Pitik ukurané cilik sok-sok dipangan déning wangsa manuk pamangsa, kaya ta garudha.

Endhog pitik.
Pitik jago kang lagi kluruk ésuk-ésuk

Jinis-jinisé

Amarga pitik kalebu unggas ingon sinuka (Ind: populer) lan murah, muncul manéka têtêmbungan pligi amarga kagiyatan panangkaran lan paternakan pitik.

Miturut Guna

Miturut fungsiné, wong nepungi

  • pitik pedaging utawa pitik potong (broiler), kanggo dimupangataké dagingé;
  • pitik pangendhog (layer), kanggo dimupangataké endhogé;
  • pitik hias utawa pitik klangenan (pet), kanggo diumbar ing kebon/taman utawa dingu sajeroning kurungan amarga èdining panampilan utawa suwarané (contoné pitik katé lan pitik pelung; pitik bekisar bisa uga digolongaké ing kéné sanajan dudu pitik ingon sajati);
  • pitik adon, kanggo didadèkaké dolanan adu pitik.

Istilah ayam sayur dipigunakaké kanggo pitik kampung utawa pitik adon kang kerep kalah, lan ora diselèksi mirunggan minangka pitik pedaging.

Miturut ras

Ana sapérangan ras lokal pitik amarga kegiyatan domestikasi lan selèksi kanggo sipat/panampilan tinentu, kaya déné

  • pitik pelung, ras lokal lan unggul saka Priangan (Kabupatèn Cianjur) kang kluruké kas (dawa lan nadané unik), kalebu pitik hias;
  • pitik Kedu cemani, ras lokal lan mulya saka tlatah Kedu kanthi ciri kas warna itheng thuntheng nganti moncong lan dagingé, kalebu pitik pedaging lan pitik hias;
  • pitik Nunukan, ras lokal lan mulya saka Nunukan, Kalimantan Wétan, kanthi wangun badan tegap lan ukuran gedhé, keturunan pitik adon, kalebu pitik pedaging lan hias;

Ana uga sapérangan istilah kanggu menyebut panampilan fenotipe tinentu, nanging sipat iku ora mlebu sajeroning ras tinentu, kaya déné

  • pitik walik, pitik kanthi wulu kang ora nutupi badan nanging njegrak;
  • pitik Bali, pitik mawa gulu tanpa wulu lan jambul ing endhasé, saiki wiwit ditangkaraké murni.
Pitik "bantam", sawijining ras murni setengah katé asil selèksi
  • pitik katé, istilah umum kanggo pitik kanthi ukuran cilik (proporsi dawané sikil karo ukuran badan luwih cilik tinimbang pitik "normal"), ana manéka ras lokal lan ras murni selèksi kang kalebu kategori iki

Pirsani uga